bilih tembung negor, siti, paculi, wit, rabuk saha awoh menika kangge
nyethakaken topikipun inggih menika bab tetanen. Pramila wontenipun kohesi leksikal
kolokasi ing tuturan inggil menika ginanipun kangge nuntasaken topik, topik
ingkang dipuncethakaken inggih menika bab tetanen. Data
menika salajengipun dipunanalisis kados ing ngandhap menika.
50 a ingkang gadhah badhe negor 50 b nanging ingkang ngurus kebon anggur matur
50 c bendara, kajengipun gesang setaun engkas 50 d siti sakubengipun badhe kula paculi
50 e lan wit punika badhe kula rabuk 50 f bokmenawi taun ngajeng saged awoh
50 g menawi boten, inggih lajeng kategora kemawon Data
ing nginggil salajengipun dipunanalisis kanthi teknik lesap kados ing ngandhap menika.
50 h Ingkang gadhah badhe Ø, nanging ingkang ngurus kebon anggur matur, “Bendara, kajengipun gesang setaun engkas, Ø sakubengipun
badhe kula Ø lan Ø punika badhe kula Ø, bokmenawi taun ngajeng saged Ø; menawi boten, inggi
h lajeng kategora kemawon.”
Kanthi teknik lesap ing nginggil nedahaken bilih tembung negor, siti, paculi, wit, rabuk saha awoh menawi dipunlesapaken, ndadosaken tuturan
kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi tuturanipun tidak berterima
.
e. Hiponimi
Panandha kohesi leksikal hiponimi ingkang kapanggihaken wonten salebeting
“Khotbah Jangkep” wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013 saged dipunwaos wonten ing ngandhap menika.
Bumi saisinipun punika titahipun Gusti. Miturut kapitadosan, bumi punika dipun kuwasani dening manungsa. Nanging Juru Masmur ngraos-
raosaken lan ngrumaosi, menawi dipun bandhingaken kaliyan bumi
saisinipun, manungsa boten wonten punapa-punapanipun. Dipun bandhingaken langit, rembulan, lan lintang, manungsa namung alit,
data 13 KJ 1 Januari.
Wonten data 13 ing nginggil menika nedahaken panandha kohesi leksikal hiponimi
. Bab menika jalaran dipunpanggihaken satuan lingual awujud frasa
bumi saisinipun saha tembung langit, rembulan, lintang saha manungsa. Ing tuturan kasebat saged dipuntingali bilih frasa bumi saisinipun menika
minangka superordinat utawi panguwaosing tembung, dene tembung langit, rembulan, lintang saha manungsa minangka hiponim utawi peranganipun.
Wontenipun frasa bumi saisinipun saha tembung langit, rembulan, lintang saha manungsa menika njurung gemblengipun antawisipun ukara-ukara
ing nginggil. Pramila wontenipun kohesi leksikal hiponimi menika ginanipun kangge ngraketaken gegayutan antawisipun superordinate utawi panguwaosing
tembung inggih menika frasa bumi saisinipun kaliyan hiponiminipun utawi peranganipun, inggih menika tembung langit, rembulan, lintang saha manungsa.
Data menika salajengipun dipunanalisis kados ing ngandhap menika.
13 a bumi saisinipun punika titahipun Gusti 13 b miturut kapitadosan
13 c bumi punika dipun kuwasani dening manungsa 13 d nanging Juru Masmur ngraos-raosaken lan ngrumaosi
13 e menawi dipun bandhingaken kaliyan bumi saisinipun 13 f manungsa boten wonten punapa-punapanipun
13 g dipunbandhingaken langit, rembulan, lan lintang 13 h manungsa namung alit
Data ing nginggil salajengipun dipunanalisis kanthi teknik lesap kados ing
ngandhap menika.
13 i Ø punika titahipun Gusti. Miturut kapitadosan, bumi punika dipun kuwasani dening manungsa. Nanging Juru Masmur ngraos-raosaken lan
ngrumaosi, menawi dipun bandhingaken kaliyan bumi saisinipun, manungsa boten wonten punapa-punapanipun. Dipun bandhingaken Ø, Ø,
lan Ø, Ø namung alit,
Kanthi teknik lesap ing nginggil nedahaken bilih frasa bumi saisinipun saha tembung langit, rembulan, lintang saha manungsa menawi
dipunlesapaken, tuturan kasebat mboten nuwuhaken makna ingkang wetah utawi
tuturanipun tidak berterima. Bab menika nedahaken bilih frasa bumi saisinipun minangka superordinat saha tembung langit, rembulan, lintang saha manungsa
minangka hiponim kedah wajib hadir.
f. Ekuivalensi
Panandha kohesi leksikal ekuivalensi ingkang kapanggihaken wonten salebeting
“Khotbah Jangkep” wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013 saged dipunwaos wonten ing ngandhap menika.
Nanging menawi amargi sasekecanipun piyambak lajeng ingkang kita kwasani risak utawi musna, boten wonten malih ingkang saged kita
kwasani. Saged ugi kita ndherek musna. Menawi kita ngwasani bumi lan tumindak sasekecanipun piyambak lajeng bumi punika musna, data 11 KJ
1 Januari.
Wonten data 11 ing nginggil menika nedahaken panandha kohesi leksikal ekuivalensi
. Bab menika jalaran dipunpanggihaken satuan lingual awujud
tembung kwasani saha ngwasani. Ing tuturan menika saged dipuntingali bilih tembung kwasani saha ngwasani menika nedahaken sesambetan kesepadanan
amargi asalipun saking tembung lingga ingkang sami, inggih menika tembung kwasa.
Ekuivalensi menika ginanipun kangge nedahaken sesambetan kesepadanan
antawisipun ukara setunggal kaliyan ukara sanesipun, kanthi titikan wontenipun