BAB V PANUTUP
A. Dudutan
Adhedhasar asiling panaliten saha pirembagan babagan panandha kohesi gramatikal
saha leksikal wonten salebeting “Khotbah Jangkep” ing Gereja
Kristen Jawa GKJ wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013, saged dipunpendhet
dudutan kados ing ngandhap menika.
1. Jinisipun panandha kohesi ingkang dipunpanggihaken wonten salebeting
“Khotbah Jangkep” wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013 wonten kalih inggih menika.
a. Panandha Kohesi Gramatikal
1 Referensi ingkang kapanggihaken antawisipun referensi persona, referensi demonstratif
, saha referensi komparatif. 2 Substitusi ingkang kapanggihaken antawisipun substitusi nominal,
substitusi frasal , saha substitusi klausal.
3 Elipsis 4 Konjungsi ingkang kapanggihaken antawisipun sebab-akibat,
pertentangan , kelebihan aksesif, tujuan, penambahan aditif,
pilihan alternatif, wekdal, perlawanan, konsesif, syarat, saha cara.
b. Panandha Kohesi Leksikal 1 Repetisi ingkang kapanggihaken antawisipun repetisi anafora, repetisi
epistrofa , repetisi epizeuksis, saha repetisi anadiplosis.
2 sinonimi 3 antonimi
4 Kolokasi 5 Hiponimi
6 Ekuivalensi 2.
Fungsi panandha kohesi gramatikal saha leksikal wonten salebeting “Khotbah Jangkep” wedalan 1 Januari – 31 Maret 2013 ingkang
kapanggihaken, kados ing ngandhap menika. a.
Panandha Kohesi Gramatikal 1 Referensi fungsinipun kangge nedahaken satunggaling tiyang
pronomina persona, kangge nedahaken satunggaling wekdal saha papan pronomina demonstratif, saha kangge nedahaken satunggaling
perkawis ingkang mbandhingaken. 2 Substitusi fungsinipun kangge nedahaken unsur pembeda.
3 Elipsis fungsinipun kangge efektivitas saha efisiensi panganggening basa.
4 Konjungsi fungsinipun kangge panyambung utawi panggandheng antawisipun satuan lingual tartamtu kaliyan satuan lingual sanesipun.
b. Panandha Kohesi Leksikal 1 Repetisi fungsinipun inggih menika kangge paring tekanan utawi
nyethakaken satunggaling perkawis ingkang dipunanggep wigati wonten salebeting konteks.
2 Sinonimi fungsinipun inggih menika kangge damel variasi ing teks.
3 Antonimi fungsinipun inggih menika kangge kangge nyethakaken gayutaning makna kosok wangsulipun.
4 Kolokasi fungsinipun inggih menika kangge nuntasaken topik. 5 Hiponimi fungsinipun inggih menika kangge kangge ngraketaken
gegayutan antawisipun superordinat kaliyan hiponim salebeting ukara- ukara satunggaling paragrap.
6 Ekuivalensi fungsinipun inggih menika kangge nedahaken sesambetan kesepadanan
antawisipun satuan lingual tartamtu kaliyan satuan lingual
sanesipun.
B. Implikasi