Kohesi Leksikal Andharan Teori

3. Antonimi

Antonimi utawi kosok wangsul inggih menika tembung, frasa utawi ukara ingkang gadhah teges walikanipun kaliyan tembung, frasa, utawi ukara sanesipun Sasangka, 2001: 188. Gayut kaliyan andharinipun Sasangka, Sumarlam 2003: 40 ngandharaken bilih antonimi menika satuan lingual ingkang gadhah teges kosok wangsulipun utawi gadhah sipat oposisi kaliyan satuan lingual sanesipun. Antonimi ugi dipunsebat oposisi makna. Ing bukunipun, Sumarlam ngandharaken bilih oposisi makna saged kaperang dados gangsal, inggih menika 1 oposisi mutlak , 2 oposisi kutub, 3 oposisi hubungan, 4 oposisi hirarkial, 5 oposisi majemuk . Andharan jinisipun oposisi makna ing nginggil, badhe dipunandharaken wonten ing ngandhap menika. 1. Oposisi Mutlak Oposisi mutlak inggih menika kosok wangsulipun makna kanthi mutlak. Tuladhanipun saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Mati uripku dakpasrahake marang Gusti Allah. Sasangka, 2001: 188 Wonten tuturan ing nginggil wonten perangan ingkang nedahaken antonimi mutlak , inggih menika tembung mati kaliyan urip ingkang sami gadhah kosok wangsulipun. 2. Oposisi Kutub Oposisi kutub inggih menika oposisi makna ingkang sipatipun mboten mutlak , ananging sipatipun gradasi. Tegesipun, wonten tingkatan makna salebeting tembung-tembung kasebat. Tuladhanipun saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Kabeh uwong bisa kuliah ing kene, sugih mlarat ora kena kang dibedakake. Sasangka, 2001: 188 Wonten tuturan ing nginggil wonten perangan ingkang nedahaken antonimi kutub , inggih menika tembung sugih kaliyan mlarat ingkang gadhah gradasi oposisi . Kekalihipun nedahaken wonten gradasi sugih banget, sugih, rada sugih, rada mlarat, mlarat, mlarat banget tumrap pagesangan manungsa. 3. Oposisi Hubungan Oposisi hubunga n inggih menika oposisi makna ingkang sipatipun sami anjangkepi, amargi oposisi menika gadhah sipat ingkang sami anjangkepi, antawisipun tembung satunggal kaliyan sanesipun. Tuladhanipun saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Bu Rini menika guru ingkang ayu saha pinter. Panjenenganipun ugi pinter anggenipun ngandharaken materi piwulangan ing kelas, saengga sedaya murid remen kaliyan panjenenganipun. Sumarlam, 2003: 42 Wonten tuturan ing nginggil wonten perangan ingkang nedahaken antonimi oposisi hubungan , inggih menika tembung murid kaliyan guru ingkang gadhah sipat oposisi hubungan. Kekalihipun nedahaken wonten gayutipun utawi sami anjangkepi antawisipun murid kaliyan guru. 4. Oposisi Hirarkial Oposisi hirarkial inggih menika oposisi makna ingkang nedahaken urutan utawi tingkatan. Satuan lingual ingkang nedahaken oposisi hirarkial mliginipun tembung-tembung ukuran dawa, bobot, isi, tembung petungan, tanggalan saha sanesipun. Tuladhanipun saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Sampun pinten-pinten minggu, malah piinten-pinten wulan anggenipun Shinta nengga kabar saking kekasihipun ingkang saweg tugas ing luar nagari. Sasampunipun pinten-pinten taun mboten wonten kabar saking