4. Khotbah inggih menika penyampaian Firman Tuhan saking kitab suci
kanthi topik saha materi tartamtu, kanthi ancas dening tiyang kathah miturut kahananipun.
5. “Khotbah Jangkep” inggih menika kumpulan teks khotbah ingkang
dipunginakaken dening umat kristen ing Gereja Kristen Jawa GKJ. “Khotbah Jangkep” menika dipunwedalaken dening BAPELSIN Badan
Pelaksana Sinode XXVI GKJ bidang PWG saben satunggal wulan
sepisan. Mula bukanipun “Khotbah Jangkep” mligi dipunginakaken
kangge pendeta saha Majelis Gereja, amargi paedahipun wigati sanget kangge jemaat, sakmenika
“Khotbah Jangkep” saged dipunpanggihaken ing internet kanthi cara dipunundhuh ing situs resmi www.gkj.or.id.
BAB II GEGARAN TEORI
A. Andharan Teori
1. Wacana
Tembung “wacana” menawi dipuntingali kanthi etimologis, asalipun saking basa ngamanca inggih menika Sanskerta wacwakvak, ingkang tegesipun
‘berkata’, ‘berucap’ utawi micara. Tembung wac ing morfologi basa Sanskerta, kalebet tembung kriya golongan III parasmaepada m ingkang sipatipun aktif ,
inggih menika ‘nindakaken ujaran utawi micara’. Sufiks pungkasan ana, gadhah teges ‘membendakan’ nominalisasi. Saengga, tembung wacana saged
dipuntegesi ‘ujaran’ utawi ‘tuturan’ Mulyana, 2005: 1-3. Mulyana kanthi andharan sanes ugi paring pamanggih tegesipun wacana inggih menika, salah
satunggaling perangan basa ingkang kompleks saha paling jangkep. Perangan salebeting wacana ngemot kados dene fonem, morfem, tembung, frasa, klausa,
ukara, paragrap, dumugi setunggal karangan wutuh minangka satuan pendukung kebahasaan
. Gayut kaliyan andharanipun Mulyana, Tarigan 1987: 27 ngandharaken
pamanggihipun babagan pangertosan wacana inggih menika perangan basa ingkang jangkep, langkung inggil saking klausa saha ukara, gadhah kohesi saha
koherensi ingkang sae
, sinambung saking purwaka dumugi wasana, saha saged dipunandharaken
kanthi lisan utawi tulis. Pangertosan kasebat nedahaken bilih