Lamaran Tatacara upacara pawiwahan

151 lamaran dipunaturaken, nanging nengga lamaran kasebut dipunrembag dening kaluwarga. Nanging ing wekdal samenika acara lamaranipun sampun beda lelampahanipun. Amargi calon penganten kekalih limrahipun sampun sumerep, saengga sasampunipun sarujuk kangge nikah, surat lamaran menika dipunlampahaken minangka pralambang kangge ngandharaken niat kangge krama kaliyan calon penganten putri.

g. Paningset

Sasampunipun lamaran dipuntampi, pihak calon penganten kakung nyukani paningset utawi tandha pangiket pirembagan. Tembung paningset asalipun saking tembung singset, inggih menika tali ingkang kuwat. Paningset awujud usaha saking tiyang sepuhipun calon penganten kakung kangge ngiket wanita ingkang badhe dipundadosaken mantu. Ancasipun paningset menika inggih menika supados calon suami istri boten milih jodho sanesipun Pringgawidagda, 2006: 39. Ubarampe paningset ingkang wonten ing Serat Centhini dipunsebataken wonten ing jilid II pupuh 129 sekar Mijil pada 24 dumugi 26 ing ngandhap menika. Nuwun ingkang kawula tampeni, warni pao-pao, isi arta kalih sami talen, supe lintring panganten kakalih, sinjang lurik bathik, anyatunggal among. Kasumekan lalemes myang bathik, sami anyawiyos, pisang ayu saabon- abone, dharan jadah jenang pondhoh wajik, lah-olahan inggih, pepak warninipun. Pecel ayam jangan menir mranti, sekulipun golong, amepeki dharan wowohane, pala pendhem kasimpar menuhi, mboten wonten malih, anamung puniku. 152 Terjemahan : “Yang saya terima berupa: pao-pao ‘kantung uang’ berisi dua keeping mata uang talen ’25 sen’, cincin lintring ‘permata’ pengantin dua bentuk, kain lurik dan batik masing-masing selembar, kasumekan ‘kain penutup dada’ halus dan batik masing-masing selembar, pisang ayu dengan kelengkapannya, makanan juadah, jenang, pondhoh, wajik, serta masakan, juga lengkap macamnya, yaitu: pecel ayam, sayur menir ‘bening’ tersedia, nasi golong lengkap, buah-buahan, hasil bumi di dalam tanah maupun di atas tanah lengkap; hanya itu tidak ada lagi.” Konteks cariyos pethikan ing nginggil menika inggih menika andharan Nyai Pujastuti dhumateng Nyai Sriyatna babagan ubarampe paningset. Saking pethikan menika, saged dipundudut bilih ubarampe ingkang dipunsukakaken dening calon penganten kakung minangka peningset inggih menika: 1 Pao-pao utawi kanthong arta isi kalih keeping mata uang talen utawi cacah 25 sen; 2 Kalpika lintring kalih wujudipun; 3 Jarik lurik saklembar; 4 Jarik batik saklembar; 5 Kasumekan ingkang alus saklembar; 6 Kasumekan batik saklembar; 7 Pisang ayu; 8 Jadah; 9 Jenang; 10 Pondhoh; 153 11 Wajik. 12 Dhaharan : pecel ayam, jangan menir, sekul golong jangkep, who-wohan, pala pendhem lan pala kasimpar jangkep. Ubarampe ingkang dipunginakaken menika wonten makna simbolikipun ingkang ngemot teges lan pralambang. Miturut Pringgawidagda 2006: 44-46, calon penganten kakung nyukakaken arta kangge paningset minangka sumbangan kangge calon marasepuhipun. Arta kasebut dipunwastani buwuh, tegesipun arta kangge imbuh anggone arep ewuh utawi minangka tambahan dhumateng tiyang sepuh ingkang badhe mantu. Kalpika minangka pralambang tresnanipun calon penganten ingkang tanpa pungkasan. Nyukakaken kalpika menika awujud pangaribawa saking kabudayan kilen. Pirantos busana sapengadeg kadosta jarik lurik, jarik bathik lan kasumekan minangka pralambang bilih calon penganten kakung sampun sanggup nyekapi kabetahan lair batos garwanipun. Jadah awujud dhaharan ingkang dipundamel saking uwos ketan ingkang dipunmasak sesarengan kaliyan klapa. Jadah menika gadhah teges supados calon penganten kekalih sarta kaluwarganipun saged raket dados satunggal. Jenang awujud dhaharan ingkang dipundamel saking glepung uwos ketan ingkang alot lan raosipun manis. Jenang menika tegesipun supados calon penganten kekalih sasampunipun nikah saged rumaket lan manis. Pisang ayu ingkang dipunpilih inggih menika pisang raja. Pisang raja menika ngemu pangajab supados penganten kekalih saged suka raharja kadosta raja. Depdikbud, 1978: 65 154 Ing wekdal samenika ingkang nglampahaken acara paningset namung sakedhik. Miturut panalitenipun Nurhayati 2001: 32, saking 25 upacara pawiwahan ingkang dipuntliti, namung 4 kasus ingkang nglampahaken acara paningset. Sanesipun dipunlampahaken sesarengan kaliyan srah-srahan. Alesanipun supados langkung ringkes lan langkung ekonomis. 4 kasus ingkang nglampahaken paningset nglampahaken kanthi alesan adat saking luluhur. Pirantos-pirantos ingkang dipunbekta sampun dipunjumbuhaken kaliyan kabetahan ing wekdal samenika, saengga wonten pangirangan utawi jinis pirantosipun dipungantos.

h. Tarub

1 Petangan Masang Tarub Supados pikantuk slamet nalika ngawontenaken damel, masarakat Jawi asring migunakaken petangan kangge nemtokaken dinten sae lan awonipun. Petangan kados mekaten ugi dipunginakaken nalika badhe masang tarub kangge upacara pawiwahan. Wonten ing Serat Centhini, petangan kangge masang tarub menika dipunandharaken wonten ing jilid I pupuh 30 sekar Sinom pada 19 lan 20. Wonten ing Serat Centhini dipunsebataken bilih petangan kangge masang tarub wonten pitu. Ing ngandhap menika dipunkutip pupuh ingkang ngandharaken bab kasebat. Adeging tarub punika, pepitu etanganeki, awite tanggal sapisan, tarub-ratu den wastani, tanggal kapindho nenggih, seluman lanang ranipun, ping tiga seluman dyah, ping pat rahayu basuki, kaping lima rahayu salamet tama. Kaping neme pati lanang, kaping pitu pati estri, ping wolu sami sapisan, tekeng sapiturutneki, mangkya ingetang sami, kaping saping ping wolu, limalas rolikur lan, sangalikuripu nenggih, pan ingaran tarube sri naranata. jilid I pupuh 30 sekar Sinom pada 19 lan 20