164
Konteks cariyos saking pethikan ing nginggil inggih menika andharanipun Nyai Sriyatna babagan pirantosipun majang. Saking pethikan kasebat saged dipundudut
pirantosipun majang inggih menika roro blonyo, diyan, kendhi isi toya, lan klemuk sajodho. Diyan utawi lampu robyong inggih menika lampu hias minangka pralambang
panerang jiwa, semangat gesang ingkang terus murup. Dene kalemuk inggih menika wadah uwos, jagung, dhele miri, kluwak, sekar, boreh lan sanesipun. Miturut Adrianto
wonten ing Pringgawidagda, 2006: 68 klemuk menika minangka pralambang kemakmuran lan sumbering rejeki.
Pirantos-pirantos wau dipunpajang wonten ing celak krobongan. Dene ingkang dipunginakaken kangge majang wonten ing palenggahanipun penganten inggih menika
ron kluwih, ron apa-apa, alang-alang, ron kara, sekar sarta arta. Bab kasebat dipunsebataken wonten ing Serat Centhini dipunandharaken wonten ing jilid II pupuh
128 sekar Jurudemung pada 28 dumugi 30 ing ngandhap menika.
Palinggihane pagantyan, kag ginelar ngarepipun, patanen dhadhasaripun, godhong kluwih apa-apa, godhong kareku, tunutupan klasa pandhan, nulya
tlemek sinjangipun.
Panganten wadon lan lanang, banjur klasa batunipun, kumuda kang dadi tutup, sinebaran sekar-sekar, campur bawur arum-arum, lan dhuwit salawe
uwang, gabegan ingkang gumebyur.
Kacang kawak dhele kawak, iya iku kacar-kucur, klasa pandhan ingkang alus, dinokokan beras jenar, kacang dhele sekar arum, dhuwite salawe
uwang, kang resik gebeganipun.
Terjemahan : Tempat duduk pengantin yang dihamparkan di depan patanen ‘kamar tengah’
diberi alas daun kluwih, daun apa-apa, ilalang, daun kara, ditutup tikar pandan, kemudian diberi alas kain
165
milik pengantin wanita dan pria, lalu ditutup tikar batu ‘daun anyaman besar- besar’, lalu disebari bunga-bunga campur bawur ‘bunga rampai’ yang harum-
harum, dan uang selawe wang ‘212,5 sen’ yang digosok hingga bersinar; kacang kawak ‘lama’, kedelai kawak itulah kacar-kucur; tikar pandan halus
diberi beras kuning berkunyit, kacang, kedelai, bunga harum, uang selawe wang ‘212,5 sen’ yang bersih gosokannya
Konteks cariyos ing nginggil inggih menika andharanipun Nyai Sriyatna babagan pirantos majang ingkang dipunginakaken wonten ing palinggahipun
panganten. Saking pethikan kasebat, saged dipundudut bilih palinggihan menika dipungelar dhadhasaran ron kluwih, ron apa-apa, alang-alang, lan ron kara, lajeng
dipuntutup klasa pandhan. Salajengipun pirantos wau dipunslemekaken sinjangipun penganten putri lan kakung, lajeng dipuntutup klasa batu lan dipunsebaraken sekar-
sekar campur bawur sarta uang selawe wang. Saben ubarampe wau gadhah teges utawi pralambang tartamtu. Ron kluwih
minangka pralambang pangajabing tiyang sepuh supados putranipun pinaringan kaluwihan, inggih kaluwihan drajat, pangkat lan sematipun. Ron apa-apa minangka
pralambang pesen sarta pangajab supados upacaranipun saged lumapah aman, lancer, sarta slamet tanpa alangan menapa-menapa. Alang-alang minangka pralambang
pangajabing penganten saged ngadepi alangan menapa kemawon ing pagesangan. Ron kara minangka pralambang pangajab supados nalika upacara pawiwahan
dipunlaksanakaken saged slamet boten wonten alangan sakara-kara. Bratasiswara wonten ing Pringgawidagda, 2006: 83-84.
166
j. Nyantri
Nyantri dipunlampahaken wonten ing dalu midadareni. Ing dalu menika calon penganten kakung rawuh kaliyan kaluwarganipun. Saksampunipun dipunpasrahaken
dening satunggaling utusan lan dipuntampi dening wakil calon penganten putri, mila calon penganten kakung sarta para pangombyong dipunsumanggakaken ing kamar
ingkang sampun dipunsedyakaken. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini
jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 32.
Ri dhatenge anyantri kiyai juru, miwah kadangwarga, pinarak tengah pandhapi, bakda mahrib badhe penganten dhatengnya.
Terjemahan : Pada saat datangnya pengantin nyantri ‘calon pengantin pria tinggal di rumah
calon mertua’, ki Juru beserta keluarga duduk di tengah pendapa. Sesudah maghrib calon pengantin datang.
Konteks cariyos pethikan ing nginggil menika inggih menika Ki Bayi nembe nampi tamu kaluwarganipun calon penganten kakung. Ki Juru sarta kaluwarga lenggah
wonten ing samadyaning pandhapi. Calon penganten sapengombyong rawuh sasampunipun maghrib. Calon penganten sapangombyong tindhak dhateng ing
griyanipun calon penganten putri bakda maghrib amargi acara nyantri menika dipunlaksanakaken ing wayah dalu sesarengan kaliyan midadareni. Calon penganten
kakung menika ibarat santri utawi cantrik ingkang dereng mangertos menapa-menapa. Piyambakipun tindhak dhateng griyanipun calon mara sepuh kadosta cantrik ingkang
badhe meguru. Ing wekdal rumiyin cantrik ingkang pinter asring dipunpendet dados mantunipun.
167
Menawi ing wekdal samenika, nyantri dipuntegesaken cara kangge nedahaken bilih penganten kakung sampun siap nikah. Pramila piyambakipun madep dhumateng
calon mara sepuhipun kangge lapor, minangka tandha siap dipunnikahaken. Teges tandha siap menika sampun boten cocog malih kangge tembung nyantri. Lajeng
wonten istilah sanesipun, inggih menika jonggolan. Wonten ing salebeting kamus, jonggolan inggih menika tanggungan. Dados rawuhipun penganten kakung nalika
jonggolan minangka tanggungan utawi jaminan bilih pawiwaha mesthi dipunlaksanakaken Mulyono, 2002: 59.
Sasampunipun tata, kamisepuh nyelak ing ki wisma utawi ramanipun calon penganten putri kangge masrahaken calon penganten kakung. Lajeng dipuntampi lan
asung pambagya dhumateng calon penganten sapangombyong. Bab kasebat dipunandharaken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 34
lan 35 ing ngandhap menika.
Wusing tata kang minangka kamisepuh, nyelak mring ki wisma, masrahken bakal panganten, wus tinampan anulya asung pambagya.
Marang badhe panganten sarowangipun, segahan magnarsa, wedang eses ganten wangi, kyai wisma manis wijiling wacana.
Terjemahan : Setelah teratur utusan tertua mendekat kepada tuan rumah, menyerahkan calon
pengantin pria, kemudian diterima diteruskan sambutan selamat datang kepada calon pengantin beserta rombongan. Jamuan dihidangkan, terdiri atas
minuman, rokok, dan sirih wangi. Tuan rumah berkata manis, “Silakan minum dan menikmati rokoh sirih”
168
Miturut Mulyono 2002 : 58, ing wekdal rumiyin, penganten kakung nyantri ing dalemipun penganten putri menika dados satunggal kaliyan pihak penganten putri.
Salajengipun penganten kakung boten lajeng kondur, nanging ndherek tirakatan ing dalu midadareni. Calon penganten kakung sakpangombyong saksampunipun dhahar
ing papan nyantri, lajeng manggihaken para tamu ing pendhapa, lajeng balik wonten ing papan nyantri malih.
Ing jaman samenika penganten kakung tindhak nyantri dipundherekaken kaluwarganipun kathi mbekta paningset. Sasampunipun nyantri calon penganten
kakung wangsul malih ing griyanipun. Istilahipun kasambut wangsul.
k. Midadareni
Dalu sakderengipun upacara pawiwahan dipunlaksanakaken dipunwastani midadareni. Wonten ing griyanipun penganten putri dipunwontenaken tirakatan kanthi
pangajab rawuhipun widodari sekathi kurang siji, inggih menika putri kahyangan ingkang cacahipun sekathi kirang satunggal. Penganten putri ingkang dados
jangkeping widadari sekathi menika. Widadari-widadari menika kangge ningali lan paring pangestu dhumateng penganten sarimbit Departemen P K, 1978: 73.
Wiwit saking dalu midadareni kasebut, calon penganten dipunpingit tigang dinten. Calon penganten putri ugi kedah siyam wiwit dalu menika dumugi dinten
upacara. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini ing jilid VI pupuh 357 sekar Mijil pada 12. Ing ngandhap menika dipunkutip pupuhipun.
Mundur saking ngarsa ni milarsih, ingiring pra wadon, pan anjujug enggone putrane, niken tambangraras kang piningit, apan wus tri ratri, catur dhahar
turu.
169
Terjemahan : Mulai dari malam midadareni ini, calon pengantin wanita akan di pingit
selama tiga hari. Calon pengantin wanita juga diharuskan untuk puasa. Konteks cariyos ing nginggil menika inggih menika Ni Milarsih ingkang
dipundherekaken para wanita njujug badhe pirsa putrinipun, Niken Tambangraras, ingkang dipunpingit tigang dinten. Nalika dipunpingit Niken Tambangraras ugi kedah
siyam. Miturut Ariani lumantar Pringgawidagda, 2006: 95, pingitan kasebut gadhah ancas kangge nyiapaken badhanipun penganten utawi pangadining sarira.
Ing dalu midadareni dipunwontenaken wilujengan ingkang dipunwastani majemukan. Majemukan menika dipunlampahaken ing wayah dalu lan
dipundherekaken para tamu ingkang rawuh wonten ing tadarus utawi tilawah. Bab kasebut dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 130 sekar Pocung
pada 46 lan 47.
Kyai juru neng surambi tumut ndarus, langkep sugatanya, rampung tilawat kendhuri, wus bibaran mantuk samya mbekta brekat.
Terjemahan : Kiai Juru di serambi ikut tadarus. Jamuannya lengkap, selesai tilawah
kemudian kenduri atau selamatan. Setelah selesai mereka pulang dengan membawa berkat masing-masing.
Konteks cariyos menika inggih menika Kyai Juru ndherek tadarus la tilawat. Sasampunipun tilawat, dipunwontenaken kendhuri utawi wilujengan kanthi pasugatan
ingkang jangkep. Para tamu kondur mbekta berkat. Ing dalu menika kathah tamu kakung lan estri ing griyanipun calon penganten
kangge leklekan. Miturut Koentjaraningrat 1981: 332, wayah sonten sabibaripun