Upacara khusus 18, dan 25, semuanya sama, akan selamat sejahtera.

201 kaliyan golongan-golonganipun. Ingkang dipunutus kangge merang tugas lan tanggel jawab menika inggih menika tiyang ingkang dipunwastani pangulu. Agami kasebut minangka panguwaos kangge ngatur raos ingkang sejati. Lan manungsa bakal wilujeng menawi manut kaliyan kuwaos, pandom lan lelampahan agami kasebut. Agami kasebut ngatur sabarang perkawis ingkang wonten ing pagesangan manungsa, mliginipun babagan tatacara upacara pawiwahanipun. Agami dewa kasebut dipunperang dados enem agami, inggih menika agami Sambu, agami Brahma, agami Endra, agami Wisnu, agami Bayu lan agami Kala. 1 Agami Sambu Wonten saperangan pantangan ingkang boten kenging dipunlampahi dening tiyang ingkang nganut agami Sambu. Salah satunggalipun inggih menika wonten saperangan tiyang ingkang boten kenging dipunnikah. Bab menika dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid I pupuh 63 sekar Kinanthi pada 17 lan 18 ing ngandhap menika. Mangan sarwa bungkah iku, yen mangsa palguna sami, ngrapa lamun ari raya, sabarang kang sarwa asin, larangane ora kena, ngrabeni kaprenah nini. Uwa bibi kadang putu, myang pulunan kang luluri, saking ing jalu sadaya, wenang lamun saking estri, iwak ati datan dhahar, kena yen kinarya jampi. Terjemahan : Tidak boleh memakan umbi-umbian. Jika waktu Palguna, berpuasa pada hari raya, dari sembarang yang serba asin. Larang lain, tidak boleh mengawini dari yang terkait nenek, Uwak, bibi, keponakan, dan cucu, pada sanak-saudara dan leluhur dari pihak ayah. Jika dari pihak ibu boleh dikawini. Tidak boleh makan hati ayam, itu bisa dipakai untuk obat. 202 Saking pethikan ing nginggil saged dipundudut bilih tiyang jaler boten kenging krama kaliyan ingkang kaprenah nini, uwak, bibi lan kadang putu, sederek lan luluhur saking ing bapak sadaya. Menawi saking ibu kenging dipunnikah. Wonten ing adat agami Sambu, wonten saperangan ritual ingkang dipunlampahaken nalika upacara pawiwahan dipunlaksanakaken. Ritual-ritual kasebut kadosta ingkang dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid I pupuh 63 sekar Kinanthi pada 21 ing ngandhap menika. Yen krama wawalinipun, nganggowa baladho nenggih, kang lanang nglangkahi jantra, wusu likasan myang ilir, kukusan enthong lan iyan, kang wadon nglangkahi linggis. Terjemahan : Jika menikah, yang menjadi wali nikah memakailah pakaian baladho. Pengantin lelaki melangkahi jentera, wusu, likasan, maupun ilir, kukusan, enthong, dan iyan. Yang perempuan melangkahi linggis, garu, waluku, dan pacul. Saking pethikan ing nginggil menika, dipunandharaken bilih nalika upacara pawiwahan, tiyang ingkang tumindak dados wali kedah ngangge balado ingkang kadamel saking tebu ingkang sampun garing. Penganten kakung kedah njangkahi jentera, wusu, likasan, kukusan, ilir, enthong, jangkep kaliyan iyan. Wondene penganten putri kedah njangkahi linggis, garu, waluku, lan pacul. Menawi wonten salah satunggalipun seda, pramila jodhonipun kenging mbela. Bab menika dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid I pupuh 63 sekar Kinanthi pada 19 lan 20. 203 Ngrusak candhi waler agung, nora kena nganggo wesi, wenamg yen kanggo sarana, wong laki rabi yen mati, wenang bela myang binelan, lamun lakine kang mati. Sing wadon tan bela lampus, wenang cinukur yen estri, kang mati lanang tan bela, iku wenang dentetaki, yen jabang metu wanodya, wenang lamun disunat. Terjemahan : Merusak candi adalah larangan besar, tidak boleh memakai besi, kecuali hanya sebagai sarana, lelaki dan perempuan jika meninggal, boleh ikut serta, namun jika lelaki yang meninggal, Pihak perempuan tidak ikut serta, harus dicukur gundul. Jika perempuan yang meninggal dan lelaki tidak ikut serta, ia harus disunat. Jika bayi keluar berjenis perempuan, ia juga harus disunat. Pethikan ing nginggil ngandharaken bilih menawi salah satunggal saking jodho kasebut wonten ingkang seda, jodhonipun kenging bela pati. Menawi ingkang seda ingkang kakung, estrinipun boten kedah mbela kanthi cara nderek seda, nanging cekap dipuncukur kemawon. menawi ingkang seda ingkang estri, mila ingkang kakung cekap dipunkhitan kemawon. 2 Agami Brahma Wonten saperangan pantangan ingkang boten kenging dipunlampahi dening tiyang ingkang nganut agami Brahma. Salah satunggalipun inggih menika wonten saperangan tiyang ingkang boten kenging dipunnikah. Bab menika dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid I pupuh 63 sekar Kinanthi pada 26 dumugi 29. Tumenga marang ngaluhur, yen riaya sarwa manis, larangane nora kena, ngrabeni kaprenah nini, uwa bibi ingkang saka, luluri lanang yen saking. Luluri wadon pikantuk, tan kena mateni geni, daging lembu dating dhahar, mapas wiji ingkang lagi, thukul uga ora kena, nganggo timah datan kenging.