Jinising Panaliten Data lan Sumber Data

23 panaliten ingkang sampun dipundamel. Unit utawi obyek panaliten ing panaliten menika inggih menika cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini. Ing tahap menika dipunpendet data-data saking teks Serat Centhini ingkang jumbuh kaliyan caranipun nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi, saged awujud gatra, pada, utawi pupuh. 2. Pengklasifikasian Data Pengklasifikasian data menika dipunlampahaken kathi ancas nggampilaken anggenipun ngolah data salajengipun. Data-data ingkang sampun dipunpendet saderengipun dipunperang dados saperangan kategori ingkang jumbuh kaliyan cara nemtokaken data lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi. 3. Reducing Reducing inggih menika ngolah data kanthi cara ngicalaken perkawis-perkawis ingkang boten jumbuh kaliyan panaliten saengga langkung gampil anggenipun nliti cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi. Tahap menika dipunlampahaken supados asiling ngempalaken data saged langkung ringkes lan cetha. 4. Inferring Wonten ing tahap inferring menika data dipunanalisa kanthi madosi tegesipun data-data ingkang sampun dipunpendet. Ing tahap menika data-data ingkang sampun dipunpendet saderengipun, dipunpadosi makna-makna simbolikipun. Caranipun data ingkang sampun dipunpilih dipuntafsiraken, lajeng dipunpadosi makna simbolikipun. Anggenipun nyukani makna dipunjumbuhaken kaliyan konteks cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi. 24 5. Naratting Tahap menika awujud upaya kangge mangsuli pitakenan panaliten. Ing tahap menika dipunsukani informasi-informasi ingkang wigati supados asiling panaliten menika langkung gampil dipunmangertos. Wonten ing tahap menika, data-data babagan cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara adat Jawi ingkang sampun dipunkempalaken lan dipunpadosi makna simbolikipun dipunandharaken malih lan dipuntandhingaken kaliyan data-data sekunder saking sumber sanesipun.