Milih dinten kangge ngresmikaken upacara penganten

148 mulyakaken para tamu mliginipun tamu kinurmatan. Menawi ing wekdal samenika kathah ingkang nabuh gendhing Kebogiro kangge nampi penganten kakung. Para tamu dipunsukani suguhan unjukan, dhaharan, sekul lan ulam. Sasampunipun dipunsuguhi, para tamu kondur sarta pikantuk brekatan sarta sekul ulam. Bab menika dipunandharaken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 26 ing ngandhap menika. Sêgahipun wedang dharan ulam sêkul, sawusing sinêgah, mantukipun dènsangoni, binêktanan panganan myang sêkul ulam. Terjemahan : Jamuannya terdiri atas minuman, makanan, nasi dan lauk pauk. Setelah dijamu mereka pulang dan diberi brekatan ‘ulih-ulih’ makanan serta nasi berlauk pauk. Wonten ing Serat Centhini, menawi wonten ing gadhah damel, nalika sampun bibar para tamunipun dipunbetakaken brekat awujud ambeng utawi angsul-angsul. Menika sampun dados adat ing masarakat Jawi kangge wujud sukur lan matur nuwun dhumateng para tamu ingkang sampun rawuh lan sampun paring pambiyantunipun. Nyukakaken berkat wonten ing saperangan acara taksih kathah dipunlampahaken wonten ing wekdal samenika.

f. Lamaran

Saderengipun upacara pawiwahan dipunlaksanakaken, langkung rumiyin tiyang sepuh calon penganten kakung ngawontenaken acara lamaran. Nalika lamaran, ingkang kedah nampi lamaran kasebut inggih menika tiyang sepuhipun wanita ingkang 149 badhe dipunlamar. Bab kasebat dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 27 ing ngandhap menika. Ing arine dhatenge lamaranipun, Ki Juru pinarak, aneng madyane pandhapi, kadang warga sawatara aneng ngarsa. Terjemahan : Pada hari lamaran datang, ki Juru duduk di tengah pendapa. Beberapa sanak saudara ada di depan. Konteks cariyos saking pethikan kasebat inggih menika wonten ing dinten lamaranipun rawuh, Ki Juru lenggah ing samadyaning pandhapi. Saperangan saderekipun wonten ing ngajeng. Saking pethikan menika saged dipuntingali bilih nalika acara lamaran, tiyang sepuhipun pihak kakung ngawontenaken persiapan lan ngempalaken sederek-sederekipun kangge nglamar wanita pilian putranipun. Ngempalaken sederek-sederekipun wau gadhah ancas supados lamaran kasebut saged dipunseksikaken. Miturut Pringgawidagda 2006, 31-32 kangge tiyang Jawi, seksi kasebut wigatos sanget wigatos sanget menawi ing dinten salajengipun wonten perkawis saengga ingkang gegayutan saked dipuntuntut kanthi moral utawi hukum. Salajengipun tamu menika ngandharaken kabetahananipun kanthi cara nyukakaken layang ingkang dipunbekta. Layang kasebut dipuntampi dening tiyang sepuhipun calon penganten putri. Tiyang sepuh calon penganten putri cinocogaken cacah kaliyan pratelanipun. Saksampunipun cocog kaliyan tetembungan ingkang dipunandharaken wonten ing layang, para tamu dipunsuguhi lan nalika badhe kondur dipunsukani berkat. Bab kasebat dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 29 dumugi 31 ing ngandhap menika.