Deskripsi Subjek Panaliten ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGANIPUN

28 Tabel salajengipun No. Jinis Adat wonten ing Upacara Pawiwahan Jilid Bab 20. Adat Pawiwahan Miturut Saperangan Agami lan Syari’at Nabi 1 Adat pawiwahan agama Sambu, agama Brahma, agama Endra, agama Wisnu, agama Bayu, agama Kala, syari’at Nabi Adam, syari’at Nabi Nuh, syari’at Nabi Ibrahim, syari’at Nabi Musa, syari’at Nabi ‘Isa lan syari’at Nabi Muhammad.

B. Asiling Panaliten

Upacara-upacara pawiwahan ingkang sajatosipun, awujud pralambang manunggaling kakung lan estri. Limrahipun, upacara menika dipunlampahaken menawi sampun pikantuk petangan dening ingkang estri adhedhasar petangan neptu saking calon penganten kekalih lan sakpanunggalanipun. Sasampunipun ngempalaken data wonten ing tabel adat ngawontenaken upacara pawiwahan wonten ing Serat Centhini, data kala wau dipunperang dados kalih bagean, inggih menika cara nemtokaken bakal mantu sarta tata cara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini. Sanesipun, pirembagan wonten ing panaliten menika dipuntandhingaken kaliyan adat lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi ing wekdal samenika. Ing ngandhap menika badhe dipunandharaken pirembagan asil deskripsi caranipun nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini. 29

1. Cara nemtokaken bakal mantu

Masarakat Jawi ngantos-atos sanget anggenipun nemtokaken bakal mantunipun. Wonten saperangan caranipun masarakat Jawi kangge nemtokaken lan milih bakal mantunipun. Cara-cara kasebat limrahipun adhedhasar petangan pasatowan salaki rabi , bibit, bobot lan, bebetipun. Miturut Hadiatmaja 2009: 76, petangan inggih menika ngetang wekdal sarta tanggal ingkang sae. Petangan kasebat saged adhedhasar saking gangsal dinten pasaran, tanggal-tanggal wigatos ingkang dipuntemtokaken wonten ing sistem-sistem penanggalan ingkang sampun wonten, ingkang dipunginakaken dening tiyang Jawi kangge saperangan ancas, mliginipun babagan nemtokaken bakal mantu utawi dinten sae kangge ngawontenaken upacara pawiwahan. Ing ngandhap menika dipunandharaken caranipun nemtokaken wanita ingkang badhe dipundadosaken bakal mantu ingkang wonten ing Serat Centhini.

a. Pasatowan salaki rabi

Kangge tiyang Jawi ingkang badhe ngawontenaken upacara pawiwahan, wonten saperangan petangan kangge nemtokaken jodho utawi bakal mantu ingkang limrahipun dipunwastani pasatowan. Miturut Hadiatmaja 2009: 116, pasatowan salaki rabi inggih menika pandom pados jodho adhedhasar asma, dinten miyos, lan neptu. Wonten ing Serat Centhini, nemtokaken bakal mantu migunakaken pandom pasatowan salaki rabi kasebat dipunandharaken lumantar pirembaganipun Ki Bayi Panurta lan Ki Sembagi. Miturut pirembagan kasebat, wonten kalih cara nemtokaken 30 bakal mantu migunakaken pasatowan salaki rabi, inggih menika kanthi cara ngetang neptu lan ngetang aksara Jawa saking asmanipun bakal mantu. Nanging ingkang dipunandharaken namun kangge nemtokaken bakal mantu wanita kemawon. Amargi ing wekdal rumiyin, ingkang pados jodho menika saking pihak kaluwarga ingkang kakung. Pramila, ginanipun petangan-petangan menika kangge pados wanita ingkang sae dipundadosaken garwa. Ing ngandhap menika badhe dipunandharaken caranipun nemtokaken bakal mantu migunakaken pasatowan salaki rabi wonten ing Serat Centhini . 1 Tetimbangan watak wanita miturut wetonipun Tiyang Jawi pitados bilih saben dinten ingkang wonten ing pitung dinten lan gangsal dinten pasaran menika gadhah biji piyambak-piyambak. Biji-biji kasebet paring pangaribawa dhumateng sabarang perkawis, mliginipun mangaribawani dinten miyosipun manungsa, inggih menika babagan watak lan sipat saking manungsa kasebat. Ing ngandhap menika dipunandharaken watak lan sipatipun wanita miturut wetonipun ingkang wonten ing Serat Centhini. a Jumuwah 1 Pon Wanita ingkang miyos ing dinten Jumuwah Pon menika boten sabar, kaku budinipun, wantun kaliyan tiyang sepuhipun lan boten pinaringan sugih. Bab kasebat dipunandharaken wonten ing Serat Centhini jilid III pupuh 246 sekar Kinanthi pada 5. Ing ngandhap menika pethikan ingkang nedahaken bab kasebat. 31 Manungsa wirasatipun, metu saking wetonipun, yen Jumngah Pon wetonira, tan sabar kaku kang budi, sru wani maring wong tuwa, lan nora sinungan sugih. Terjemahan : Firasat manusia itu keluar dari waktu kelahirannya. Apabila kelahirannya Jumat Pon, ia tidak sabar, kaku budinya, sangat berani kepada orang tua dan tidak diberi kekayaan. Pethikan ing nginggil menika ngandharaken bilih wirasatipun manungsa medal saking wetonipun. Menawi wetonipun dinten Jumuwah Pon tiyang kasebut boten sabar, budinipun kaku, wantun dhumateng tiyang sepuhipun. Katurangganing wanita ingkang kados mekaten ugi wonten ing Kitab Primbon Betaljemur Adammakna , wanita kasebat wantun dhumateng garwanipun, boros, kathah alanganipun nanging asring pinaringan anugrah saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos Tjakraningrat, 1980: 100. Wanita ingkang kados mekaten kirang sae dipundadosaken garwa amargi watakipun ingkang kirang sae, inggih menika boten sabar, budinipun kaku, lan wantun. Sipat ingkang mekaten awrat kangge mbangun kaluwarga ingkang sakinah, mawadah lan warahmah. 2 Wage Wanita ingkang miyos ing dinten Jumuwah Wage menika menawi sae langkung utama, menawi awon dados langkung awon, remen dhahar nanging pinter micara ing babagan ilmu batin, remen ngiwa, pikiranipun boten ajeg. Bab menika dipunandharaken wonten ing Serat Centhini jilid 3 pupuh 246 sekar Kinanthi pada 6 lan 7. Ing ngandhap menika pethikan ingkang nedahaken bab kasebut.