Penganten siram 18, dan 25, semuanya sama, akan selamat sejahtera.

173 sabuk saking mori, klambinipun lawon pethak, kuluk lan serbanipun ugi pethak. Piyambakipun boten beta golok utawi dhuwung. Bapak saking penganten putri migunakaken sarung cemeng, sabuk sindur ngangge gesper, tasbeh saking merjan. Piyambakipun migunakaken jubbah leja abrit, kotang kipper pethak kaiyan kancing mirah mancur. Kulukipun bludru cemeng, ceripunipun saking kulit unta abrit rinenda ing pinggir pan pinaku jamur. Menawi ibunipun migunakaken sinjang sembagi ijem, asemekan galer welakanipun, arasukan galer konus pethak. Pengulunipun migunakaken kampuh motif kawung, asabuk ketunggeng, wewiron pethak ing tepi, dhuwungipun pendhok pethak. Arasukan sembagya alus abrit, motifipun blorong-blorong, tasbehipun saking genitri sewu cacahipun ingkang dipunubetaken ing golok. Piyambakipun ugi migunakaken kotang pethak kancing mirah abrit. Serbetipun krestin ijem gambar Mekah sumampir ing pamidhanganipun. 1 Sarat Ijab Saratipun nikah menika wonten gangsal cacahipun. Bab menika dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 103 sekar Jurudemung pada 24 ing ngandhap menika. Utawa sarating ningkah, pan lilima kathahipun, ingkang dhingin ijab Kabul, kapindhone wali lanang, katelu panganten kakung, kapat panagnten wanita, ping lima saksi loro wus. Terjemahan : Syarat pernikahan itu ada lima jumlahnya: pertama, ijab Kabul; kedua, wali lelaki; ketiga, pengantin pria; keempat, pengantin wanita; kelima dua orang saksi. 174 Saking pethikan ing nginggil menika saged dipundudut sarat nikah menika wonten gangsal, inggih menika : 1 Ijab Kabul; 2 Wali kakung; 3 Penganten kakung; 4 Penganten putri; lan 5 Kalih saksi. Tugas saking wali inggih menika kangge nikahaken penganten sarimbit, nanging menawi wali boten saged nikahaken, pramila saged nyuwun tulung dhumateng kaum utawi ulama ingkang gadhah wenang kangge nikahaken. Sarat kangge dados pengulu, wali lan saksi inggih menika kedah sampun dewasa, boten cacat, lan ugi boten nembe gerah. Tiyang ingkang saged dados wali nikah boten namung bapakipun kemawon, menawi bapak saking penganten putri boten saged rawuh wonten ing akad nikah, pramila wonten tiyang sanes ingkang saged nggantosaken bapakipun kangge dados wali nikah. Tiyang ingkang saged nggantosaken dados wali nikah inggih menika: 1 Sederek, tuladhanipun bapak sarta simbah kakung, sederek, putranipun sederek, paman saking bapak, paman lan uwak saking ibu, sarta putra kakung paman saking bapak lan ibu, putra kakung paman sarta uwak saking bapak ingkang pancer saking kakung. 2 Tiyang ingkang amardikakaken estu abdi wanita ingkang satuhu. 3 Raja, amargi raja menika ngadame kerabat sadaya, boten enten sanesipun. 175 2 Acara Ijab