22
Sasampunipun nyatet, panaliti damel koding cara nemtokaken data lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi.
D. Pirantining Panaliten
Pirantos panaliten inggih menika sarana kangge pados data utawi informasi ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten. Panaliten menika migunakaken kartu
data minangka pirantos kangge pados data unsur adat lan upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini.
E. Cara Analisis Data
Analisis data wonten ing panaliten menika dipunlampahaken kanthi cara kualitatif. Analisis data kanthi kualitatif menika kangge ngandharaken kados pundi
cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini
. Cara analisis data ingkang dipunlampahaken wonten ing panaliten menika
inggih menika Analysis Content utawi analisis isi. Cara ingkang dipunlampahaken inggih menika.
1. Ngempalaken Data utawi Unitizing
Unitizing inggih menika upaya mendet data ingkang jumbuh kaliyan
kabetahanipun panaliten, saged awujud teks, gambar, swanten lan data-data sanes ingkang saged dipunobservasi ing salajengipun. Unit inggih menika obyek panaliten
ingkang saged dipunukur kanthi cetha, pramila kedah milih jumbuh kaliyan pitakenan
23
panaliten ingkang sampun dipundamel. Unit utawi obyek panaliten ing panaliten menika inggih menika cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan
adat Jawi wonten ing Serat Centhini. Ing tahap menika dipunpendet data-data saking teks Serat Centhini ingkang jumbuh kaliyan caranipun nemtokaken bakal mantu lan
tatacara upacara pawiwahan adat Jawi, saged awujud gatra, pada, utawi pupuh. 2.
Pengklasifikasian Data Pengklasifikasian
data menika dipunlampahaken kathi ancas nggampilaken anggenipun ngolah data salajengipun. Data-data ingkang sampun dipunpendet
saderengipun dipunperang dados saperangan kategori ingkang jumbuh kaliyan cara nemtokaken data lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi.
3. Reducing
Reducing inggih menika ngolah data kanthi cara ngicalaken perkawis-perkawis
ingkang boten jumbuh kaliyan panaliten saengga langkung gampil anggenipun nliti cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi. Tahap menika
dipunlampahaken supados asiling ngempalaken data saged langkung ringkes lan cetha. 4.
Inferring Wonten ing tahap inferring menika data dipunanalisa kanthi madosi tegesipun
data-data ingkang sampun dipunpendet. Ing tahap menika data-data ingkang sampun dipunpendet saderengipun, dipunpadosi makna-makna simbolikipun. Caranipun data
ingkang sampun dipunpilih dipuntafsiraken, lajeng dipunpadosi makna simbolikipun. Anggenipun nyukani makna dipunjumbuhaken kaliyan konteks cara nemtokaken bakal
mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi.