Nampi sumbangan Tatacara upacara pawiwahan

149 badhe dipunlamar. Bab kasebat dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 27 ing ngandhap menika. Ing arine dhatenge lamaranipun, Ki Juru pinarak, aneng madyane pandhapi, kadang warga sawatara aneng ngarsa. Terjemahan : Pada hari lamaran datang, ki Juru duduk di tengah pendapa. Beberapa sanak saudara ada di depan. Konteks cariyos saking pethikan kasebat inggih menika wonten ing dinten lamaranipun rawuh, Ki Juru lenggah ing samadyaning pandhapi. Saperangan saderekipun wonten ing ngajeng. Saking pethikan menika saged dipuntingali bilih nalika acara lamaran, tiyang sepuhipun pihak kakung ngawontenaken persiapan lan ngempalaken sederek-sederekipun kangge nglamar wanita pilian putranipun. Ngempalaken sederek-sederekipun wau gadhah ancas supados lamaran kasebut saged dipunseksikaken. Miturut Pringgawidagda 2006, 31-32 kangge tiyang Jawi, seksi kasebut wigatos sanget wigatos sanget menawi ing dinten salajengipun wonten perkawis saengga ingkang gegayutan saked dipuntuntut kanthi moral utawi hukum. Salajengipun tamu menika ngandharaken kabetahananipun kanthi cara nyukakaken layang ingkang dipunbekta. Layang kasebut dipuntampi dening tiyang sepuhipun calon penganten putri. Tiyang sepuh calon penganten putri cinocogaken cacah kaliyan pratelanipun. Saksampunipun cocog kaliyan tetembungan ingkang dipunandharaken wonten ing layang, para tamu dipunsuguhi lan nalika badhe kondur dipunsukani berkat. Bab kasebat dipunsebataken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 29 dumugi 31 ing ngandhap menika. 150 Ingkang ngirid wusing matur parlunipun, kanthi srat pratelan, nulya sugata lumadi, wedang dharan ganten eses wangi ngambar. Nyai juru sekaliyan kyai juru, nampeni priyangga, miturut isarat nenggih, cinocogaken cacahe lawan pratelan. Sampun rujuk anetepi criyosipun, ing uni sriyatna, sawusing binujakrami, ingangsulan pamit mantuk wus linilan. Terjemahan : Tamu yang datang berkata dan menyatakan keperluannya dengan surat rincian yang mereka bawa. Kemudian jamuan dihidangkan terdiri atas minuman, makanan, sirih, rokok yang semerbak harum. Nyai Juru dan Kiai juru menerima sendirii menurut catatan. Kemudian dicocokkan jumlah dengan catatan perinciannya. Setelah cocok sesuai dengan kata-kata yang diucapkan pada bunyi surat. Setelah tamu-tamu utusan dijamu dan diberi berkat sebagai ulih-ulih, mereka minta diri pulang. Konteks cariyos ing pethikan ing nginggil menika inggih menika ngandharaken nalika Kyai Juru nampi lamaran. Kyai Juru lan Nyi Juru nampi piyambak miturut isaratipun. Nyocogaken cacah kaliyan pratelanipun. Sampun cocog lan jumbuh kaliyan tetembungan ingkang dipunandharaken wonten laying. Sasampunipun para tamu utusan dipunsuguhi lan dipunsukakaken berkat, lajeng pamit kondur. Miturut Pringgawidagda 2006: 28-31, miturut caranipun, lamaran saged dipunbedakaken dados kalih inggih menika kanthi langsung lan boten langsung. Miturut data babagan lamaran menika, cara ingkang dipunginakaken kangge lamaran inggih menika ingkang lamaran boten langsung amargi migunakaken layang. Layang lamaran kasebut dipunpasrahaken dening petugas khusus utawi congkok. Limrahipun wangsulan saking lamaran kasebut boten dipunparingaken langsung sasampunipun 151 lamaran dipunaturaken, nanging nengga lamaran kasebut dipunrembag dening kaluwarga. Nanging ing wekdal samenika acara lamaranipun sampun beda lelampahanipun. Amargi calon penganten kekalih limrahipun sampun sumerep, saengga sasampunipun sarujuk kangge nikah, surat lamaran menika dipunlampahaken minangka pralambang kangge ngandharaken niat kangge krama kaliyan calon penganten putri.

g. Paningset

Sasampunipun lamaran dipuntampi, pihak calon penganten kakung nyukani paningset utawi tandha pangiket pirembagan. Tembung paningset asalipun saking tembung singset, inggih menika tali ingkang kuwat. Paningset awujud usaha saking tiyang sepuhipun calon penganten kakung kangge ngiket wanita ingkang badhe dipundadosaken mantu. Ancasipun paningset menika inggih menika supados calon suami istri boten milih jodho sanesipun Pringgawidagda, 2006: 39. Ubarampe paningset ingkang wonten ing Serat Centhini dipunsebataken wonten ing jilid II pupuh 129 sekar Mijil pada 24 dumugi 26 ing ngandhap menika. Nuwun ingkang kawula tampeni, warni pao-pao, isi arta kalih sami talen, supe lintring panganten kakalih, sinjang lurik bathik, anyatunggal among. Kasumekan lalemes myang bathik, sami anyawiyos, pisang ayu saabon- abone, dharan jadah jenang pondhoh wajik, lah-olahan inggih, pepak warninipun. Pecel ayam jangan menir mranti, sekulipun golong, amepeki dharan wowohane, pala pendhem kasimpar menuhi, mboten wonten malih, anamung puniku.