25
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PANGREMBAGANIPUN
A. Deskripsi Subjek Panaliten
Subjek panaliten menika inggih menika Serat Centhini Latin asil pelatinan saking Serat Centhini karyanipun Paku Buwono V dening Karkono Kamajaya lan
dipunterbitaken dening Yayasan Centhini Yogyakarta. Menawi dipuntingali saking wosipun, Serat Centhini awujud satunggaling ensiklopedi budaya Jawi, amargi naskah
menika ngemot kathah perkawis babagan budaya Jawi. Pramila, naskah menika dipundadosaken sumber wonten ing panaliten menika. Saksampunipun milih sampel
saking kalih welas jilid Serat Centhini kasebut, panaliti pikantuk saperangan jilid ingkang ngemot upacara pawiwahan adat Jawi, inggih menika jilid 1, 2, 3, 5, 6, lan 10.
Ingkang dipunwastani upacara pawiwahan wonten ing panaliten menika inggih menika sadaya upacara ingkang limrah dipunlampahaken masarakat kangge ngatur perkawis-
perkawis ingkang gegayutan kaliyan pawiwahan. Kangge langkung nggampilaken nglompokaken data, mila data ingkang
sampun dipunasilaken dipunserat wonten ing wujud tabel kados mekaten.
Tabel 1. Adat Ngawontenaken Upacara Pawiwahan
No. Jinis Adat wonten
ing Upacara Pawiwahan
Jilid Bab
1. Milih jodho
2 -
Perkawis ingkang
dipunajab dipungadhahaken tiyang estri.
- Wanita ingkang boten kenging dipunnikah.
25
26
Tabel salajengipun
No. Jinis Adat wonten
ing Upacara Pawiwahan
Jilid Bab
- Tetimbangan
milih jodho
miturut pasatowan
. -
Tetimbangan milih jodho kanthi cara ngetang aksara Jawi.
- Tetimbangan trahipun.
- Milih jodho saking candra wanita.
- Milih jodho adhedhasar watakipun.
- Milih jodho miturut dinten miyosipun.
4 Wanita ingkang kirang sae dipundadosaken
garwa 2.
Ubarampe ingkang kedah
dipunsediakaken wekdal
upacara pawiwahan
2 Sajen pendheman, sajen guwakan, sajen
tarub, sajen nyembelih maesa, sajen dhandhang pawon, sajeng gedhong utawi
kamar kangge nyimpen wos, sajeng majang patanen, sajen garenda, sajen siram, sajen
paes, sajen nikah, sajen pengulu, sajen panebus kembar mayang, sajen majemukan
midadareni, sajen memule, sajen kangge wilujengan saksampunipun nikah, syarat
penganten
boyong, sajen
wilujengan sepasaran.
3. Saperangan acara
wilujengan wonten ing
upacara pawiwahan
2 Wilujengan
midadareni, wilujengan
saksampunipun upacara nikah, wilujengan brokohan, wilujengan sapekenan utawi
gangsal dinten, wilujengan selapanan.
4. Anggenipun mbagi
tugas tiyang
gadhah damel 2
among bukti, among sokanandi, among bikang mardeya, among talijiwa, among
kahwa, among usadi, among ganda, among suka, among andrawina, among sukarena
lan among busana
. 5.
Milih dinten
kangge ngresmikaken
penganten 1
Sasi ingkang sae lan awon kangge ngresmikaken penganten.
27
Tabel salajengipun No.
Jinis Adat wonten ing Upacara
Pawiwahan Jilid
Bab 6.
Sumbangan 2
- Tiyang badhe nyumbang dhumateng tiyang
ingkang nembe gadhah damel sanajan namung sekedik.
- Cara nampi tami ingkang rawuh kangge
nyumbang. 6
Sumbangan ingkang
limrahipun dipunparingaken
7. Lamaran
2 Cara nampi lamaran
8. Tuguran
6 Ingkang dipunlampahaken wekdal tuguran
9. Paningset
2 Wosipun paningset
10. Tarub majang
1 Petungan masang tarub
13. Nyadran
2 Adat nyadran sakderengipun krama
14. Penganten siram
6 Penganten putri siram lan dipunpaes
15. Ijab
2 -
Donga ijab -
Tata cara ijab -
Tata cara ijab 16.
Panggih 2
- Temu penganten
- Balangan gantal
- Mecah tigan
- Wijikan
- Ngujung
- Kacar-kucur
- Pangkon
- Ngabekti
- Ganti busana
6 -
Paes penganten -
Penganten kakung tumuju papan temu penganten
- Pesta
10 Paes penganten
17. Adat
saksampunipun temu penganten
2 -
Dipuntingali kaping tiga -
Ngunjuk jampi 18.
Boyongan 2
Syarat ingkang kedah dipunbekta 6
Adicara boyongan 19.
Upacara khusus 2
Bubak kawah Tumplak punjen
28
Tabel salajengipun
No. Jinis Adat wonten
ing Upacara Pawiwahan
Jilid Bab
20. Adat
Pawiwahan Miturut Saperangan
Agami lan Syari’at Nabi
1 Adat pawiwahan agama Sambu, agama
Brahma, agama Endra, agama Wisnu, agama Bayu, agama Kala, syari’at Nabi Adam,
syari’at Nabi Nuh, syari’at Nabi Ibrahim, syari’at Nabi Musa, syari’at Nabi ‘Isa lan
syari’at Nabi Muhammad.
B. Asiling Panaliten
Upacara-upacara pawiwahan ingkang sajatosipun, awujud pralambang manunggaling kakung lan estri. Limrahipun, upacara menika dipunlampahaken
menawi sampun pikantuk petangan dening ingkang estri adhedhasar petangan neptu saking calon penganten kekalih lan sakpanunggalanipun.
Sasampunipun ngempalaken data wonten ing tabel adat ngawontenaken upacara pawiwahan wonten ing Serat Centhini, data kala wau dipunperang dados kalih
bagean, inggih menika cara nemtokaken bakal mantu sarta tata cara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini. Sanesipun, pirembagan wonten ing
panaliten menika dipuntandhingaken kaliyan adat lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi ing wekdal samenika. Ing ngandhap menika badhe dipunandharaken pirembagan
asil deskripsi caranipun nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini.