Tarub Tatacara upacara pawiwahan

157 menika dipunsukani tabel masang tarub ingkang nedahaken babagan petangan kangge nemtokaken dinten masang tarubipun. Tabel 4. Petangan kangge nemtokaken dinten masang tarub. Tanggal Nama Petangan Petangan 1, 8, 15, 22, 29 Tarub ratu tarub sri naranata Kagunganipun ratu raja, boten sae 2, 9, 23, 30 Seluman lanang Boten sae 3, 10, 17, 24 Seluman dyah Boten sae 4, 11, 18, 25 Rahayu basuki Suka raharja 5, 12, 19, 26 Rahayu selamet tama Pinaringan selamet lan barokah 6, 13, 27 Pati lanang Boten sae 7, 14, 21, 28 Pati estri Boten sae 2 Masang Tarub Miturut Bratawidjaja 1995: 24, tarub inggih menika tembung aran awujud gedhong utawi bangunan ingkang dipunginakaken sawetawis wekdal upacara dipunwontenaken. Tarub gadhah nilai simbolis, inggih menika wekdal damel tarub wonten sarat lan saben sarat ngemot piwulang religius. Sarat kasebut dipunwastani srana lan sajen tarub kanthi tema pokok supados wekdal ngawontenaken upacara adat pikantuk kaslametan, rahmat lan barokah saking Gusti sarta boten wonten alangan menapa kemawon. Sakderengipun ngawontenaken upacara pawiwahan, limrahipun tiyang Jawi mbukak griyanipun lan masang tarub. Ing tarub kasebut dipundamel kalih kembar mayang ingkang dipundamel kanthi gotong royong dening masarakat. Wonten ing 158 Serat Centhini , bab kasebat dipunandharaken wonten ing jilid V pupuh 356 sekar Dhandhanggula pada 46 dumugi 48. Pupuh kasebat dipunkutip ing ngandhap menika. sira kabeh mila ngongtimbali, apa saparentahe nakira, Ki Jayengraga kang angreh, gawene pulunanmu, pan dadakan sadini iki, bladhahen wismanira, iya mumpung esuk, banjur tetaurba pisan, si Panukma lan Panamar sunbubuhi, ana sajroning wisma. Ladenana mbokayunireki, mangsa bodhowa roro sira, lan bojomu sakarone, sandika kang tinuduh, angling malih mring santri Luci, gaweya kembar mayang, rong jodho kang patut, kumpulna sapa kang bisa, lan malihe mundhut tutuwuhan cengkir, pisang tebu rejuna. Marang para lurah santri-santri, kang liningan Luci sigra mentar, andhawuhaken pundhutane, samya ngupaya gupuh, pisang raja lan cengkir legi, tebu rejuna angsal, katur sadaya wus, pinasang aneng sasaka, sawarnine saka tetarup tan kari, sinungan tutuwuhan. Terjemahan : “Kalian semua kupanggil adalah supaya semua perintah Jayengraga kau turuti yaitu mengenai pesta keponakanmu Tambangraras. Aku tahu harinya sudah amat mendesak. Bukalah rumahmu, pasanglah tarub. Kau Panukma dan Panamar bantulah isteriku, terserah kau berdua. Istrimu berdua perintahkan ke mari”. Ki Bayi berkata kepada Santri Luci, “Buatkanlah kembar mayang dua pasang yang bagus. Kumpulkan orang- orang yang bisa mengerjakan. Ambillah di tempat para lurah santri cengkir kelapa muda, pisang, tebu rejuna ‘arjuna’. Santri Luci segera pergi melaksanakan perintah Ki Bayi. Orang-orang segera mencari pisang raja, cengkir manis, dan tebu rejunai arjuna. Semua keperluan telah didapat segera dipasang pada tiang. Tiang tarub tidak lupa diberi hiasan dedaunan, Konteks cariyos saking pethikan kasebat inggih menika Ki Bayi ingkang ngutus lare lan santrinipun kangge mbikak griyanipun sarta masang tarub amargi badhe ngawontenaken upacara pawiwahanipun Niken Tambangraras lan Syekh Amongraga. Ki Panukma lan Panamar dipunutus kangge mbikak griyanipun lan masang tarub. 159 Santri Luci dipunutus kangge damel kembar mayang sajodho ingkang sae. Indikator saking andharan kasebat inggih menika gaweya kembar mayang, rong jodho kang patut . Kembar mayang menika dipunginakaken kangge hiasan wonten ing upacara pawiwahan saking upacara midadareni dumugi panggih. Sanesipun damel kembar mayang, ugi damel tutuwuhan. Tutuwuhan ingkang dipunginakaken miturut ing Serat Centhini inggih menika cengkir, pisang lan tebu rejuna utawi arjuna. Cengkir ingkang dipunginakaken inggih menika cengkir legi utawi cengkir gadhing. Bab kasebat dipunsebataken wonten ing indikator andhawuhaken ngupaya gupuh, pisang raja lan cengkir legi . Miturut Pringgawidagda 2006: 82 cengkir menika wujudipun endah, bunder lan padhang. Jarwo dhosok cengkir inggih menika kencenging piker . Menika pralambang bilih tiyang sepuhipun kencenging piker utawi sarujuk badhe nikahaken penganten kekalih. Wujud cengkir ingkang bunder pralambang tekadipun. Wonten ing salebeting cengkir wonten tirta nirmala utawi toya suci saking sesakit. Toya kasebat minangka pralambang sucining tekad, saengga pagesanganipun saged paring paedah dhumateng sasami kadosta cengkir. Tembung gadhing wonten ing basa Sanskerta tegesipun waja. Waja gadhing pralambang kakiyatan anggenipun gesang. Pisang ingkang dipunginakaken kangge tuwuhan inggih menika pisang raja. Bab kasebat dipuntedahaken wonten ing indikator andhawuhaken ngupaya gupuh, pisang raja lan cengkir legi . Ingkang dipunginakaken pisang raja amargi wit pisang raja awujud tetuwuhan ingkang gampil tuwuh dan kathah wohipun. Menika minangka