Ijab 18, dan 25, semuanya sama, akan selamat sejahtera.
                                                                                175
2 Acara Ijab
Wonten kalih versi cara nglampahaken ijab utawi akad nikah wonten ing Serat Centhini
, inggih menika tata cara ingkang dipunandharaken dening Syekh Wakidiyat kaliyan  tata  cara  ijab  wonten  ing  pawiwahannipun  Syekh  Amongraga  lan  Niken
Tambangraras. Ing  ngandhap  menika  tata  caranipun  ijab  miturut  andharanipun  Syekh
Wakidiyat: 1
Penganten kakung dipunlenggahaken ing sisih wetan ing madhep pengulu, wali ing sisih leripun pengulu, kalih tiyang saksi ing tengenipun.
2 Saksampunipun jangkep, wali ngendika dhumateng pengulu:
Kiyai pangulu, kula ngrêsaya satuhu dhumatêng ijêngandika ningkahakên anakulun  wadon  aran  Anu  rara  angsal  lawan  bagus  Anu.  Kalawan
maskawin slake pêthak satail wratipun kinêncèng tuwin kasambut kula èstu sampun suka.
jilid II pupuh 103 sekar Jurudemung pada 27-28 Terjemahan :
“Kiai penghulu, saya minta tolong kepada Kiai untuk menikahkan anak saya perempuan  yang  bernama  Rara  Anu  dengan  Bagus  Anu  dengan  mas  kawin
slaka pethak ‘perak putih’ seberat setahil ’38,60 gram’, tunai atau dipinjam saya perbolehkan.”
3 Ki  Pengulu  saksampunipun  nampi  panyuwunipun  wali,  lajeng  ngendika
dhumateng penganten kakung kados mekaten:
Bagus Anu jêngandika, tampèni paningkahipun Rara Anu anakipun  wadon Ki  Anu  kalawan  maskawin  salaka  pingul  bobot  satail  punapa  kinêncèng
tuwin kasambut.
176
Terjemahan : “Bagus  Anu,  Anda  terima  nikah  Rara  Anu,  anak  perempuanputri  Ki  Anu
dengan mas kawin perak setahil beratnya. Anda terima tunai atau di pinjam?”
4 Penganten kakung mangsuli:
Mas kawin kawula sambut.
jilid II pupuh 103 sekar Jurudemung pada 30. Terjemahan :
“Mas kawin saya pinjam.” 5
Ki Pengulu ugi ngendika dhumateng wali bilih mas kawinipun dipunsambut. 6
Ki Pangulu lajeng maos donga taawud. Donga taawud menika inggih menika:
Iya  angudubilahi  minassaitanirrajim,  bismillahir  rahmanir  rakim,  bismillah walkamdulil  lahi  rabilalamina,  wasalatu  wasalamu,  ala  Rusulillahi  salalahu
ngalaihi was salamusikum ngibadalah, wa nafsihi takuwalah.
jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 1-3
7 Dipunlajengaken kaliyan ngendika:
Anikahakên kawula ing rara Anu punika  Anak wadone Ki Anu ing jêngandika mas Anu  kalawan maskawin slaka putih satail kang bobotira.
jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 3-5.
Terjemahan : Saya menikahkan Rara Anu putri Ki Anu dengan Mas Anu, serta mas kawin perak
setahil  beratnya  putri  Ki  Anu  dengan  Mas  Anu,  serta  mas  kawin  perak  setahil beratnya.”
8 Penganten ngendika,
177
Nuwun  narima  kawula  paningkahe rara  Anu  ing  kawula  kalawan mas  kawin slaka pêthak mulya pan satail bobotira kawula sambut punika
jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 6-7.
Terjemahan : “saya terima nikah Rara Anu dengan saya serta mas kawin perak mulia”
9 Ki Pengulu saksampunipun miring wa barakal, wiwit donga taawud lan bismillah,
lajeng  donga  Allahuma  alim  lam  alaita  bainal  mai  batinna.  Allahuma  tawil ngumurrahuma wa sakih aji sadahuma wa nawira kulubahuma wa sabit
. Innama huma wa aksin akamala huma wa wasih arjaka huma wa ilahi kaerikia riba huma.
Fiddini wal dunya wal akhirah iinaka ngala kulli sain kodir . jilid II pupuh 105
sekar Salisir pada 8-11 10
Saklajengipun  saksi  ngucap  janji  dhumateng  penganten  kakung,  ingkang wosipun:
Ki  pangantèn  dhawuh  nata  jêngandika  angèstokna  manawi  ijêngandika Nambang  rabi  jêngandika  mbok  rara  Anu  punika  pitung  sasi  lakon  dharat
rong tahun nabrang samodra. Saliyane nglakonana ayahan dalêm sri nata tan trimane  bojo  ndika  inggih  bok  Anu  punika.  Bapak  dhumatêng  ing  kakim
andika  lajêng  ngrêntahna  ing  talak  ndika  satunggal  myang  bayar maskawinira.
jilid II pupuh 105 sekar Salisir pada 12-15. Terjemahan :
Ki pengantin, hendaklah Anda mematuhi sabda raja. Jika Anda meninggalkan istri Anda  Rara  Anu  tujuh  bulan  perjalanan  darat,  dua  tahun  perjalanan  samudra,
178
kecuali  menjalankan  tugas  kewajiban  negara,  kalau  istri  Anda  Rara  Anu  tidak dapat menerima akan hal itu, lalu rapak menghadap hakim, Anda hendaknya lalu
menjatuhkan talak satu serta membayar mas kawin Anda.” 11
Penganten kakung ngendika “gya”.
12 Lajeng penganten sasalaman kaliyan pengulu.
13 Dipunlajengaken kaliyan ujung utawi bekti dhumateng tiyang sepuh.
Tata cara upacara ingkang dipunlampahaken nalika upacara pawiwahannipun Syekh Amongraga kaliyan Niken Tambangraras radi beda kaliyan versinipun Syekh
Wakidiyat. Menika tata caranipun: Ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, penganten kakung medal saking
papanipun dipuniringaken kaluwarganipun tumuju papan kangge ijab, inggih menika masjid  utawi  pendhapa  griyanipun  penganten  putri.  Saking  papanipun  tumuju  ing
papan ijab, penganten dipunpayungaken payung ijem semu jenar lan dipuniring dening para santri ingkang nabuh terbang lan sesingiran.
Papan palenggahan kangge saben tiyang sampun dipuntata. Ingkang lenggah ing sisih kilen inggih menika pengulu lan para saksi. Ingkang lenggah ing sisih wetan
inggih  menika  wali  saking  penganten  putri  lan  saksi.  Menawi  penganten  kakung lenggah ing ngajeng.
Saksampunipun  lenggah  sadaya,  wali  penganten  putri  nyuwun  dhumateng pengulu  supados  nikahaken  putrinipun  kanthi  nyebataken  mas  kawinipun.  Lajeng
pengulu nampi pangajabipun lan nglampahaken. Saklajengipun Ki Pengulu ngijabaken, donganipun kados mekaten:
179
Bismillahirahman  nirakim  ngusikum  ngibadallah  wanapsi  wabi  takwalahi ankahtu wangidun binta pulanin mintabi mahri. Kada pan mangkono ingsun
ningkahakên maring Nikèn Tambangraras lan Ki Amongragi kalawan mas- kawin Kuran ingkang agung. Pakênira ngucap angabuli.
Terjemahan : Bismillahirahman  nirakim  ngusikum  ngibadallah  wanapi  wabi  takwalahi
ankahtu  wangidun  binta  pulanin  mintabi  mahri.  Saya  menikahkan  Niken Tambangraras  dengan  Ki  She  Amongraga  dengan  mas  kawin  Quran  yang
agung.  Amongraga  engkau  harus  mengucapkan  kesediannya.
jilid  II  pupuh 357 sekar Mijil pada 334-340.
Saklajengipun penganten kakung ngendika :
Anrima kula ing paningkahe Nikèn Tambangraras lawan mami mas-kawin Kuran-i ngalim ingkang agung.
Terjemahan : “Saya terima nikah Niken Tambangraras denganku serta mas kawin Quran
yang agung.” Ki Pengulu ngucap:
Wa  barakallahu ngala kaher  wa bi  palalihi  Allahuma alipbinahume kama alapta baenalmaki, walbarli wasalji watin
Saksi ngucap janji kaliyan nyepeng jempol,
ndika  tampi  jangji-dalêm  dene  samangsane  pakênira  mangkin  aningal mring rabi tri taun ing laut
Terjemahan : “Engkau  terima  janjiku.  Adapun  kelak  jika  engkau  meninggalkan  istri  tiga
tahun lamanya untuk berlayar pitung sasi  ing dharatan benjing liya karyèng katong tan trimane rabinira
mangke pêsthi pêgat tanpa talak sarwi tinagih sri-kawin.
180
Terjemahan : atau  tujuh  bulan  di  darat  dan  istrimu  tidak  menyetujuinya,  engkau  harus
menceraikan tanpa talak.” Amongraga menyetujui.
Saksampunipun  penganten  kakung  nyaguhaken,  saksi  sanesipun  sigra  maos donga  ngumur.  Tiyang  kathah  mangsuli  kanthi  ngucap  amin  sesarengan.  Sampun
paripurna  acara  ijab  menika.  Penganten  kakung  lajeng  ngaturaken  bekti  dhumateng pada sesepuh, pengulu, lan para paman.
                