Pangertosan Kabudayan GEGARAN TEORI

12 3. Organisasi sosial kemasyarakatan 4. Sistem peralatan hidup lan teknologi 5. Sistem mata pencaharian hidup 6. Sistem religi 7. Kesenian Perkawis babagan basa utawi system pralambang manungsa ingkang lisan utawi seratan kangge komunikasi paring deskripsi babagan titikan ingkang wigatos saking basa ingkang dipunucapaken dening satunggaling suku bangsa ingkang gegayutan, sarta variasi-variasi saking basa kasebut. Basa saking satunggaling suku bangsa, mliginipun satunggaling suku bangsa ingkang ageng, ingkang kaperang saking jutaan pendhudhuk mesthi nedahaken satunggaling variasi ingkang dipuntemtokaken dening perbedaan dhaerah kanthi geografi utawi dening lapisan sarta lingkungan sosial wonten ing masarakat suku bangsa wau. Perkawis babagan teknologi utawi cara-cara memproduksi, migunakaken, lan njagi sabarang pirantos saking suku bangsa wonten ing karangan etnografi, cekap matesi piyambakipun dhateng teknologi ingkang tradisional, inggih menika teknologi saking pirantos ingkang boten utawi namung dipunmangaribawani dening teknologi ingkang asalipun saking kabudayan Eropa utawi kabudayan Kilen. Kawigatosanipun para ahli antropologi dhumateng sabarang werni sistem mata pencaharian utawi sistem ekonomi namung ing sistem-sistem ingkang asipat tradisional. 13 Saben pagesangan masarakat dipunatur dening adat istiadat lan pandom- pandom babagan sabarang perkawis ing lingkungan pagesangan lan sesrawungan ing padintenan. Kesatuan sosial ingkang langkung caket inggih menika keluarga inti ingkang caket lan sederek sanesipun. Lajeng wonten kesatuan-kesatuan ing sakjawinipun sederek, nanging taksih ing lingkungan komunitas. Amargi saben masarakat manungsa lan ugi masarakat desa kaperang ing lapisan-lapisan, pramila saben tiyang ing sakjawi sederekipun ngadepi lingkungan tiyang ingkang langkung inggil tinimbang lan ingkang sami drajatipun. Wonten ing satunggalipun etnografi limrahipun wonten saperangan bahan katrangan babagan sistem pengetahuan wonten ing kabudayan suku bangsa ingkang gegayutan. Bahan kasebut limrahipun ilmu babagan teknologi, ugi asring wonten katrangan babagan ilmu ingkang wigatos lan dipunanggep aneh dening panganggitipun. Sabarang kagiyatan manungsa ingkang gegayutan kaliyan religi adhedhasar satunggaling getaran jiwa, ingkang limrahipun dipunwastani emosi keagamaan religious emotion. Emosi kasebut ingkang dadosaken tiyang nglampahaken tindakan- tindakan ingkang asipat agami. Para panganggit etnografi ing wekdal pungkasan abad kaping 19 lan wiwitan abad kaping 20 ing asil karyanipun asring ngemot satunggaling deskripsi babagan pirantos-pirantos asil seni, seni rupa, mliginipun seni patung, seni ukir, utawi seni hias. Koentjaraningrat, 2009: 261- 298 14 Saben unsur kabudayan universal kasebut, sampun tamtu ugi wonten ing tigang wujud kabudayan inggih menika ingkang awujud sistem budaya, sistem sosial, lan unsur-unsur kabudayan fisik. Tuladhanipun unsur sistem mata pencaharian saged dipun perang dados sub-unsur kadosta : perburuan, peladangan, pertanian, peternakan, perdagangan, perkebunan, industri pertambangan, industri jasa, lan industri manufaktur . Saben bagean wau gadhah wujud dados sistem budaya ingkang kita sebut adatipun; wujudipun dados sistem sosial ingkang badhe dipun sebut aktifitas sosialipun; lan wujud ingkang fisik ingkang awujud saperangan pirantos ingkang awujud pirantos-pirantos kabudayan. Unsur organisasi ugi wonten adatipun, kagiyatan sosialipun, sarta pirantos fisikipun, babagan saperangan sub-unsuripun kadosta : sistem kekerabatan ipun, sistem komuniti, sistem pelapisan sosial, sistem pimpinan, sistem politik lan sakpanunggalanipun.

C. Pawiwahan wonten ing Masarakat Jawi

Nikah inggih menika satunggaling prastawa sakral wonten ing kagesanganipun masarakat Jawi, saengga kangge nglaksanakaken kedah dipun wiwiti saperangan prastawa ingkang asring kraos awrat. Saperangan syarat kedah dipunlampahaken, saperangan pandom ugi kedah dipun laksanakaken. Koentjaraningrat 1984: 90 nyebataken bilih pawiwahanpalakrama awujud pirantos kangge ngatur tumindakipun masarakat ingkang gegayutan kaliyan pagesangan seksipun lan ugi ngatur babagan pandoming hak lan kuwajiban sarta nglindungi asiling palakrama, inggih menika putranipun. Adhedhasar saking 15 pangertosan menika pawiwahan saged dipuntegesaken minangka ikatan palakrama antawisipun tiyang jaler lan estri ingkang dipunlampahaken jumbuh kaliyan pandoming hukum lan ajaran agami, ingkang ngatur pagesangan seks lan pandom antawisipun hak an kuwajiban sarta nglindungi asiling palakrama, inggih menika putranipun. Kangge masarakat, mliginipun masarakat Jawi palakrama awujud perkawis ingkang suci lan dipunanjab dipunlampahaken namung kaping satunggal kemawon. Mila mekaten, anggenipun nyiapaken ubarampe lan nalika nglampahaken upacara masarakat Jawi asring migunakaken petungan-petungan. Wonten ing masarakat Jawi wonten saperangan rerangkening prastawa pawiwahan ingkang taksih nglampahake adat tata cara kuna inggih menika nalika milih jodho dumugi nalika nglampahaken upacara pawiwahan. Rerangkening adat tata cara kasebut dipunandharaken ing ngandhap menika.

1. Nemtokaken bakal mantu

Masarakat Jawi ngatos-atos sanget anggenipun nemtokaken bakal mantunipun. Perkawis kasebut dipunlamhaken kanthi pangajab ingkang kakung lan estri sasampunipun nikah saged ayem lan tentrem. Supados pangajab kasebut saged dipunwujudaken, pramila nemtokaken bakal mantu wonten ing masarakat Jawi dipuntemtokaken dening saperangan sarat ing antawisipun : bibit, bobot, bebet lan pasatowan salaki rabi . Bibit inggih menika sarat nemtokaken bakal mantu kanthi ningali trahipun. Tegesipun tiyang sepuhipun ingkang kakung utawi estri ingkang badhe 16 dipunkramakaken nliti bakal mantunipun kados pundi badhanipun cacat utawi boten, lan turunanipun sinten. Bobot tegesipun abot utawi awrat. Ing bab bobot kasebut nemtokaken bakal mantu dipuntliti saking bandanipun. Dene bebet awujud sarat nemtokaken bakal mantu saking pangkat sosialipun. Pangkat kangge masarakat Jawi jaman rumiyin gegayutan kaliyan menapa bakal mantunipun priyayi menapa naming rakyat biyasa. Nanging ing wekdal samenika, bebet saged dipunpirsani saking tingkat pendhidhikan pungkasan utawi padamelanipun. Bab sanesipun ingkang ugi wigatos wonten ing nemtokaken bakal mantu inggih menika pasatowan salaki rabi. Hadiatmaja 2009: 116 nyebataken bilih pasatowan salaki rabi inggih menika pandom pados jodho adhedhasar nama, dinten miyos, lan neptu. Pandom kasebut dipunlampahaken kangge calon penganten kekalih saking ingkang kakung lan ingkang estri. Wonten ing bab pados jodho, ing masarakat Jawi wonten saperangan pantanganipun. Pantangan kasebut miturut Depdikbud 1977: 190 kados mekaten. a Nikah kaliyan sederek misan, b Nikah kaliyan ipar utawi sederek ipar ingkang dening tiyang Jawi dipunwastani krambil sejanjang , amargi masarakat pitados bilih menawi perkawis menika dipunlampahaken salah satunggalipun badhe seda, c Nikah kaliyan tilas marasepuh, d Nikah kaliyan tiyang ingkang boten jumbuh kaliyan neptunipun, e Tumbak-tumbakan, inggih menika nikah kaliyan sederek kandungipun, f Pancer lanang, inggih menika putra saking kalih sederek kandung kakung. 17 Saperangan masarakat Jawi taksih pitados kaliyan pantangan kasebut amargi menawi tetep dipunlampahaken dipunpitados saged ngawontenaken perkawis ingkang ngrugikaken calon penganten utawi kaluwarganipun.

2. Tata cara upacara pawiwahan

pawiwahan kangge masarakat Jawi dipunpitados minangka perkawis ingkang suci, dados anggenipun ngawontenaken kaperang saking maneka warna adicara lan ubarampe ingkang awrat. Cak-cakan utawi rerangkening adicara pawiwahan miturut Depdikbud 1977: 191-199 inggih menika kados mekaten. a. Nontoni, awujud proses ningali saking caket kaluwarga lan pribadhinipun kenya ingkang dados bakal mantu. b. Nglamar. c. Paningsetan, gadhah ancas kangge paring tandha kanthi simbolis bilih kenya ingkang sampun dipunlamar saderengipun sampun kaiket minangka garwa. d. Pasok tukon utawi srah-srahan, awujud acara paring pirantos-pirantos dhumateng calon penganten putri saking calon penganten kakung, gadhah ancas kangge mbiyantu kabetahanipun upacara pawiwahan ingkang badhe dipunlaksanakaken. e. Pingitan, awujud prastawa calon penganten putri boten kenging pinanggih kaliyan calon garwanipun lan ugi boten kenging medal saking griyanipun. Sanesipun, calon penganten putri kedah njagi badhanipun kanthi ngunjuk jampi lan siram luluran lan siyam pitung dinten.