154
Ing wekdal samenika ingkang nglampahaken acara paningset namung sakedhik. Miturut panalitenipun Nurhayati 2001: 32, saking 25 upacara pawiwahan
ingkang dipuntliti, namung 4 kasus ingkang nglampahaken acara paningset. Sanesipun dipunlampahaken sesarengan kaliyan srah-srahan. Alesanipun supados langkung
ringkes lan langkung ekonomis. 4 kasus ingkang nglampahaken paningset nglampahaken kanthi alesan adat saking luluhur. Pirantos-pirantos ingkang dipunbekta
sampun dipunjumbuhaken kaliyan kabetahan ing wekdal samenika, saengga wonten pangirangan utawi jinis pirantosipun dipungantos.
h. Tarub
1 Petangan Masang Tarub
Supados pikantuk slamet nalika ngawontenaken damel, masarakat Jawi asring migunakaken petangan kangge nemtokaken dinten sae lan awonipun. Petangan kados
mekaten ugi dipunginakaken nalika badhe masang tarub kangge upacara pawiwahan. Wonten ing Serat Centhini, petangan kangge masang tarub menika dipunandharaken
wonten ing jilid I pupuh 30 sekar Sinom pada 19 lan 20. Wonten ing Serat Centhini dipunsebataken bilih petangan kangge masang tarub wonten pitu. Ing ngandhap menika
dipunkutip pupuh ingkang ngandharaken bab kasebat.
Adeging tarub punika, pepitu etanganeki, awite tanggal sapisan, tarub-ratu den wastani, tanggal kapindho nenggih, seluman lanang ranipun, ping tiga
seluman dyah, ping pat rahayu basuki, kaping lima rahayu salamet tama.
Kaping neme pati lanang, kaping pitu pati estri, ping wolu sami sapisan, tekeng sapiturutneki, mangkya ingetang sami, kaping saping ping wolu,
limalas rolikur lan, sangalikuripu nenggih, pan ingaran tarube sri naranata. jilid I pupuh 30 sekar Sinom pada 19 lan 20
155
Terjemahan : Pemasangan tarub itu, ada tujuh hitungannya, dari tanggal pertama, disebut
tarub ratu, tanggal kedua itu seluman lanang disebutnya, yang ketiga seluman dyah, keempat rahayu basuki, kelima rahayu salamet tama.
Pada urutan ke-enam pati lanang, ke-tujuh pati-estri, ke delapan sama dengan yang pertama, dan seterusnya, nanti dihitung sama. Yang pertama sama
dengan ke delapan, 15, 22, dan dua puluh Sembilan, itu disebut tarub sri naranata.
Saking pethikan ing nginggil kasebat katingal bilih anggenipun masang tarub menika wonten pitu petanganipun. Wiwit saking tanggal kaping satunggal
dipunwastani tarub ratu, tanggal kaping kalih dipunwastani seluman lanang, kaping tiga seluman dyah, kaping sakawan rahayu basuki, kaping gangsal rahayu slamet tama,
kaping enem pati lanang, kaping pitu pati estri. Ingkang kaping wolu sami kaliyan ingkang kaping satunggal, lan salajengipun dipunetang sami. Wonten ing pethikan
saking Serat Centhini jilid I pupuh 30 sekar Sinom pada 20 dumugi 22 ing ngandhap menika dipunsebataken tanggal-tanggal ingkang lumebet ing saben nama petangan
sarta sipatipun ing nginggil menika. Kaping neme pati lanang, kaping pitu pati estri, ping wolu sami sapisan, tekeng
sapiturutneki, mangkya ingetang sami, kaping saping ping wolu, limalas rolikur lan, sangalikuripu nenggih, pan ingaran tarube sri naranata.
Pindho sanga ping nembelas, telulikur tridaseki, seluman lanang ingaran, ping tiga sadasa tuwin, seluman wadon puniku, kaping pat ping sawelas,
wolulas salawe nenggih, apan sami rahayu kawilujengan.
Kaping lima kaping rolas, sangalas nemlikur sami, rahayu tur karaharjan, ping nem ping telulas tuwin, dwidasa saptakuring, ngaran pati lanang iku,
ping pitu ping patbelas, slikur wolulikur sami, ingaranan pati wadon tan prayoga.
156
Terjemahan : Pada urutan ke-enam pati lanang, ke-tujuh pati-estri, ke delapan sama dengan
yang pertama, dan seterusnya, nanti dihitung sama. Yang pertama sama dengan ke delapan, 15, 22, dan dua puluh Sembilan, itu disebut tarub sri
naranata.
Dua dan Sembilan kali, sama hitungan ke-16, 23 dan 30, seluman lanang disebut, tiga kali dengan sepuluh, seluman-dyah itu, ke empat kali mulai dari
11, 18, dan 25, semuanya sama, akan selamat sejahtera.
Ke lima sama dengan ke-12, ke 19 dan ke 26, sama, akan mendapat keselamatan dan keberkahan, duapuluh tujuh yang disebut pati lanang iku, ke
tujuh dan ke empatkelas, mulai dari 21 dan 28, sama, disebut pati-dyah tidaklah baik.
Pethikan ing nginggil ngandharaken babagan tanggal sarta sipatipun kangge ngadegaken tarub. Tanggal kaping satunggal, 8, 15, 22 lan 29 mlebet tarub sri naranata
utawi tarub ratu. Tanggal 2, 9, 16, 23 lan 30 mlebet seluman lanang. Ingkang mlebet ing seluman dyah tanggal 3, 10, 14 lan 24. Petangan tarub ratu, seluman lanang lan
seluman dyah menika tanggal ingkang boten sae dipunginakaken kangge masang tarub. Tanggal 4, 11, 18, lan 25 mlebet petangan rahayu basuki. Petangan kasebat sami
pinaringan rahayu lan kawilujengan. Tanggal 5, 12, 19, lan 26 mlebet ing petangan rahayu slamet tama
. Petangan menika bakal pinaringan rahayu lan karaharjan. Tanggal ingkang kirang sae miturut pethikan ing nginggil menika inggih
menika petangan pati lanang lan pati estri. Ingkang mlebet ing pati lanang inggih menika tanggal 6, 13 lan 27. Dene ingkang mlebet ing pati estri inggih menika tanggal
7, 14, 21 lan 28. Petangan ing nginggil menika jumbuh kaliyan petangan masang tarub ingkang
wonten ing Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 1980: 26-27. Ing ngandhap
157
menika dipunsukani tabel masang tarub ingkang nedahaken babagan petangan kangge nemtokaken dinten masang tarubipun.
Tabel 4. Petangan kangge nemtokaken dinten masang tarub.
Tanggal Nama Petangan
Petangan 1, 8, 15, 22, 29
Tarub ratu tarub sri naranata