Nemtokaken bakal mantu Pawiwahan wonten ing Masarakat Jawi

18 f. Pasang tarub, awujud symbol kangge pangajab-pangajab saking penganten sarimbit lan gadhah ancas kangge damel endahing papan kangge upacara pawiwahanipun. g. Siraman, adicara menika gadhah ancas kangge nyucikaken penganten sarimbit. h. Midodareni, awujud acara tirakatan ingkang dipunlampahaken ing griyanipun calon penganten putri ing dalu sakderengipun upacara pawiwahan dipunlaksanakaken. i. Ijab, acara menika saged dipunsebat acara inti saking upacara pawiwahan. Ijab awujud rerangkening upacara pawiwahan ingkang gegayutan kaliyan ngesahaken palakrama antawisipun tiyang jaler lan estri minangka garwa dening pangulu utawi naib saking KUA. j. Panggih, awujud acara dipunpanggihaken penganten kekalih kangge dipunsandingaken ing patanen. Wonten ing upacara panggih menika wonten saperangan acara, kadosta: balangan gantal, midak antiga, wijikan, sindur binayung, bobot timbang, wisuda penganten, kacar-kucur, dhahar klimah . k. Upacara bukak kawah lan tumplak punjen. Upacara bukak kawah awujud upacara ingkang dipunlampahaken nalika mantu utawi ngundhuh mantu pembarep, dene tumplak punjen dipunlampahaken nalika mantu ingkang wuragil. l. Tilik besan, wonten ing adicara menika tiyang sepuhipun penganten kakung dipunpethuk dening tiyang sepuhipun penganten putri. m. Sungkeman, awujud upacara panutup ingkang dipunlampahaken kanthi cara penganten kekalih sungkem kaliyan kalih tiyang sepuhipun. 19

D. Panaliten ingkang Jumbuh

Panaliten babagan budaya ingkang jumbuh kaliyan panaliten menika inggih menika panalitenipun Bambang Supriyanto kanthi irah-irahan Unsur-unsur Kebudayaan Jawa Serat Centhini sebagai Alternatif Bahan Pengajaran Budaya Jawa di Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah FPBS IKIP Yogyakarta ingkang dipunlampahaken wonten ing taun 1993. Perkawis ingkang jumbuh wonten ing sumber data ingkang dipuntliti lan cara analisisipun. Panaliten menika migunakaken sumber data ingkang sami kaliyan panalitenipun Bambang Supriyanto, inggih menika migunakaken naskah klasik Jawi kanthi irah-irahan Serat Centhini. Cara panaliten ingkang dipunlampahaken wonten ing panaliten menika ugi sami, inggih menika migunakaken metode deskriptif ingkang ngandharaken unsur-unsur budaya wonten ing Serat Centhini. Ingkang dadosaken panaliten menika beda inggih menika Bambang Supriyanto naliti sadaya perkawis kabudayan ingkang wonten ing Serat Centhini kanthi wiyar, menawi panaliten menika namung nliti adat lan tata upacara pawiwahan ingkang wonten ing Serat Centhini. 20

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Jinis panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika content analysis utawi analisis isi kangge ngandharaken kados pundi cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini . Endraswara 2012: 84 ngandharaken bilih wosing desain analisis konten utawi content analysis budaya inggih menika migunakaken strategi simultan ingkang dipunwiwiti nemtokaken sampel, nemtokaken satuan analisis, cara nganalisis data, lan damel dudutan.

B. Data lan Sumber Data

Panaliten menika sumberipun saking Serat Centhini Latin jilid 1 dumugi jilid XII. Isi saking sadaya jilid wonten 3.493 kaca, ukuran bukunipun 20 x 15 cm, sampul bukunipun biru tuwa. Serat Centhini Latin menika asil pelatinan saking Serat Centhini anggitanipun Paku Buwana V dening Karkono Kamajaya, ingkang saklajengipun dipunterbitaken dening Yayasan Centhini Yogyakarta wonten ing taun 1985 lan taun 1991. Miturut panaliti saksampunipun maos Serat Centhini Latin kanthi global jilid 1I – XII mila saged dipundudut bilih boten sadaya jilid Serat Centhini wonten unsur- unsur adat lan upacara pawiwahan adat Jawi ingkang badhe dipuntliti. Pramila kangge 20