9
ing tigang wujud makna dasar saking hermeneuein lan hermeneia. Tigang wujud kasebut migunakaken verba saking hermeneuein, kados mekaten.
Ingkang kaping satunggal, hermeneuein minangka to express ngungkap, to assert
negasaken, utawi to say ngendikakaken, bab menika gegayutan kaliyan ginanipun pesan saking Hermen.
Kaping kalih, hermeneuein minangka to explain ngadharaken, interpretasi minangka andharan nengenaken bab pemahaman diskursif. Interprestasi langkung
nengenaken ing andharanipun tinimbang dimensi interpretasi ekspresif. Perkawis ingkang langkung esensial saking tetembunganipun boten ing ngendikakaken, nanging
ngandharaken lan ndadosaken cetha. Ingkang kaping tiga, hermeneuein minangka to translate. Ing dimensi menika
to interpret nafsiraken tegesipun to translate nerjemahaken ingkang awujud wujud
khusus saking proses interpretative dhasar “mbekta satunggaling perkawis kangge dipunmangertos”.
Miturut Faiz 2011: 21, tembung hermeneutika hermeneutics awujud tembung aran noun, tembung menika ngemot tigang teges: 1 ilmu tafsir, 2 ilmu
kangge mangertos teges ingkang wonten ing tetembungan lan andharanipun panganggit, lan 3 nafsiraken kanthi khusus ingkang nedahaken tafsir kitab suci.
B. Pangertosan Kabudayan
Tembung kabudayan saking basa Sansekerta buidhayah inggih menika wujud jamak
saking buddhi ingkang tegesipun budi utawi akal. Mila mekaten ka-budaya-an
10
saged dipunwastani bab-bab ingkang gegayutan kaliyan akal utawi budi Koentjaraningrat, 1985: 186.
Wonten tigang wujud kabudayan miturut Koentjaraningrat 1985: 186-187. Wujud kaping satunggal minangka ide, pamanggih, piwulang, utawi norma. Wujud
kaping kalih, kabudayan minangka aktifitas utawi pola kagiyatan manungsa wonten ing masarakat. Kaping tiga inggih menika wujud kabudayan minangka pirantos-
pirantos asil cipta manungsa. Wujud ingkang kaping satunggal wujudipun abstrak, saengga boten saged dipunpirsani ngangge indra paningal. Wujud menika wonten ing
saklebeting pikiran masarakat. Ide utawi pamanggih mesthi gegayutan lan boten saged dipunicalaken ing antawisipun ingkang satunggal lan sanesipun. Perkawis kasebut
dipunwastani sistem. Koentjaraningrat ngandharaken bilih tembung adat wonten ing basa Indonesia inggih menika tembung ingkang sami kangge nggambaraken wujud
kabudayan ingkang kaping satunggal ingkang awujud ide utawi pamanggih menika. Dene wujud jamakipun dipunwastani adat istiadat. Wujud kabudayan ingkang kaping
kalih dipunwastani sistem sosial. Sistem sosial dipunandharaken Koentjaraningrat minangka sabarang kagiyatan manungsa utawi sabarang wujud kagiyatan manungsa
ingkang interaksi kaliyan manungsa sanesipun. Kagiyatan menika dipunlampahaken saben wekdal lan damel pola-pola tartamtu adhedhasar adat ingkang sampun
dipuntemtokaken ing masarakat kasebut. Dening Koentjaraningrat, kagiyatan- kagiyatan ingkang gadhah pola kasebut dipunwastani minangka sistem sosial. Sistem
sosial wujudipun nyata amargi saged dipunpirsani pola-pola kagiyatanipun ngangge indra paningal. Salajengipun wujud kabudayan ingkang kaping tiga dipunwastani
11
kabudayan fisik. Wujud kabudayan menika sipatipun nyata amargi awujud pirantos- pirantos saking asil cipta, karya, kagiyatan, aktivitas, utawi padamelan manungsa ing
masarakat. Saking tigang wujud kabudayan kasebut cetha bilih wujud ingkang kaping
satunggal kaliyan kaping kalih awujud asil utawi isi saking akal lan budi manungsa ingkang wujudipun non fisik, menawi wujud ingkang kaping tiga awujud karya
manungsa ingkang wujudipun fisik utawi material. Saking saperangan pamanggih saged dipundudut bilih kabudayan inggih
menika asil budi daya ingkang wujudipun sadaya sistem pamanggih, tindakan lan asil karyanipun manungsa, ingkang sipatipun material utawi non material ingkang ketingal
utawi boten ketingal wonten ing kagesanganipun masarakat ingkang dipun dadosaken kagunganipun manungsa kanthi sinau. Dados kabudayan menika saged awujud :
simbol-simbol, pamanggih-pamanggih, piwulang-piwulang, norma-norma, adat istiadat, hukum, ilmu, agami, seni, moral, masarakat, utawi awujud pirantos-pirantos
utawi bangunan-bangungan ageng. Koentjaraningrat 1985: 203-204 mendhet inti sari saking saperangan
kerangka babagan unsur-unsur kabudayan universal utawi cultural universals ingkang
dipun anggit dening saperangan sarjana antropologi, ing antawisipun inggih menika C. Klockhohn ing bukunipun Universal Categories of Cultur. Pitu unsur kasebut inggih
menika : 1.
Basa 2.
Sistem pengetahuan