Midadareni 18, dan 25, semuanya sama, akan selamat sejahtera.
171
Terjemahan : Kini berganti yang diceritakan. Tambangraras yang selalu ditemani Centhini
ada di rumah bagian belakang sedang dilulur dengan beras temu, keningar, asem pupus, dan lengkuas. Lalu diluluri oleh
Centhini. Setelah dilulur Tambangraras dimandikan. Centhini menggosok badan
Tambangraras sampai bersih. Setelah mandi, Konteks cariyos ing nginggil inggih menika Tambangraras ingkang nembe
dipunlulur dening Centhini. Lulur kasebut kaperang saking uwos temu, keningar, asem pupus, lan laos. Saksampunipun dipunlulur Tambangraras dipunsiram. Centhini
ngosokaken badhanipun Tambangraras ngantos resik. Bab menika jumbuh kaliyan pamanggihipun Naniek Saryoto 2012: 22 ingkang ngandharaken bilih saderengipun
nglampahaken upacara pawiwahan, calon penganten putri kedah sampun dipunlulur badhanipun. Nanging wonten malih bahan ingkang dipunginakaken kangge lulur
inggih menika ron pandhan, sekar kenanga, kencur, ron jeruk purut, lan bumbu lulur. Lulur menika dipunginakaken supados badhanipun calon penganten putri saged
langkung kuning, alus lan katingal endah. Ing wekdal rumiyin, limrahipun calon penganten putri dipunlulur tigang dasa gangsal dinten, nanging ing wekdal samenika
namung tigang dinten dumugi pitung dinten. Saksampunipun siram, calon penganten putri dipunpaes. Rikmanipun
dipunratus. Lajeng rikmasnipun dipunsisir lan dadosaken satunggal dipungelung sinekaran oncen-oncen anggitan gambir mlati minangka pemilih bebalunging gelung.
172
Bab menika dipunandharaken wonten ing Serat Centhini jilid VI pupuh 357 sekar Mijil pada 177-179 menika.
Apasatan sinjang seta nuli, wangsul prapta ing nggon, gya ingulik kinirab rikmane, pan winiwir jinêbadan amrik, rema mêmak wilis, apanjang
ambakung.
Wus ingêjum kang ura sinuri, ingimpun sinerong, pan kinêlun sinêkaran oncèn, -oncèn anggitan gambir mêlati, minangka pêmilih, bêbalunging
gêlung.
Terjemahan : Setelah mandi, dengan berkain putih Tambangraras kembali ke tempatnya
semula. Rambutnya yang basah dikibaskan, diasapi dengan wewangian. Rambut yang panjang itu kemudian disisir,
dihimpun menjadi satu diberi roncean bunga gambir, melati yang disusun rapi. Rambut kemudian dikonde, bagus bentuknya, sedang besarnya.
Konteks cariyos ing nginggil inggih menika Tambangraras balik wonten ing papanipun migunakaken jarik pethak. Rikmanipun dipunratus lan dipunsisir. Lajeng
dipungelung sinekaran oncen-oncen anggitan gambir mlati minangka pemilih bebalunging gelung. Ratus inggih menika cara nggaringaken rikmanipun calon
penganten sasampunipun siram kanthi cara tradisional lan supados rikmanipun calon penganten putri tansah arum Saryoto, 2012: 28.