Tata cara upacara pawiwahan

20

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Jinis panaliten ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika content analysis utawi analisis isi kangge ngandharaken kados pundi cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini . Endraswara 2012: 84 ngandharaken bilih wosing desain analisis konten utawi content analysis budaya inggih menika migunakaken strategi simultan ingkang dipunwiwiti nemtokaken sampel, nemtokaken satuan analisis, cara nganalisis data, lan damel dudutan.

B. Data lan Sumber Data

Panaliten menika sumberipun saking Serat Centhini Latin jilid 1 dumugi jilid XII. Isi saking sadaya jilid wonten 3.493 kaca, ukuran bukunipun 20 x 15 cm, sampul bukunipun biru tuwa. Serat Centhini Latin menika asil pelatinan saking Serat Centhini anggitanipun Paku Buwana V dening Karkono Kamajaya, ingkang saklajengipun dipunterbitaken dening Yayasan Centhini Yogyakarta wonten ing taun 1985 lan taun 1991. Miturut panaliti saksampunipun maos Serat Centhini Latin kanthi global jilid 1I – XII mila saged dipundudut bilih boten sadaya jilid Serat Centhini wonten unsur- unsur adat lan upacara pawiwahan adat Jawi ingkang badhe dipuntliti. Pramila kangge 20 21 langkung efektif lan efisien, dipunpilih saperangan jilid Serat Centhini ingkang jumbuh minangka sampelipun. Sampel ingkang dipunginakaken kangge panaliten menika migunakaken sampel bertujuan utawi purposive sample. Saksampunipun maos kalih welas jilid kasebut, panaliti pikantuk saperangan jilid ingkang wonten butir-butir adat lan upacara pawiwahan adat Jawi, inggih menika jilid 1, 2, 3, 4, 5, 6, lan 10.

C. Cara Ngempalaken Data

Jinis data ingkang wonten ing panaliten menika wonten kalih, inggih menika data primer lan data sekunder. Data primer inggih menika data ingkang dipunpendet langsung dening panaliten babagan obyek ingkang dipuntliti saking sumber panaliten. Data primer wonten ing panaliten menika inggih menika teks Serat Centhini. Dene data sekunder inggih menika data ingkang dipunpendet saking internet, sumber-sumber kapustakan sarta dokumen-dokumen sanesipun kangge mbiyantu lan minangka tetandhingan dhumateng analisis ingkang dipunlampahi. Wonten ing panaliten menika, panaliti migunakaken teknik ngempalaken data kanthi nglampahaken observasi dhumateng teks Serat Centhini. Observasi menika awujud proses ngempalaken data kanthi nglampahaken pengamatan dhumateng obyek ingkang dipuntliti. Observasi dipunlampahaken dening panaliti kanthi maos sadaya jilid Serat Centhini. Panaliti nyatet sabarang pupuh ingkang wonten gegayutanipun kaliyan cara nemtokaken bakal mantu sarta tatacara upacara pawiwahan adat Jawi. 22 Sasampunipun nyatet, panaliti damel koding cara nemtokaken data lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi.

D. Pirantining Panaliten

Pirantos panaliten inggih menika sarana kangge pados data utawi informasi ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten. Panaliten menika migunakaken kartu data minangka pirantos kangge pados data unsur adat lan upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini.

E. Cara Analisis Data

Analisis data wonten ing panaliten menika dipunlampahaken kanthi cara kualitatif. Analisis data kanthi kualitatif menika kangge ngandharaken kados pundi cara nemtokaken bakal mantu lan tatacara upacara pawiwahan adat Jawi wonten ing Serat Centhini . Cara analisis data ingkang dipunlampahaken wonten ing panaliten menika inggih menika Analysis Content utawi analisis isi. Cara ingkang dipunlampahaken inggih menika. 1. Ngempalaken Data utawi Unitizing Unitizing inggih menika upaya mendet data ingkang jumbuh kaliyan kabetahanipun panaliten, saged awujud teks, gambar, swanten lan data-data sanes ingkang saged dipunobservasi ing salajengipun. Unit inggih menika obyek panaliten ingkang saged dipunukur kanthi cetha, pramila kedah milih jumbuh kaliyan pitakenan