Wosing Panaliten Ancasing Panaliten

8

BAB II GEGARAN TEORI

A. Hermeneutika

Tembung hermeneutic asalipun saking basa Yunani hermeneuein ingkang tegesipun nafsiraken, lan tembung aranipun hermeneia ingkang tegesipun tafsiran utawi interpretasi, lan tembung hermeneutes ingknag tegesipun interpreter penafsir. Miturut Sumaryono 1999: 23-24 istilah Yunani ingkang gegayutan kaliyan tembung hermeneutic menika dipungayutaken kaliyan nama dewa Hermes, inggih menika utusan ingkang tugasipun ngandharaken pesan saking Jupiter dhumateng manungsa. Tugas Hermes nerjemahaken pesan saking dewa ing Redi Olympus menika ing basa ingkang saged dipunmangertos dening manungsa. Ginanipun Hermes dados wigatos amargi menawi wonten ingkang klentu anggenipun nampi pesan saking dewa saged dados perkawis kangge manungsa. Pramila Hermes minangka duta ingkang dipunsukani tugas ngandharaken pesan, lan kadadosan menapa boten tugas menika gumantung saking kados pundi pesan kasebut dipunandharaken. Saking mitos Yunani kasebut, tembung hermeneutic dipuntegesaken minangka proses ngubah kahanan boten mangertos dados mangertos, mliginipun proses menika gegayutan kaliyan basa amargi basa awujud pirantos ingkang paling sae wonten ing proses menika. Palmer, 2003: 15 Miturut Palmer 2003: 15-36 media lan proses mbekta pesan supados dipunpahamaken ingkang dipunasosiasikaken dening Dewa Hermes menika wonten 8 9 ing tigang wujud makna dasar saking hermeneuein lan hermeneia. Tigang wujud kasebut migunakaken verba saking hermeneuein, kados mekaten. Ingkang kaping satunggal, hermeneuein minangka to express ngungkap, to assert negasaken, utawi to say ngendikakaken, bab menika gegayutan kaliyan ginanipun pesan saking Hermen. Kaping kalih, hermeneuein minangka to explain ngadharaken, interpretasi minangka andharan nengenaken bab pemahaman diskursif. Interprestasi langkung nengenaken ing andharanipun tinimbang dimensi interpretasi ekspresif. Perkawis ingkang langkung esensial saking tetembunganipun boten ing ngendikakaken, nanging ngandharaken lan ndadosaken cetha. Ingkang kaping tiga, hermeneuein minangka to translate. Ing dimensi menika to interpret nafsiraken tegesipun to translate nerjemahaken ingkang awujud wujud khusus saking proses interpretative dhasar “mbekta satunggaling perkawis kangge dipunmangertos”. Miturut Faiz 2011: 21, tembung hermeneutika hermeneutics awujud tembung aran noun, tembung menika ngemot tigang teges: 1 ilmu tafsir, 2 ilmu kangge mangertos teges ingkang wonten ing tetembungan lan andharanipun panganggit, lan 3 nafsiraken kanthi khusus ingkang nedahaken tafsir kitab suci.

B. Pangertosan Kabudayan

Tembung kabudayan saking basa Sansekerta buidhayah inggih menika wujud jamak saking buddhi ingkang tegesipun budi utawi akal. Mila mekaten ka-budaya-an