Nyantri 18, dan 25, semuanya sama, akan selamat sejahtera.
                                                                                169
Terjemahan : Mulai  dari  malam  midadareni  ini,  calon  pengantin  wanita  akan  di  pingit
selama tiga hari. Calon pengantin wanita juga diharuskan untuk puasa. Konteks  cariyos  ing  nginggil  menika  inggih  menika  Ni  Milarsih  ingkang
dipundherekaken  para  wanita  njujug  badhe  pirsa  putrinipun,  Niken  Tambangraras, ingkang dipunpingit tigang dinten. Nalika dipunpingit Niken Tambangraras ugi kedah
siyam. Miturut Ariani lumantar Pringgawidagda, 2006: 95, pingitan kasebut gadhah ancas kangge nyiapaken badhanipun penganten utawi pangadining sarira.
Ing  dalu  midadareni  dipunwontenaken  wilujengan  ingkang  dipunwastani majemukan.  Majemukan  menika  dipunlampahaken  ing  wayah  dalu  lan
dipundherekaken  para  tamu  ingkang  rawuh  wonten  ing  tadarus  utawi  tilawah.  Bab kasebut  dipunsebataken  wonten  ing  Serat  Centhini  jilid  II  pupuh  130  sekar  Pocung
pada 46 lan 47.
Kyai juru neng surambi tumut ndarus, langkep sugatanya, rampung tilawat kendhuri, wus bibaran mantuk samya mbekta brekat.
Terjemahan : Kiai  Juru  di  serambi  ikut  tadarus.  Jamuannya  lengkap,  selesai  tilawah
kemudian  kenduri  atau  selamatan.  Setelah  selesai  mereka  pulang  dengan membawa berkat masing-masing.
Konteks cariyos menika inggih menika Kyai Juru ndherek tadarus la tilawat. Sasampunipun tilawat, dipunwontenaken kendhuri utawi wilujengan kanthi pasugatan
ingkang jangkep. Para tamu kondur mbekta berkat. Ing dalu menika kathah tamu kakung lan estri ing griyanipun calon penganten
kangge  leklekan.  Miturut  Koentjaraningrat  1981:  332,  wayah  sonten  sabibaripun
170
upacara wilujengan midadareni dipunlajengaken leklekan, inggih menika para sederek penganten  putri  sarta  tangga  kiwa  tengen  njagi  dalemipun  penganten  putri  ingkang
badhe dipunginakaken kangge upacara pawiwahan. Acara kasebut dipunlampahaken amargi  taksih  kathah  masarakat  Jawi  ingkang  pitados  bilih  ing  dalu  menika  para
widadari mandhap saking kayangan lan paring restu dhumateng pawiwahan menika. Kangge ngicalaken ngantuk, kathah padamelan dipunlampahaken dening para
tamu  ingkang  ndherek  leklekan  menika.  Para  tamu  kakung  ngrembag  babagan pasatowan.  Wonten  ugi  ingkang  lenggah-lenggah  kaliyan  caturan,  wonten  ingkang
namung  geguyon,  dolanan  rebana,  singiran  Jawi  lan  sanes-sanesipun.  Para  wanita kempal  ing  wingking  griya,  wonten  ingkang  cariyos  babagan  sinanggama  lan
sanesipun.
                