Perangan tiyang rewang Tatacara upacara pawiwahan
147
Èstri jalu nêtêpi rêmbag kang sampun, iyêg abipraya, tan ana cêngil-cinêgnil, wawangkiting ari dhatêng ing sumbangan.
Ambarubul datan ana kêndhatipun, Kêbogiro ngangkang, pra èstri tinampèn nyai, para jalêr Kyai Juru kang atampa.
Terjemahan : baik wanita maupun pria menetapi ketentuan yang telah disepakati dahulu.
Serempak seia-sekata tidak ada beda pendapat. Pada batas hari datangnya orang-orang yang memberi sumbangan
berbondong-bondong terus-menerus tidak ada hentinya. Gendhing Kebogiro berbunyi keras. Tamu-tamu wanita diterima Nyai Juru, sedangkan para tamu
pria ditemui Kiai Juru
Konteks cariyos pethikan kasebat inggih menika ing wawangkiting dinten tiyang-tiyang ingkang nyukani sumbangan ambarubul rawuh tanpa wonten
kendhatipun. Sumbangan ingkang dipunsukakaken awujud menda, kidang menjangan, lembu, utawi maesa. Wonten ingkang nyumbang dhaharan ingkang dipunsukakaken
ing bokor. Ing wekdal samenika acara nyumbang kados mekaten sampun beda
lelampahanipun. Sumbangan ingkang dipunsukakaken dhumateng kaluwarga calon penganten awujud arta ingkang dipunsukakaken nalika rawuh wonten ing upacara
pawiwahanipun. Limrahipun dipunsukakaken nalika acara pahargyan utawi resepsinipun.
Ing griyanipun Ki Juru dipuntabuhaken gendhing Kebogiro. Para tamu wanita dipuntampi dening Nyai Juru, dene para tamu kakung dipuntampi Kyai Juru. Ingkang
dipuntabuh gendhing Kebogiro amargi miturut Bratawidjaja 1995: 160 lancaran Kebogiro ingkang laras Pelog utawi Slendro Manyura namung dipuntabuh kangge
148
mulyakaken para tamu mliginipun tamu kinurmatan. Menawi ing wekdal samenika kathah ingkang nabuh gendhing Kebogiro kangge nampi penganten kakung.
Para tamu dipunsukani suguhan unjukan, dhaharan, sekul lan ulam. Sasampunipun dipunsuguhi, para tamu kondur sarta pikantuk brekatan sarta sekul
ulam. Bab menika dipunandharaken wonten ing Serat Centhini jilid II pupuh 130 sekar Pocung pada 26 ing ngandhap menika.
Sêgahipun wedang dharan ulam sêkul, sawusing sinêgah, mantukipun dènsangoni, binêktanan panganan myang sêkul ulam.
Terjemahan : Jamuannya terdiri atas minuman, makanan, nasi dan lauk pauk. Setelah dijamu
mereka pulang dan diberi brekatan ‘ulih-ulih’ makanan serta nasi berlauk pauk.
Wonten ing Serat Centhini, menawi wonten ing gadhah damel, nalika sampun bibar para tamunipun dipunbetakaken brekat awujud ambeng utawi angsul-angsul.
Menika sampun dados adat ing masarakat Jawi kangge wujud sukur lan matur nuwun dhumateng para tamu ingkang sampun rawuh lan sampun paring pambiyantunipun.
Nyukakaken berkat wonten ing saperangan acara taksih kathah dipunlampahaken wonten ing wekdal samenika.