46
1993:  44.  Adhedhasar  andharan  ing  nginggil,  ing  panaliten  menika dipunandharaken hipotesis kados ing ngandhap manika.
1.  H
a
: µ1 ≠ µ2
µ
1 = metode make a match
µ
2 = metode picture and picture
Tegesipun  wonten  beda  ingkang  signifikan  antawisipun  kaprigelan  maos waosan  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  ingkang  ngginakaken  metode  make  a
match kaliyan metode picture and picture. 2.  H
a
:
µ
1
µ
2
µ
1 = metode make a match
µ
2 = metode picture and picture
Tegesipun metode make a match langkung efektif  tinimbang metode picture and picture kangge sinau maos waosan sinerat mawi aksara Jawa.
47
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Deskripsi Panaliten
Ancasing  panaliten  menika  kangge  mangretosi  bedanipun  prestasi  sinau maos waosan sinerat mawi aksara Jawa ngginakaken metode make a match kaliyan
metode  picture  and  picture  tumrap  kelas  VIII  SMP  N  3  Godean,  saha  kangge magretosi keefektifan metode make a match saha metode picture and picture tumrap
kaprigelan  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  siswa  kelas  VIII  SMP  N  3 Godean.  Kangge  mangretosi  ancasing  panaliten  menika  saged  dipuntingali  saking
prestasi  sinau  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  antawisipun  kelas  ingkang dipunwulang  ngginakaken  metode  make  a  match  saha  kelas  ingkang  dipunwulang
ngginakaken metode picture and picture. Data  wonten  panaliten  menika  dipunpendhet  kanthi    tes.  Wujudipun  data
wonten  panaliten  menika  arupi  data  pre-test  saha  data  post-test  kaprigelan  maos waosan sinerat mawi aksara Jawa siswa kelas VIII SMP N 3 Godean. Data pre-test
dipunmangretosi  saking  biji  tes  ingkang  wiwitan.  Pre-test  dipuntindakaken saderengipun siswa dipunparingi perlakuan. Data post-test dipunmangretosi saking
biji  tes  ingkang  pungkasan.  Perlakuan  ingkang  dipunkajengaken  inggih  menika panganggenipun  metode  make  a  match  saha  metode  picture  and  picture.
Sasampunipun  kelas  dipunsukani  perlakuan,  lajeng  panaliti  ngawontenaken  post- test.  Post-test  dipuntindakaken  kangge  mengertosi  asiling  pasinaon  ngginakaken
metode make a match saha  picture and picture.
48
1. Metode Make a Match
Kelas ingkang dipunginakaken kangge nindakaken pasinaon metode make a match  inggih  menika  kelas  Kelas  VIII  A  SMP  N  3  Godean.  Kathahipun  siswa
wonten  ing  kelas  ingkang  dipunwulangaken  ngginakaken  metode  make  a  match inggih  menika  32  siswa.  Saderengipun  dipunparingi  perlakukan  ngginakaken
metode  make  a  match,  langkung  rumiyin  siswa  dipunparingi  soal  pre-test  kangge mengretosi kaprigelanipun maos waosan sinerat  mawi aksara Jawa. Sasampunipun
para  siswa  dipunparingi  pre-test,  dipunlajengaken  guru  ngandharaken  materi pasinaon  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  ngginakaken  metode  make  a
match. Metode  pasinaou  make  a  match  dipuntindakaken  kanthi  kelompok.  Guru
merang  siswanipun  dados  tigang  kelompok.  Kelompok  satunggal  minangka kelompok  ingkang  mbekta  kertu  wosipun  pitakenan-pitakenan.  Kelompok  kalih
minangka  kelompok  ingkang  mbekta  kertu  wangsulan.  Wondene  kelompok  tiga minangka  kelompok  ingkang  mbiji.  Kadamel  posisi-nipun  kelompok-kelompok
kasebut  awujud  aksara  U,  kelompok  sapisan  saha  kelompok  kalih  kadamel  aben ajeng.
Wulangan maos waosan sinerat mawi aksara Jawa ing kelas VIII A menika ngginakaken metode make a match. Wondene urut-urutaning metode make a match
kaandharaken ing ngandhap menika. a.  Guru nyamektakaken kertu ingkang wosipun ngewrat bab pertanian tradisional.
Satunggal  kertu  minangka  pitakenan,  satunggal  kertu  malih  minangka wangsulan,
b.  Saben siswa angsal satunggal kertu,