Pengukuran saderengipun Eksperimen Pelaksanaan Eksperimen
                                                                                39
1 guru  nyamektakaken  kertu  ingkang  wosipun  ngewrat  bab  pertanian  tradisional. Satunggal kertu dipunserati pitakenan ngginakaken aksara Jawa, satunggal kertu
malih dipunserati wangsulan ngginakaken aksara jawa, 2 saben siswa angsal satunggal kertu,
3 saben  siswa  sami  mikir  ngegingi  wangsulan  utawi  pitakenan  saking  kertu kasebut,
4 saben siswa madosi pasanganipun ngginakaken kertu ingkang sampun dipunbekta kalawau, pasanganipun kertu A saha kertu B,
5  siswa ugi saged ngempal kaliyan kalih utawi tigang siswa ingkang gadhah kertu ingkang jumbuh,
6 siswa ingkang saged njumbuhaken kertunipun saderengipun wates wekdal saking guru, dipunparingi skor,
7 sasampunipun  satunggal  babak,  kertu  dipunkocok  malih  supados  siswa  saged pikantuk kertu ingkang beda kaliyan kartu babak saderengipun,
8 salajengaken lampahing pasinaon menika dipunambali ngantos sadasa babak, 9 dipunpungkasi dudutan utawi  panutup.
b Kelas VIII F
Wulangan  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  ing  kelas  VIII  F  menika ngginakaken  metode  picture  and  picture.  Wondene  urut-urutaning  metode  picture
and picture kaandharaken ing ngandhap menika. 1 guru ngandharaken kompetensi pasinaon ingkang badhe katuju,
2 ngandharaken materi kanthi bebuka minangka prakawis ingkang wigatos, 3 guru  maringi  tuladha  gambar-gambar  pertanian  tradisional  ingkang  sampun
dipunparingi katerangan ngginakaken aksara Jawa,
40
4 guru  ndhawuhi  siswa  satunggal-satunggal    supados  ngurutaken  gambar-gambar dados urutan ingkang logis,
5 guru mundhut pirsa dhateng siswa pawadan saking urut-urutanipun gambar, 6 saking  pawadan  ngurutaken  gambar  kasebut,  guru  miwiti  ngandharaken  konsep
utawi materi adhedhasar kompetensi-nipun, 7 siswa  dipunajak  damel  dudutan  utawi  ngringkes  materi  ingkang  sampun
kaandharaken.
3 . Pengukuran sasampunipun Eksperimen
Sasampunipun  dipunwontenaken  pembelajaran  kanthi  metode-metode pembelajaran  tumrap  siswa  kelas  VIII  A  saha  kelas  VIII  F,  kalajengaken
dipunwontenaken  post-test.  Post-test  menika  ancasipun  kangge  mangretosi pangretosaning siswa sasampunipun dipunsukani perlakuan. Saking asiling post-tes
menika,  katingal  biji-biji  saderengipun  dipunsukani  wulangan  kanthi  metode pembelajaran  saha  biji  sasampunipun  dipunwulang  kanthi  metode  pembelajaran.
Wondene  bab  menika  saged  katingal  wonten  indhak-indhakipun  menapa  boten tumrap wulangan ingkang ngginakaken metode pembelajaran menika.