10
BAB II GEGARAN TEORI
A. Andharaning Teori
1. Pangretosan Sinau
Sinau inggih menika proses ingkang dipuntindakaken dening satunggaling priyantun wiwit saking lair dumugi pejah ingkang boten dipunwatesi dening dinding
kelas. Sinau menika sanes kagiatan ingkang ngapalaken satunggaling konsep utawi pangretosan saking satunggaling materi pasinaon. Miturut pamanggihipun Djamarah
2006: 10, sinau inggih menika proses ewahipun tindak-tanduk amargi pangalaman saha gladhen. Wosipun sinau inggih menika kagiatan ingkang boten saged
kapisahaken saking tindak-tanduk ingkang andadosaken satunggaling priyantun gadhah kaprigelan ingkang munpangati.
Miturut pamanggihipun Slamento 2010: 2, sinau inggih menika proses gladhen ingkang dipuntindakaken dening satunggaling priyantun kangge nggayuh
tindak-tanduk ingkang langkung sae minangka kasil pangalaman interaksi wonten ing masarakat. Kanthi makaten, sinau inggih menika ewahipun tindak-tanduk kanthi
kagiatan maos, nyemak, nyuwun pirsa, nggatosaken, lan sapiturutipun. Bab menika sami kaliyan andharanipun Harold Spears lumantar Suprijono, 2010: 2, learning is
to observe, to read, to imitate, to try something, themselves, to listen, to follow direction. Tegesipun, sinau menika ancasipun kangge observasi, maos, nuladha,
eksperimen, ngrembagaken potensi, mirengaken informasi, saha kangge nggayuh ancasipun maos.
Wonten ing pawiyatan guru kedah saged ngindhakaken sinau para siswa supados saged nggayuh ancas ingkang dipunkajengaken. Pasinaon ingkang
11 dipuntindakaken kedahipun ngginakaken cara ingkang narik kawigatosanipun siswa.
Gayut kaliyan bab menika, Sardiman 2010: 99, ngandharaken bilih sinau inggih menika proses ingkang damel siswa-siswinipun kedah langkung aktif wonten ing
pasinaon. Kanthi makaten guru kedah saged ngindhakaken bakat saha potensi paraa siswa. Saking mapinten-pinten pangartosan sinau wonten nginggil, saged
dipunpendhet dudutan bilih sinau inggih menika kagiatan ingkang dipuntindakaken dening siswa-siswi wonten ing pasinaon ingkang asipat fisik saha psikis ingkang
saged ngewahi kapribadening siswa dados langkung sae.
2. Pangretosan Maos
Pangretosan maos kaandharaken kanthi mapinten-pinten teori. Miturut Hodgson lumantar Tarigan, 2008: 7, maos minangka satunggaling lampah ingkang
ancasipun kangge madosi amanat ingkang kaserat dening panyerat lumantar tembung-tembung utawi basa sinerat. Miturut Harjasujana saha Mulyati 1997:5,
ngandharaken bilih pangretosan maos minangka kaprigelan ingkang kompleks, boten namung katindakaken kanthi ningali aksara-aksara ingkang kaserat. Wonten
mapinten-pinten kasagedan ingkang prelu dipunlampahi dening pamaos supados saged mangretosi wosing waosan. Pamaos kaangkah saged mangretosi tandha-tandha
wonten ing salebeting ukara ingkang kaserat dados tandha ingkang ngemu teges. Anderson lumantar Tarigan, 2008: 7 ngandharaken bilih pangretosan maos
minangka lampah decoding ingkang tegesipun satunggaling lampah kangge negesi tandha-tandha verbal. Lampah decoding ugi kawastanan lelakon ingkang
nggayutaken tembung-tembung tulis written kaliyan basa lisan oral language ingkang ngewrat bab ewah-ewahaning seratan ingkang dados bunyi bermakna.