37
2. Wekdal panaliten Panaliten menika katindakaken ing wekdal wulangan basa Jawi jumbuh
kaliyan jadwal-ipun bab menika supados siswa ngraosaken wulangan basa Jawi kados padatanipun. Panaliten menika katindakaken kanthi wekdal 7 minggu, inggih
menika saking wulan Januari dumugi Maret 2014. Wondene sadayanipun katindakaken miturut jadwal wulangan basa Jawi ing kelas VIII A saha kelas VIII F.
Jadwal anggenipun mendhet data kaserat kanthi wujud tabel wonten ing ngandhap
menika.
Tabel 4: Jadwal Anggenipun Mendhet Data No.
Subjek Kegiatan
Dintentanggal Wekdal
1 Kelas VIII E Uji instrumen
Rabu, 29-1-2014
12.00-13.20 Wib 2
Kelas VIII F Pre-test
Kamis, 6-2-2014 08.20-09.40 Wib
3 Kelas VIII A Pre-test
Sabtu, 8-2-2014 09.00-10.20 Wib
4 Kelas VIII F
Wulangan Kamis, 13-2-2014 08.20-09.40 Wib
5 Kelas VIII A Wulangan
Sabtu, 15-2-2014 09.00-10.20 Wib
6 Kelas VIII F
Wulangan Kamis, 20-2-2014 08.20-09.40 Wib
7 Kelas VIII A Wulangan
Sabtu, 22-2-2014 09.00-10.20 Wib
8 Kelas VIII F
Wulangan Kamis, 27-2-2014 08.20-09.40 Wib
9 Kelas VIII A Wulangan
Sabtu, 1-3-2014 09.00-10,20 Wib
10 Kelas VIII F
Post-test Kamis, 6-3-2014
08.20-09.40 Wib 11
Kelas VIII A Post-test Sabtu, 8-3-2014
09.00-10.20 Wib
F. Prosedur Penelitian
Prosedur panaliten ing panaliten menika ngewrat tigang prakawis, inggih menika pengukuran saderengipun eksperimen, nindakaken eksperimen, saha
pengukuran sasampunipun
eksperimen. Wondene
prosedur panaliten
dipunandharaken ing ngandhap manika.
38
1. Pengukuran saderengipun Eksperimen
Saderengipun eksprimen, panaliti ngawontenaken pre-test ingkang arupi tes kaprigelan maos waosan ingkang sinerat mawi aksara Jawa tumrap kelas VIII A
kelompok metode make a match saha kelas VIII F kelompok metode picture and picture. Pre-test dipuntindhakaken kanthi ancas kangge mangretosi kaprigelan
maos saking kelompok metode make a match saha kelompok metode picture and picture. Salajengipun, saking skor pre-test kelompok metode make a match saha
kelompok metode picture and picture dipun-analisis ngginakaken rumus uji-t. Uji-t data saking kelompok metode make a match saha kelompok metode
picture and picture katindakaken kangge mangretosi wontenipun perbedan kaprigelan maos saking kalih kelompok kasebut. Pramila, antawisipun kelompok
metode make a match saha kelompok metode picture and picture kawiwitan saking titik tolak ingkang sami.
2. Pelaksanaan Eksperimen
Sasampunipun kalih kelompok kasebut dipunsukani pre-test saha sampun katawis kaprigelanipun maos waosan ingkang sinerat mawi aksara Jawa, lajeng
dipunwontenaken perlakuan utawi treatment tumrap kelas VIII A saha kelas VIII F. Kelas VIII A dipunwulang kanthi metode make a match, ingkang kelas VIII F
dipunwulang kanthi metode picture and picture. Urut-urutaning perlakuan kaandharaken ing ngandhap menika.
a Kelas VIII A
Wulangan maos waosan aksara Jawa ing kelas VIII A menika ngginakaken metode make a match. Wondene urut-urutaning metode make a match kaandharaken
ing ngandhap menika.