51 e.  Guru mundhut pirsa dhateng siswa pawadan saking urut-urutanipun gambar,
f.  Saking pawadan ngurutaken gambar kasebut,  guru miwiti ngandharaken  konsep utawi materi adhedhasar kompetensi-nipun,
g.  Siswa  dipunajak  damel  dudutan  utawi  ngringkes  materi  ingkang  sampun kaandharaken.
Swasana kelas nalika dipunwulang ngginakaken metode picture and picture menika  radi  rame,  beda  kaliyan  kelas  ingkang  dipunwulang  ngginakaken  metode
make  a  match.  Ananging,  sasampunipun  dipunparingi  arahan  saha  panjurung dening  guru,  para  siswa  sami  samekta  ing  materi  pamulangan  amargi  samangke
badhe dipunparingi
pitakenan saking
guru. Ing
pungkasan pasinaon
dipunwontenaken  tes,  inggih  menika  post-test.  Post-test  menika  ancasipun  kangge mangretosi  pangretosaning  siswa  sasampunipun  dipunsukani  perlakuan  metode
picture and picture.
B. Asiling Panaliten
Asilipun  panaliten  ingkang  dipuntindakaken  menika  ngasilaken  skor  saha biji  kaprigelan  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  saking  kelompok  metode
make  a  match  saha  kelompok  metode  picture  and  picture.    Asiling  panaliten dipunandharaken wonten ing ngandhap menika.
1. Uji Prasyarat Analisis
Uji prasyarat analisis wonten panaliten menika ngginakaken uji normalitas data  saha  uji  homogenitas  data.  Wondene  andharan  ngengingi  uji  prasyarat
analisis data kaandharaken wonten ngandhap menika.
52
a. Uji Normalitas Sebaran Data
Uji normalitas dipunginakaken kangge mangretosi menapa sampel asalipun saking  populasi  ingkang  berdistribusi  normal  menapa  boten.  Data  uji  normalitas
menika  kapanggihaken  saking  asiling  pre-test  saha    post-test  kelompok  metode make  a  match  saha  kelompok  metode  picture  and  picture.  Uji  normalitas-ipun
ngginakaken  uji  kolmogrof-smirnov  kanthi  bantuan  komputer  program  SPSS  16.0. Data  ingkang  kasebut  distribusi  normal  menawi  nilai  P-nipun  menika  langkung
ageng saking taraf signifikansi 0.05. Asiling  uji  normalitas  sebaran  data  kaprigelan  maos  waosan  sinerat  mawi
aksara  Jawa  kelompok  metode  make  a  match  saha  kelompok  metode  picture  and picture kaserat kanthi wujud tabel wonten ing ngandhap menika.
Tabel 5: Asiling Uji Normalitas No.
Data Kolmogrov-s
P Katrangan
1 Pre-test kelompok metode
make a match 0.125
0.20 P  0.05 = Normal
2 post-test kelompok
metode make a match 0.132
0,171 P  0.05 = Normal
3 Pre-test kelompok
metode picture and picture
0.152 0.77
P  0.05 = Normal
4 post-test kelompok
metode picture and picture
0.157 0.57
P  0.05 = Normal
Saking tabel ing nginggil nedahaken asiling etangan data pre-test saha post- test  saking  kelompok  make  a  match  saha  kelompok  picture  and  picture.  Data  pre-
test  kelompok  metode  make  a  match,  inggih  menika  indeks  kolmogorov-smirnov 0.125  saha  P  =  0.20,  P    0.05  tegesipun  data  kasebut  berdistribusi  normal.  Data
post-test kelompok metode make a match, inggih menika 0.132 saha P = 0,171, P 0.05  tegesipun  data  kasebut  berdistribusi  normal.  Data  pre-test  kelompok  metode