35
Rumus  ing  nginggil  ngandharaken  bab  urut-urutaning  lampahing  panaliten menika,    inggih  menika  subjek  penelitian  kaperang  dados  kalih  kelompok.  Kalih
kelompok  ingkang  sampun  kapilih  lajeng  dipunsukani  pre-test  kangge  mangretosi wontenipun  perbedaan  kawontenan  saking  kalih  kelompok  kasebut.  Lajeng
kelompok kasebut dipunsukani perlakuan kaping tiga kaserat kanthi wujud tabel ing tabel  4.  Wondene  ingkang  pungkasan,  dipunsukani  post-test  kangge  mangretosi
kaprigelan maos waosan sinerat mawi aksara Jawa dening para siswa-siswi ingkang sampun dipunwulang ngginakaken metode ingkang beda kasebut.
B. Variabel Panaliten
Variabel  panaliten,  miturut  Suharsimi-Arikunto  2010:  161,  inggih  menika minangka  objek  panaliten  utawi  dipundadosaken  pokok  wonten  ing  satunggaling
panaliten.  Variabel  wonten  panaliten  menika  ngginakaken  kalih  jinis  variabel, inggih  menika  variabel  bebas  saha  variabel  terikat.  Variabel  bebas  inggih  menika
variabel  ingkang  dipunginakaken  kangge  ngontrol  wontenipun  variabel  terikat. Wondene  variabel  terikat  inggih  menika  variabel  ingkang  kenging  daya
pangaribawaning variabel bebas.
C. Pangretosan Oprasional Variabel
Variabel  bebas  wonten  panaliten  menika  inggih  menika  metode  make  a match saha metode picture and picture. Metode make a match inggih menika salah
satunggaling  metode  pembelajaran  kooperatif  learning  ingkang  lampah pasinaonipun ngginakaken kartu belajar. Kartu belajar kaperang dados kalih, inggih
menika  kartu  ingkang  sinerat  pitakenan-pitakenan  saha  kartu  ingkang  sinerat
36
wangsulan  saking  pitakenan-pitakenan  kasebut.  Metode  picture  and  picture  inggih menika  satunggaling  metode  pasinaon  ingkang  ngginakaken  pirantos  gambar.
Gambar-gambar  kasebut  lajeng  dipunurutaken  kanthi  urutan  ingkang  jangkep  saha logis supados saged mujudaken gambar ingkang runtut.
Variabel  terikat  wonten  panaliten  menika,  inggih  menika  kaprigelan  maos waosan ingkang sinerat mawi aksara Jawa. Kaprigelan maos waosan ingkang sinerat
mawi  aksara  Jawa  inggih  menika  siswa  saged  maos  waosan  ingkang  seratanipun ngginakaken aksara Jawa kanthi lancar.
D. Sampel Panaliten
Teknik sampel ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika, inggih menika  teknik  sampling  purposive.  Sampling  purposive  inggih  menika  Pamilihing
sampel  katindakaken  mawi  pertimbangan  tertamtu,  Sugiyono,  2012:  85.  Kelas VIII  A  kapilih  dados  kelompok  metode  make  a  match  kanthi  gunggungipun  siswa
wonten 32 siswa saha kelas VIII F minangka kelompok metode picture and picture kanthi gunggungipun siswa wonten 30 siswa.
E. Papan saha Wekdal Panaliten
1.  Papan Panaliten Panaliten  menika  katindakaken  ing  SMP  N  3  Godean  ingkang  alamatipun
ing  Desa  Sidoarum,  Kecamatan  Godean,  Kabupaten  Sleman,  Provinsi  Daerah Istimewa  Yogyakarta.  Sekolah  kasebut  kapilih  amargi  siswa  kelas  VIII  dereng
sadayanipun saged maos waosan sinerat mawi aksara Jawa.