49 c.  Saben  siswa  sami  mikir  ngegingi  wangsulan  utawi  pitakenan  saking  kertu
kasebut, d.  Saben  siswa  madosi  pasanganipun  ngginakaken  kertu  ingkang  sampun
dipunbekta kalawau, pasanganipun kertu A saha kertu B, e.   Siswa  ugi  saged  nggabung  dhateng  kalih  utawi  tigang  siswa  ingkang  gadhah
kertu ingkang jumbuh, f.  Siswa  ingkang  saged  njumbuhaken  kertunipun  kanthi  leres  jumbuh  kaliyan
ingkang cumawis saderengipun gladhen telas, dipunparingi skor, g.  Sasampunipun  satunggal  babak,  kertu  dipunkocok  malih  supados  siswa  saged
pikantuk kertu ingkang beda kaliyan kartu babak saderengipun, h.  Kalajengaken lampahing pasinaon menika dipunambali ngantos sedasa babak,
i.  Dudutan utawi  panutup. Swasana  kelas  nalika  dipunwulang  ngginakaken  metode  make  a  match
menika sae, para siswa sami mirengaken saha nggatekaken. Ananging wonten siswa ingkang  dereng  saged  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  kanthi  lancar.
Sasampunipun  dipunparingi  panjurung  dening  guru,  siswa  menika  langkung  aktif anggenipun  sinau  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa.  Ing  pungkasaning
pasainaon  menika  dipunwontenaken  tes,  inggih  menika  post-test.  Post-test  menika ancasipun  kangge  mangretosi  pangretosaning  siswa  sasampunipun  dipunparingi
perlakuan  metode  make  a  match.  Makaten  andharan  ngengingi  metode  make  a match  wonten  panaliten  menika.  Wondene,  andharan  metode  picture  and  picture
kaandharaken ingngandhap menika.
50
2. Metode Picture and Picture
Kelas  ingkang  dipungginakaken  kangge  nindakaken  pasinaon  metode picture and picture inggih menika kelas VIII F SMP N 3 Godean. Kathahipun siswa
wonten  ing  kelas  ingkang  dipunwulangaken  ngginakaken  metode  picture  and picture  inggih  menika  30  siswa.  Saderengipun  dipunparingi  perlakukan
ngginakaken metode picture and picture, langkung rumihin siswa dipunparingi soal pre-test  kangge  mengertosi  kaprigelen  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa.
Sasampunipun para
siswa dipunparingi
pre-test, dipunlajengaken
guru ngandharaken materi pasinaon maos waosan sinerat mawi aksara Jawa ngginakaken
metode picture and picture. Metode pasinau picture and picture dipuntindakaken kanthi kelompok. Guru
merang  siswanipun  dados  8  kelompok.  Saben  kelompok  gadhah  tanggel  jawab ingkang  sami,  inggih  menika  siswa  dipundhawuhi  ngurutaken  gambar-gambar
kasebut kanthi urutan ingkang jangkep saha logis supados saged mujudaken gambar ingkang  runtut.  Metode  pasinaon  menika  ngginakaken  media  gambar  salebeting
nindakaken pasinaon. Wulangan maos waosan sinerat mawi aksara Jawa ing kelas VIII F menika
ngginakaken  metode  picture  and  picture.  Wondene  urut-urutaning  metode  picture and picture kaandharaken ing ngandhap menika.
a.  Guru ngandharaken kompetensi pasinaon ingkang badhe katuju, b.  Ngandharaken materi kanthi bebuka minangka prakawis ingkang wigatos,
c.  Guru maringi tuladha gambar-gambar pertanian tradisional, d.  Guru ndhawuhi siswa satunggal-satunggal  supados ngurutaken gambar-gambar
dados urutan ingkang logis,
51 e.  Guru mundhut pirsa dhateng siswa pawadan saking urut-urutanipun gambar,
f.  Saking pawadan ngurutaken gambar kasebut,  guru miwiti ngandharaken  konsep utawi materi adhedhasar kompetensi-nipun,
g.  Siswa  dipunajak  damel  dudutan  utawi  ngringkes  materi  ingkang  sampun kaandharaken.
Swasana kelas nalika dipunwulang ngginakaken metode picture and picture menika  radi  rame,  beda  kaliyan  kelas  ingkang  dipunwulang  ngginakaken  metode
make  a  match.  Ananging,  sasampunipun  dipunparingi  arahan  saha  panjurung dening  guru,  para  siswa  sami  samekta  ing  materi  pamulangan  amargi  samangke
badhe dipunparingi
pitakenan saking
guru. Ing
pungkasan pasinaon
dipunwontenaken  tes,  inggih  menika  post-test.  Post-test  menika  ancasipun  kangge mangretosi  pangretosaning  siswa  sasampunipun  dipunsukani  perlakuan  metode
picture and picture.
B. Asiling Panaliten
Asilipun  panaliten  ingkang  dipuntindakaken  menika  ngasilaken  skor  saha biji  kaprigelan  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  saking  kelompok  metode
make  a  match  saha  kelompok  metode  picture  and  picture.    Asiling  panaliten dipunandharaken wonten ing ngandhap menika.
1. Uji Prasyarat Analisis
Uji prasyarat analisis wonten panaliten menika ngginakaken uji normalitas data  saha  uji  homogenitas  data.  Wondene  andharan  ngengingi  uji  prasyarat
analisis data kaandharaken wonten ngandhap menika.