12 Miturut Rahim 2005: 2 pangretosan maos inggih menika minangka
satunggaling lampah ingkang awrat, boten namung lakon visual, nanging mbetahaken nalaring pikir, psikolinguistik, saha metakognitif. Salebeting lampahan
visual, maos minangka lampahing pikir. Wondene maos ngewrat bab ngengingi tembung-tembungipun utawi basa sinerat.
Miturut Harris San Sipey lumantar Darmiyati-Zuchdi, 2008: 19, Pangretosan maos inggih menika minangka satunggaling lakon kangge mangretosi
basa seratan. Wondene hakikat maos menika kangge mangretosi teges ingkang jumbuh. Saking mapinten-pinten pangretosan maos ingkang kaandharaken ing
nginggil saged kadudut pangretosanipun bilih maos inggih menika sadaya lampahan ingkang ngginakaken paningal, pangemut-emut, kapinteran, saha kaprigelan supados
angsal pesen utawi informasi ingkang kaandharaken dening panyerat lumantar media seratan.
3. Ancasing Maos
Ancasing maos ingkang wigatos inggih menika kangge madosi sadaya informasi, wosing waosan, saha maknanipun waosan. Miturut Nurhadi 2005: 11,
ancasing maos, inggih menika 1 mangretosi sadaya wosing buku, 2 madosi ide pokok utawi gagasan salebeting buku, 3 madosi pirembagan bab basa, budaya,
sastra, lan sapanunggalanipun, 4 mangretosi makna saking tembung-tembung ingkang kaserat, 5 kangge mangretosi kadadosan-kadadosan wigatos wonten ing
pagesangan masarakat, 7 kangge mangretosi ing bab padamelan, 8 kangge mangretosi informasi merk barang, 9 kangge madosi pirantos tartamtu, saha 10
kangge madosi katrangan bab definisi istilah.
13 Pamanggih sanesipun kaandharaken dening Blanton lumantar Rahim, 2005:
11, ingkang ngandharaken ancasing maos. Wondene ancasing maos miturut Blanton kaandharaken kados ing ngandhap menika:
a. bebingah, b. supados langkung sae swantenipun rikala maos,
c. ngginakaken strategi tartamtu, d. nggayutaken informasi enggal kaliyan informasi ingkang saderengipun,
e. pikantuk informasi kangge satunggaling laporan, f. nindakaken satunggaling eksperimen utawi ngecakaken informasi saking teks
kanthi cara ingkang beda, g. mangsuli pitakenan kanthi spesifik.
Saking mapinten-pinten pamanggih ing nginggil, saged kadudut ancasing maos inggih menika kangge madosi informasi ingkang ngewrat bab wosing prakawis
saha kangge mangretosi maknanipun teks waosan. Cekak aosipun ancasing maos inggih menika 1 maos kangge studi telaah ilmiah, 2 maos kangge madosi
ringkesaning waosan, 3 maos kangge ngugemi karya sastra, 4 maos kangge ngisi kalodhangan wekdal
, saha 5 maos kangge madosi katrangan satunggaling istilah.
Adhedhasar dudutan kasebut, ancasing maos inggih menika kangge madosi informasi ingkang tersurat saha tersirat.
4. Jinising Maos
Miturut Prastiti 2007: 20, adhedhasar ancasing maos saha tegesipun, maos
kaperang dados mapinten-pinten jinis, antawisipun maos intensif utawi maos teknik, maos cepet, maos kritis, saha maos endah. Wondene jinising maos kasebut
kaandharaken ing ngandhap menika.