6
D. Wosing Prakawis
Adhedhasar watesaning prakawis ing nginggil, nuwuhaken wosing prakawis ing panaliten menika. Wondene, wosing prakawis wonten panaliten menika saged
kaserat kados makaten. 1. Kadospundi bedanipun prestasi sinau maos waosan sinerat mawi aksara Jawa
nalika ngginakaken metode make a match kaliyan metode picture and picture kelas VIII SMP N 3 Godean?
2. Kadospundi keefektifan metode make a match saha picture and picture tumrap kaprigelan maos waosan sinerat mawi aksara Jawa siswa kelas VIII SMP N 3
Godean?
E. Ancasing Panaliten
Gegayutan kaliyan wosing prakawis ing nginggil, nuwuhaken ancasing panaliten ingkang badhe kaandharaken. Wondene ancasing panaliten wonten
panaliten menika kados makaten. 1. Ngandharaken bedanipun prestasi sinau maos waosan sinerat mawi aksara Jawa
nalika ngginakaken metode make a match kaliyan metode picture and picture kelas VIII SMP N 3 Godean,
2. Ngandharaken keefektifan metode make a match saha picture and picture tumrap kaprigelan maos waosan sinerat mawi aksara Jawa siswa kelas VIII SMP
N 3 Godean.
7
F. Paedahing Panaliten
Munpangating panaliten ing panaliten menika wonten kalih, inggih menika munpangat teotitis saha munpangat praktis. Munpangating panaliten ing panaliten
menika kaandharaken ing ngandhap menika. 1. Munpangat Teoritis
Asiling panaliten menika kaangkah saged nambahi kawruh saha seserepan dhateng para pamaos utawi guru ing bab maos mliginipun maos waosan ingkang
sinerat mawi aksara Jawa kanthi metode make a match saha metode picture and picture.
2. Munpangat Praktis Gegayutan kaliyan munpangat teoritis ing ngiggil, nuwuhaken mupangat
praktis ingkang badhe kaandharaken. Wondene munpangat praktis panaliten kados makaten.
a. Kangge siswa Asiling panaliten menika dipunkajengaken saged ngindhakaken gregeting
siswa kangge sinau basa Jawi. Siswa ugi gampil anggenipun sinau maos waosan sinerat mawi aksara Jawa.
b. Kangge guru Panaliten menika dipunkajengaken kangge nambahi wawasaning guru
ngginakaken metode make a match saha metode picture and picture ingkang saged ngindhakaken kaprigelan maos waosan sinerat mawi aksara Jawa, saengga asiling
pasinaoning siswa saged langkung sae.