81
BAB V PANUTUP
A. DUDUTAN
Adhedhasar  asiling  panaliten  ingkang  sampun  kalampahan  saged kapendhet  dudutanipun.  Wondene  dudutanipun  kaandharaken  ing  ngandhap
menika. 1.  Asiling uji-t biji post-test kelompok metode make a match saha kelompok metode
picture and picture. Asiling uji-t biji post-test kapangihaken angkanipun t
hitung
= 2.477, mawi df = 60, P=0.016. Angkanipun P menika langkung alit saking taraf
signifikansi  5,  pramila  saged  kadudut  bilih  wonten  beda  ingkang  signifikan antawisipun  kelompok  metode  make  a  match  kaliyan  kelompok  metode  picture
and picture. 2.  Metode  make  a  match  langkung  efektif  dipunginakaken  wonten  ing  wulangan
maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  tinimbang  wulangan  mawi  metode picture and picture. Keefektifan metode make a match saged dipuntingali saking
asiling uji-t data pre-test saha post-test kelompok metode make a match. Asiling uji-t data pre-test saha post-test kelompok metode make a match kapanggihaken
t
hitung
=  9.105 mawi df = 31 saha P = 0.000. Asiling uji-t data pre-test saha post- test  kelompok  picture  and  picture  kapanggihaken  t
hitung
=  5.083  mawi  df  =  29 saha P = 0.00. Angkanipun P langkung alit tinimbang taraf signifikansi 5.
B. IMPLIKASI
Panaliten  menika  nedahaken  bilih  pasinaon  maos  waosan  sinerat  mawi aksara  Jawa  kanthi  ngginakaken  metode  make  a  match  langkung  efektif  tinimbang
82 pasinaon  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  kanthi  ngginakaken  metode
picture  and  picture.  Pramila,  panganggenipun  metode  make  a  match  kangge ngindhakaken  kaprigelan  maos  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  gadhah  potensi
kangge dipuncakaken wonteng pamulangan ing sekolah.
C. PAMRAYOGI
Adhedhasar  dudutan  saha  implikasi  panaliten  ing  nginggil,  pramila nuwuhaken  pamrayogi  ingkang  saged  dipunginakaken.  Wondene,  pamrayoginipun
kaandharaken ing ngandhap menika. 1.  Guru  saged  ngginakaken  metode  pamulangan  menika  kangge  pasinaon  ingkang
jumbuh kaliyan ancasing pasinaon, 2.  panaliti  sanesipun  saged  ngginakaken  metode  menika  kangge  panaliten
eksperimen wonten ing pamulangan sanesipun, 3.  Siswa saged ngginakaken metode menika kangge sinau kelompok ing griya.