45
kelompok metode make a match menapa dene kelompok metode picture and picture. Wonten  panalitan  menika  Uji  homogenitas  varians  nginakaken  uji  homogenitas
varians  satu  jalan  One-Way  Anova  kanthi  program  SPSS  16.0  saha  taraf signifikansi  5.  Miturut  Nurgiantoro  2012:  236,  kriteria  pengujian  homogenitas
kaperang  dados  kalih.  Wondene  andharan  jangkepipun  saged  dipunwaos  wonten lampiran 3, kaca 111. Andharan ngengingi jinising kriteria pengujian homogenitas
inggih menika makaten. a.  menawi Sig    0,05, data-nipun kalebet homogen,
b.  menawi Sig    0,05, data-nipun boten kalebet homogen.
3. Uji-t
Uji-t wonten panaliten menika ancasipun kangge mangretosi menapa wonten beda  ingkang  signifikan  antawisipun  kelompok  metode  make  a  match  kaliyan
kelompok metode picture and picture. Interpretasi uji-t inggih menika, menawi nilai P langkung alit saking taraf signifikansi 5 P  0.05, kanthi makaten wonten beda
ingkang  signifikan  antawisipun  biji  post-test  kelompok  metode  make  a  match  saha kelompok metode picture and picture.  Lajeng, menawi nilai P langkung alit saking
taraf  signifikansi  5  P    0.05,  kanthi  makaten  metode  make  a  match    langkung efektif dipunginakaken wonten ing pasinaon maos waosan sinerat mawi aksara Jawa.
Wondene andharan jangkepipun saged dipunwaos wonten lampiran 4, kaca 114.
K. Hipotesis Statistik
Hipotesis  panaliten  inggih  menika  wangsulan  sawatawis  dhateng  prakawis panaliten,  ingkang  leres  kedah  dipun-uji  rumiyin  kanthi  cara  empiris  Rachman,
46
1993:  44.  Adhedhasar  andharan  ing  nginggil,  ing  panaliten  menika dipunandharaken hipotesis kados ing ngandhap manika.
1.  H
a
: µ1 ≠ µ2
µ
1 = metode make a match
µ
2 = metode picture and picture
Tegesipun  wonten  beda  ingkang  signifikan  antawisipun  kaprigelan  maos waosan  waosan  sinerat  mawi  aksara  Jawa  ingkang  ngginakaken  metode  make  a
match kaliyan metode picture and picture. 2.  H
a
:
µ
1
µ
2
µ
1 = metode make a match
µ
2 = metode picture and picture
Tegesipun metode make a match langkung efektif  tinimbang metode picture and picture kangge sinau maos waosan sinerat mawi aksara Jawa.