Pangretosan Kemampuan Memahami Bacaan
                                                                                17 waosan  kasebut.  Pramila  saged  dipundudut  pangretosan  saking  kemampuan
memahami bacaan inggih menika kaprigelan kangge mangretosi bab kawruh-kawruh ingkang  kawrat  wonten  salebetipun  waosan.  Memahami  bacaan  wonten  gayutipun
kaliyan bab ingkang tersurat saha tersirat. Kasagedan  anggenipun mangretosi jinising informasi ingkang kawrat wonten
salebetipun seratan, menika prakawis ingkang wigatos salebetipun  maos. Mangretosi wosing seratan menika prakawis ingkang wigatos salebetipun pamulangan basa, saha
ancasing  tes  membaca.  Informasi  tertulis  ingkang  dipunwaos  saha  dipunpahami menika saged kawedharaken mawi mawarni-warni basa. Tuladhanipun saking unen-
unen  ingkang  prasaja  dumugi  unen-unen  ingkang  langkung  jangkep  saha  langkung wiyar saking paragraf. Sadayanipun minangka pesan tertulis saged dipunmangretosi
wosipun saha maknanipun kanthi cara maos seratanipun Djiwandono, 1996: 63. Sami  kaliyan  nyemak,  maos  menika  langkung  ngugemaken  kaprigelan  bab
basanipun  ingkang  asipat  pasif-reseptif.  Kanthi  cara  maos,  pamaos  saged  madosi informasi  ingkang  awujud  seratan  saking  andharanipun  panyerat.  Kasagedan  maos
dhasaripun  saking  kaprigelan  basa  ingkang  sipatipun  pasif-reseptif.  Wondene pamaos menika minangka recipient utawi dados panampi wosing waosan.
Kasagedan  maos  menika  prelu  dipunukur  kanthi  ngawontenaken  tes membaca.  Ancasipun  tes  maos  inggih  menika  kangge  mangretosi  saha  ngukur
kasagedan  mangretosi  materi  saking  satunggaling  waosan.  Miturut  Djiwandono 1996: 63 ngandharaken bilih :
“Tingkat  kemampuan  membaca  itu  tercermin  pada  tingkat  pemahaman terhadap  isi  bacaan,  baik  yang  secara  jelas  diungkapkan  di  dalamnya
tersurat,  maupun  yang  hanya  terungkap  secara  tersamar  dan  tidak langsung  tersirat,  atau  bahkan  sekedar  merupakan  implikasi  dari  isi
18 bacaan.  Semua  itu  merupakan  bagian  dari  perwujudan  dari  kemampuan
memahami bacaan.” Tegesipun,  bilih  tingkat  kasagedan  maos  menika  kagambaraken  nalika
mangretosi  wosing  waosan,  ingkang  kaandharaken  kanthi  cetha  utawi  tersurat, menapa  dene  informasi  ingkang  kaandharaken  kanthi  samar-samar  saha  boten
langsung  utawi  tersirat.  Sadaya  menika  minangka  perangan  saha  wujud  saking kasagedan mangretosi wosing waosan.