13 Pamanggih sanesipun kaandharaken dening Blanton lumantar Rahim, 2005:
11, ingkang ngandharaken ancasing maos. Wondene ancasing maos miturut Blanton kaandharaken kados ing ngandhap menika:
a. bebingah, b. supados langkung sae swantenipun rikala maos,
c. ngginakaken strategi tartamtu, d. nggayutaken informasi enggal kaliyan informasi ingkang saderengipun,
e. pikantuk informasi kangge satunggaling laporan, f. nindakaken satunggaling eksperimen utawi ngecakaken informasi saking teks
kanthi cara ingkang beda, g. mangsuli pitakenan kanthi spesifik.
Saking mapinten-pinten pamanggih ing nginggil, saged kadudut ancasing maos inggih menika kangge madosi informasi ingkang ngewrat bab wosing prakawis
saha kangge mangretosi maknanipun teks waosan. Cekak aosipun ancasing maos inggih menika 1 maos kangge studi telaah ilmiah, 2 maos kangge madosi
ringkesaning waosan, 3 maos kangge ngugemi karya sastra, 4 maos kangge ngisi kalodhangan wekdal
, saha 5 maos kangge madosi katrangan satunggaling istilah.
Adhedhasar dudutan kasebut, ancasing maos inggih menika kangge madosi informasi ingkang tersurat saha tersirat.
4. Jinising Maos
Miturut Prastiti 2007: 20, adhedhasar ancasing maos saha tegesipun, maos
kaperang dados mapinten-pinten jinis, antawisipun maos intensif utawi maos teknik, maos cepet, maos kritis, saha maos endah. Wondene jinising maos kasebut
kaandharaken ing ngandhap menika.
14 a. Maos Teknik
Maos teknik inggih menika jinising maos ingkang nengenaken dhateng pocapan tembung-tembung ingkang baken, nyekaraken ukara-ukara kanthi leres,
medhot kelompok ing tembung, saha ukara ingkang leres, kajumbuhaken kaliyan nada, irama, saha tekanan, kalepatan pocapan utawi cacat maos sanesipun Prastiti,
2007: 20. Maos teknik kalampahan kanthi cara ngedalaken swanten. Pramila, maos jinis menika maedahi kangge pamaos.
b. Maos Cepet Maos jinis menika kalampahan menawi pamaos badhe madosi gagasan pokok
satunggaling waosan kanthi wekdal ingkang winates, nanging angsal wosing waosan ingkang kathah Prastiti, 2007: 20. Wonten kalih prakawis ingkang kedah
dipungatosaken salebeting maos cepet, inggih menika kecepatan saha ketepatan. Prakawis-prakawis ingkang prelu dipuntilar salebeting maos cepet inggih menika
regresi, vokalisasi, maos tembung mbaka tembung, ukara mbaka ukara, lan sapanunggalanipun.
c. Maos Kritis Maos kritis inggih menika satunggaling jinisinging maos ingkang ancasipun
kangge mangretosi
fakta-fakta salebeting
waosan, kalajengaken
ndamel pirembaganipun Prastiti, 2007: 20. Maos kritis kalampahan kanthi bijak,
mendalam, evaluatif, saha analisis minangka pandom wonten jinis maos menika. Kanthi makaten, maos kritis menika boten namung ngandharaken prakawis tersurat
kemawon, nanging ugi ngandharaken prakawis ingkang tersirat. Maos kritis mbetahaken mawarni-warni kaprigelan, antawisipun madosi wosing waosan, ndamel
pirembagan, saha ngandharaken gagasan ingkang kawrat wonten salebeting waosan.