43 sampun nindakaken wajib belajar 9 taun. Wonten ugi warga masyarakat ingkang
sampun tamat S3. Paraga upacara ingkang ndherek upacara labuhan ageng dipuntingali saking
tataran pendidikanipun. Saking tabel komposisi penduduk ing nginggil saged dipunmangertosi menawi paraga upacara labuhan ageng menika tiyang ingkang
tataran pendidikanipun tamat S-1sederajat saha tamat S-2sederajat kadhapuk minangka subamanggala, panampi sesaji, pamaos donga, pamaos ikrar saha
panglarung. Tiyang ingkang tataran pendidikanipun tamat SMAsederajat menika kadhapuk minagka pengapit. Para paraga ingkang kadhapuk mbeta
jodhang sesaji labuh saha jodhang sesaji gunungan menika tiyang ingkang tamat SDsederajat. Tiyang ingkang tataran pendidikanipun tamat SMPsederajat
menika kadhapuk mbeta kutug utawi dupa ratus. Paraga upacara ingkang kadhapuk dados pangombyong menika saking maneka warni tataran pendidikan,
antawisipun inggih menika tamat SMAsederajat, tamat D-1sederajat, tamat D- 2sederajat, tamat D-3sederajat, saha tamat S-1sederajat. Wondene warga
masyarakat saking tataran pendidikan sanesipun menika minangka tiyang ingkang mirsani upacara labuhan ageng.
d. Komposisi Pemeluk Agama
Klasifikasi peduduk Desa Paranggupito miturut komposisi pemeluk agamanipun adhedhasar data monografi taun 2013 saged dipunpirsani wonten
ngandhap menika.
44
Tabel 5: Klasifikasi Penduduk Miturut Komposisi Pemeluk Agama No.
Agama Jenis Kelamin
Jaler Estri
1. Islam
1.328 1.389
2. Kristen
6 3
3. Katolik
14 14
4. Hindu
- -
5. Budha
1 1
Gunggung 1.349
1.407 Sumber : Data Monografi Desa Paranggupito Taun 2013
Data komposisi pemeluk agama ing nginggil kangge mangertosi paraga upacara labuhan ageng menika miturut kapitadosanipun. Saking tabel ing
nginggil saged dipunandharaken bilih masyarakat Desa Paranggupito menika sakperangan ageng agamanipun islam. Katitik wonten ing data monografi Desa
Paranggupito taun 2013 menika kaserat wonten 1.328 priyantun jaler saha 1.389 priyantun estri ingkang pitados dhumateng agama Islam. Warga masyarakat
ingkang agamanipun Kristen kaperang dados 6 priyantun jaler saha 3 priyantun estri. Agama Katolik wonten 14 priyantun jaler saha 14 priyantun estri, wondene
agama Budha wonten 1 priyantun jaler saha 1 priyantun estri. Saking tabel komposisi pemeluk agama ing nginggil saged dipunmangertosi bilih masyarakat
Desa Paranggupito ingkang kadhapuk minangka paraga upacara menika masyarakat ingkang ngrasuk agami Islam. Wondene ingkang agama sanesipun
menika minangka ingkang mirsani adicara upacara labuhan ageng menika.
B. Asal-Usul Upacara Tradhisi Labuhan Ageng
Upacara tradhisi labuhan ageng inggih menika satunggaling upacara ingkang dipunwontenaken ing seganten Sembukan Kecamatan Paranggupito
Kabupaten Wonogiri. Upacara tradhisi menika dipunwontenaken saben malem
45 setunggal Sura. Wonten ing tahun menika dipunwontenaken dinten Senin Pahing
surya kaping 4 November 2013 malem Selasa Pon surya kaping 5 November 2013. Jumbuh kaliyan pratelan informan 01 ing ngandhap menika.
“Upacara labuhan ageng kuwi dianakne saben malem tanggal 1 Sura, nha tahun iki tiba pas malem tanggal 5 November 2013
.” CLW 01 Asal usul wontenipun upacara labuhan ageng menika gegayutan kaliyan
sejarah perjuanganipun Raden Mas Said nalika nglampahi perang gerilya ing wilayah Dhusun Sawit, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito. Asal-usul
upacara labuhan ageng menika dipunwiwiti rikala perang gerilya ing Surakarta ing wulan besar 1848 dumugi wulan Sura 1848. Kompeni kaliyan pihak
Kasultanan Yogyakarta saha Kasunanan Surakarta menika ngawontenaken satunggaling paseksen. Paseksen menika dipunraos nguntungaken pihakipun
kompeni. Raden Mas Said menika ngraos dipunrugekaken saha nglampahi perang gerilya wonten ing wilayah sekitar Surakarta dumugi wilayah Sawit.
Dumugi Dhusun Sawit Raden Mas Said taksih dipunuyak dening kompeni, mila R. M. Said nglajengaken lampahipun dumugi sakpinggiripun seganten Kidul.
Wonten ing sakwijining dalu, Raden Mas Said menika semedi wonten ing nginggil redi sakpinggiripun seganten Sembukan. Redi menika dipunsukani
nama redi Gendera amargi ing jaman perjuangan dipunsukani gendera merah putih. Raden Mas Said menika nyuwun petunjuk dhumateng Kanjeng Ratu
Kidul. Malem Jumat Pon tabuh 01.30 ing wulan Sura 1848 panyuwunanipun Raden Mas Said menika dipunkabulaken. Saksampunipun panyuwunanipun
Raden Mas Said menika dipunkabulaken, beliau tindak malih dhateng Surakarta. Wonten ing Surakarta R.M. Said damel Pura Mangkunegaran saha damel