29 ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika upacara tradhisi
labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri.
D. Caranipun Ngempalaken Data
Cara ngempalaken data inggih menika satunggaling cara ingkang dipunginakaken
kangge manggihi
utawi ngempalaken
data ingkang
dipunbetahaken wonten ing panaliten. Kangge manggihi data ingkang trep, dipunbetahaken cara ngempalaken data. Cara ngempalaken data ingkang
dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika pengamatan berperanserta, wawancara mendalam saha dokumentasi.
a. Pengamatan Berperanserta
Miturut pamanggihipun Moleong, 2007:164 ingkang dipunwastani pengamatan berperanserta inggih menika ngawontenaken pengamatan saha
mirengaken kanthi cermat dumugi babagan ingkang alit. Cara panaliten menika dipunlampahi kanthi ngawontenaken pengamatan langsung
ngengingingi lampahan upacara tradhisi labuhan ageng ing Seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten
Wonogiri. Observasi menika dipuntindakaken kanthi cara ngamati saha ndherak langsung wonten ing lampahing upacara labuhan ageng menika. Cara
menika gadhah ancas supados pikantuk data primer babagan ubarampe menapa kemawon ingkang dipunginakaken wonten ing upacara labuhan
ageng saha lampahan upacara labuhan ageng ing seganten Sembukan, Desa
30 Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri ingkang
dipunpendhet kanthi langsung saking papan lumampahing upacara tradhisi labuhan ageng. Supados saged trep kaliyan standar ilmiah, panaliti kedah
saged mlebet wonten ing ritual ingkang dipunlampahi dening para pelaku upacara Endraswara, 2006: 169. Panaliti menika kedah ndherek wonten ing
proses interaksinipun satunggaling lampahan upacara tradhisi, supados saged mangertosi sakkathah-kathahipun informasi. Kanthi nglampahi pengamatan
berperanserta, panaliten menika saged langkung objektif amargi panaliti menika mangertosi kasunyatanipun.
b. Wawancara Mendalam
Wawancara utawi interview inggih menika cara ngempalaken data kanthi ginakaken dialog babagan ingkang gegayutan kaliyan tema panaliten
dhumateng informan Moleong, 2006: 186. Wawancara menika dipunginakaken kangge manggihi data babagan asal usul upacara labuhan
ageng, makna simbolik ubarampe labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten
Wonogiri saha paedah upacara labuhan ageng tumrap masyarakat panyengkuyungipun.
Metode menika dipunginakaken kangge manggihi data primer amargi data ingkang dipunpanggihaken menika langsung saking para para
upacaranipun. Para paraga upacara menika antawisipun inggih menika pangarsa adat, tiyang ingkang mimpin upacara, tiyang ingkang ndherek