Pangertosan Simbol GEGARAN TEORI

22 wonten ing upacara tradhisi menika ancasipun kangge pendekatan antawisipun manungsa dhumateng Tuhanipun ingkang sampun nyiptakaken, paring gesang saha nemtokaken tilar donya Herusatoto, 2001: 28. Kajian makna simbolik wonten ing panaliten menika kangge mangertosi makna simbolik ingkang kaandhut wonten ing ubarampe upacara tradhisi labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri.

E. Labuhan Ageng

Mirutut pamanggihipun Murniatmo 2003: 12 labuhan menika saking tembung Jawa „labuh‟ ingkang tegesipun sami kaliyan tembung larung, inggih menika mbucal sesaji ing toya ingkang mili tumuju seganten. Tembung larung ugi gadhah teges suka sesaji dhumateng roh halus ingkang mbaureksa ing satunggaling papan. Saking andharen ing nginggil saged dipunpendhet dudutanipun bilih tembung labuh utawi larung tegesipun mbucal satunggaling sesaji ing toya ingkang mili, saperlu kangge sesaji dhumateng roh halus ingkang mbaureksa ing satunggaling papan. Labuhan ageng inggih menika satunggaling upacara tradhisi ingkang dipunwontenaken saben malem tanggal 1 Sura. Upacara menika dipunwontenaken ing seganten Sembukan, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri. Upacara ritual labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan menika dipuntindakaken kangge ngaturaken sesaji dhumateng Sang Panguasa Ghaib Laut Selatan supados Gusti tansah paring kaslametan saha tentrem dhumateng 23 sedaya warga Wonogiri. Upacara menika ugi asring dipunginakaken menawi masyarakat menika gadhah satunggaling panyuwunan, kadosta menawi ing dhaerah menika nembe kekirangan toya. Upacara labuhan ageng menika dipuntindakaken kanthi lampahan-lampahan ingkang sampun dipunrantam dening panitia. Lampahan upacara tradhisi labuhan ageng antawisipun inggih menika : 1 pambuka; 2 pambagyaharja; 3 kirab; 4 pasrah saha tampi sesaji saking bapak camat dhumateng pangarsa adat; 5 ikrar; 6 donga; 7 labuhan; 8 panglipur.

1. Pambuka

Adicara pambuka wonten ing labuhan ageng menika dipunlampahi dening ketua panitia labuhan ageng. Ingkang kajibah dados ketua panitia inggih menika bapak Sucipto. Pambuka menika wosipun biasanipun babagan laporan ketua panitia labuhan ageng.

2. Pambagyaharja

Paraga ingkang kajiah ngaturaken pambagyaharja inggih menika bapak Sukatno.

3. Kirab

Wonten ing adicara labuhan ageng menika dipunwiwiti kanthi kirab saking gapura seganten Sembukan. Kirab menika dipunpandhegani dening subamanggala ingkang sampun dipundhapuk dening panitia.

4. Pasrah saha tampi sesaji

24 Sesaji menika dipunpasrahaken dening subamanggala kirab dhumateng pangarsa adat. Sesaji ingkang dipunpasrahaken antawisipun inggih menika : a sirah sapi; b suku sapi, ingkang cacahipun sekawan; c buntut sapi; d ingkung ayam, ingkang cacahipun setunggal; e tumpeng sekul wuduk; f gunungan ingkang wosipun asiling bumi saha maneka warni wowohan; g dupa ratus ingkang cacahipun sedasa.

5. Ikrar

Adicara ikrar wonten ing upacara labuhan ageng menika ngikraraken menapa ingkang dados pangajabipun warga masyarakat Desa Paranggupito.

6. Donga

Adicara labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan menika ugi nginakaken donga supados adicara ingkang sampun karantam saged lumampah kanthi lancar kalis saking sambikala. Wonten ing adicara menika ndedonga dipunpandhegani dening bapak Sutikja minangka petugas KUA Kecamatan Paranggupito.

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1