Setting Panaliten Data saha Sumbering Data

30 Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri ingkang dipunpendhet kanthi langsung saking papan lumampahing upacara tradhisi labuhan ageng. Supados saged trep kaliyan standar ilmiah, panaliti kedah saged mlebet wonten ing ritual ingkang dipunlampahi dening para pelaku upacara Endraswara, 2006: 169. Panaliti menika kedah ndherek wonten ing proses interaksinipun satunggaling lampahan upacara tradhisi, supados saged mangertosi sakkathah-kathahipun informasi. Kanthi nglampahi pengamatan berperanserta, panaliten menika saged langkung objektif amargi panaliti menika mangertosi kasunyatanipun.

b. Wawancara Mendalam

Wawancara utawi interview inggih menika cara ngempalaken data kanthi ginakaken dialog babagan ingkang gegayutan kaliyan tema panaliten dhumateng informan Moleong, 2006: 186. Wawancara menika dipunginakaken kangge manggihi data babagan asal usul upacara labuhan ageng, makna simbolik ubarampe labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri saha paedah upacara labuhan ageng tumrap masyarakat panyengkuyungipun. Metode menika dipunginakaken kangge manggihi data primer amargi data ingkang dipunpanggihaken menika langsung saking para para upacaranipun. Para paraga upacara menika antawisipun inggih menika pangarsa adat, tiyang ingkang mimpin upacara, tiyang ingkang ndherek 31 upacara, saha sedaya pihak ingkang gadhah gegayutan kaliyan upacara tradhisi labuhan ageng. Panaliti menika langkung rumiyin nglampahi wawancara kaliyan informan kunci, informan kuncinipun menika pangarsa adat ingkang kajibah nglabuh dipunlajengaken wawancara kaliyan informan sanesipun jumbuh kaliyan perkawis ingkang badhe dipunteliti. Wawancara menika dipunlampahi kanthi tinarbuka, ateges informan menika mangertos menawi nembe dipunwawancarai saha mengertos ancasipun wawancara.

c. Dokumentasi

Dokumentasi dipunlampahi kangge manggihi sedaya data ingkang dipunkajengaken. Data ingkang dipunkajengaken menika antawisipun babagan lampahan upacara labuhan ageng, ubarampe menapa kemawon ingkang dipunginakaken wonten ing upacara labuhan ageng saha makna simbolik ubarampe upacara labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri Wonten ing panaliten menika, panaliti ngolah data ingkang sinerat saha data ingkang boten sinerat ingkang gadhah ancas kangge nglengkapi data ingkang sampun dipunpanggihi. Data ingkang sinerat arupi data ingkang wonten gayutanipun kaliyan panaliten menika, data ingkang boten sinerat inggih menika arupi foto dhokumentasi babagan upacara tradhisi labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri.

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1