Ikrar Donga Labuhan Ageng

26 leluhur menika dipuntindakaken kanthi lampah upacara tradhisi. Satunggaling upacara tradhisi ingkang taksih ngrembaka wonten ing Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri inggih menika upacara tradhisi labuhan ageng. Adicara labuhan ageng menika dipunlampahi wonten ing seganten Sembukan. Wonten ing upacara labuhan ageng menika ginakaken ubarampe sesaji, antawisipun inggih menika gunungan, sira sapi, suku sapi, buntut sapi, tumpeng wuduk, ingkung, saha kutug. Saben ubarampe menika gadhah makna simbolik kangge ngandharaken maksudipun. Upacara labuhan ageng ingkang dipunlampahi dening warga masyarakat Desa Paranggupito menika mujudaken satunggaling kadadosan utawi fenomena ingkang unik saha narik kawigatosanipun panaliti. Katitik wonten ing jaman ingkang sampun maju menika taksih wonten warga masyarakat ingkang taksih pitados dhumateng makhluk ghaib utawi setan ingkang saged paring kamulyan utawi rejeki dhumateng manungsa. Awit saking menika, upacara labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri menika prelu sanget dipuntliti. 27

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten babagan upacara tradhisi labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri kalebet jinising panaliten kualitatif. Bodgan saha Taylor lumantar Moleong, 2009: 4, ngandharaken bilih panaliten kualitatif inggih menika prosedur panaliten ingkang ngasilaken data deskriptif ingkang arupi tetembungan ingkang tinulis utawi lesan saking tiyang tiyang ingkang dipunteliti. Dados, wonten ing panaliten menika dipuntindakaken kanthi langsung ing papan ingkang badhe dipunteliti kangge ngasilaken data deskriptif. Wonten ing panaliten kualitatif menika informasi ingkang kapendhet kanthi ngawontenaken panaliten langsung saha wawan pirembagan, saengga panaliti kedah langsung wonten ing papan ingkang dipunteliti kangge mendhet data ingkang dipunkajengaken. Panaliten ingkang migunakaken cara kualitatif menika ing pangajab supados saged suka gambaran ingkang cetha ngengingi asal-usul upacara labuhan ageng, lampahanipun upacara labuhan ageng, ubarampe ingkang dipunginakaken wonten ing upacara tradhisi labuhan ageng ing Seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri. Saksampunipun saged ngandharaken ubarampe ingkang dipunginakaken ugi saged ngandharaken makna simbolik ubarampe ingkang

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1