Nalaring Pikir GEGARAN TEORI

27

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Panaliten babagan upacara tradhisi labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri kalebet jinising panaliten kualitatif. Bodgan saha Taylor lumantar Moleong, 2009: 4, ngandharaken bilih panaliten kualitatif inggih menika prosedur panaliten ingkang ngasilaken data deskriptif ingkang arupi tetembungan ingkang tinulis utawi lesan saking tiyang tiyang ingkang dipunteliti. Dados, wonten ing panaliten menika dipuntindakaken kanthi langsung ing papan ingkang badhe dipunteliti kangge ngasilaken data deskriptif. Wonten ing panaliten kualitatif menika informasi ingkang kapendhet kanthi ngawontenaken panaliten langsung saha wawan pirembagan, saengga panaliti kedah langsung wonten ing papan ingkang dipunteliti kangge mendhet data ingkang dipunkajengaken. Panaliten ingkang migunakaken cara kualitatif menika ing pangajab supados saged suka gambaran ingkang cetha ngengingi asal-usul upacara labuhan ageng, lampahanipun upacara labuhan ageng, ubarampe ingkang dipunginakaken wonten ing upacara tradhisi labuhan ageng ing Seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri. Saksampunipun saged ngandharaken ubarampe ingkang dipunginakaken ugi saged ngandharaken makna simbolik ubarampe ingkang 28 dipunginakaken. Ingkang pungkasan saged ngandharaken paedah upacara labuhan ageng tumrap masyarakat panyengkuyungipun.

B. Setting Panaliten

Setting panaliten upacara tradhisi labuhan ageng menika ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri. Upacara menika dipuntindakaken saben wulan Sura. Wulan Sura menika wiwitan taun ing tanggalan Jawi. Wonten ing wulan Sura menika dipunpitados sae kangge nindakaken upacara labuhan ageng, amargi wulan menika miturut tiyang Jawi dipunsebat wulan nyepi kangge ndedonga dhumateng Tuhan Ingkang Maha Kuwaos. Dinten dipuntindakaken upacara Labuhan Ageng biasanipun dipunpilih malem tanggal 1 Sura. Wonten ing 1 Muharram 1435 H menika upacara labuhan ageng dipunlampahi dinten Senin Pahing surya kaping 4 November 2013 malem Selasa Pon surya kaping 5 November 2013. Upacara menika dipuntindakaken wonten ing pendhapa seganten Sembukan dipunlajengaken adicara labuhan wonten ing sakpinggiripun seganten Sembukan. .

C. Data saha Sumbering Data

Data ingkang dipunkaji wonten ing panaliten inggih menika asal usul upacara tradhisi labuhan ageng, lampahan upacara labuhan ageng, makna simbolik ubarampe upacara tradhisi labuhan ageng saha paedah upacara labuhan ageng tumrap masyarakat panyengkuyungipun. Wondene sumbering data 29 ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika upacara tradhisi labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri.

D. Caranipun Ngempalaken Data

Cara ngempalaken data inggih menika satunggaling cara ingkang dipunginakaken kangge manggihi utawi ngempalaken data ingkang dipunbetahaken wonten ing panaliten. Kangge manggihi data ingkang trep, dipunbetahaken cara ngempalaken data. Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika pengamatan berperanserta, wawancara mendalam saha dokumentasi.

a. Pengamatan Berperanserta

Miturut pamanggihipun Moleong, 2007:164 ingkang dipunwastani pengamatan berperanserta inggih menika ngawontenaken pengamatan saha mirengaken kanthi cermat dumugi babagan ingkang alit. Cara panaliten menika dipunlampahi kanthi ngawontenaken pengamatan langsung ngengingingi lampahan upacara tradhisi labuhan ageng ing Seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri. Observasi menika dipuntindakaken kanthi cara ngamati saha ndherak langsung wonten ing lampahing upacara labuhan ageng menika. Cara menika gadhah ancas supados pikantuk data primer babagan ubarampe menapa kemawon ingkang dipunginakaken wonten ing upacara labuhan ageng saha lampahan upacara labuhan ageng ing seganten Sembukan, Desa

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1