Dupa ratus Pisang Raja Setangkep

125 menika remenipun ngginakaken pupur viva menika. andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 ing ngandhap menika. “pupure kuwi kudu nganggo pupur viva sing plastikan, amarga menurut kepercayaan leluhur kuwi senengane nganggo pupur kuwi.” CLW 01 Pupur menika ugi gadhah satunggaling pralambang. Pupur ingkang gandanipun wangi menika gadhah pralambang saha pangajab supados pahargyan ingkang dipunlampahi menika ngasilaken paedah ingkang sae kados dene gandanipun pupur ingkang wangi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 05 ing ngandhap menika. “pupur niku supaya membuat aroma yang baik, dadi dimaksudkan agar pertunjukan tersebut membuat aroma yang harum atau baik.” CLW 05 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung pratelanipun informan 07 ing ngandhap menika. “pupur niku namung nglambangke sarana wewangen ngaten.” CLW 07

f. Teh

Teh menika satunggaling sesaji ingkang dipunginakaken wonten ing sesaji dhalang. Teh ingkang dipunginakaken inggih menika teh cemeng, amargi miturut kapitadosanipun warga Paranggupito, leluhur menika remenipun ngunjuk teh cemeng. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 ing ngandhap menika. “yen teh kuwi, masyarakat kene iseh percaya yen leluhur kuwi seneng ngombe wedang teh ireng mula dikeki sesajen teh.” CLW 01 Teh menika ugi gadhah satunggaling pralambang. Pralambangipun inggih menika supados tiyang menika teteh anggenipun ngendika. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07 ing ngandhap menika. 126 “teh niku supados teteh anggene ngomong ngaten.” CLW 07 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung pratelanipun informan 05 ing ngandhap menika. “jadi teh itu dimaksudkan supaya orang-orang itu teteh atau lancar ngomonge.” CLW 05 “dados teh menika gadhah maksud supados tiyang-tiyang menika teteh utawi lancar ngendikanipun.” CLW 05

g. Sedhah

Sedhah menika satunggaling sesaji ingkang dipunginakaken wonten ing sesaji dhalang. Sedhah menika dados pralambang raos ingkang tunggal, ateges sinaosa beda beda tiyang ananging raosipun menika sami. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 05 ing ngandhap menika. “nek digigit padha rasane nek didulu beda rasane, jadi melambangkan meskipun berbeda- beda tetapi satu rasa” CLW 05 Andharan ing nginggil dipunsengkuyung pratelan informan 07 ing ngandhap menika. “suruh niku nglambangke tunggal rasane.” CLW 07 Andharan ing nginggil dipunsengkuyung pratelanipun Pringgawidagda 2006: 43 ingkang nedahaken bilih sedhah menika ngemu teges manunggalipun rasa, kados dene godhong sedhah ingkang beda wujudipun antawisipun nginggil kaliyan ngandhapipun ananging setunggal rasanipun.

E. Paedah Upacara Labuhan Ageng

Upacara labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kabupaten Wonogiri menika upacara ingkang taksih rutin dipuntindakaken dening warga masyarakat Desa Paranggupito saben malem setunggal Sura.

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1