90 b
SMP : saben SMP dipunpendhet 5 tiyang
c UPT
: 35 tiyang d
Puskesmas : 3 tiyang
e KUA
: 3 tiyang f
Kecamatan : 7 tiyang
g Desa Paranggupito
: saben RT dipunpendhet 10 tiyang 3
LPKK Paranggupito 4
Saben setunggal Desa ing Kecamatan Paranggupito dipunpendhet sedasa tiyang
d. Pasrah saha tampi sesaji
Saksampunipun lampahan kirab saking gerbang ngajeng seganten Sembukan, rombongan kirab menika jumeneng ing ngajeng pendhopo seganten
Sembukan ingkang sampun dipuntengga dening rombongan ingkang badhe narima sesaji. Saksampunipun sedaya paraga kirab sampun jumeneng, bapak
Sriyono minangka subamanggala menika masrahaken ubarampe sesaji ingkang sampun dipunbeta kirab. Sesaji ingkang dipunpasrahaken inggih menika arupi
gunungan, sesaji ingkang dipunlabuh arupi tumpeng wuduk, ingkung, sirah, suku saha buntut sapi saha kutug.
1 Pasrah Sesaji
Adicara pasrah menika wosipun inggih menika masrahaken sesaji ingkang sampun dipunkirabaken supados dipunlabuh dening paraga ingkang kajibah
nglabuh. Paraga ingkang kajibah masrahaken sesaji labuhan inggih menika bapak Sriyono, wondene paraga ingkang kajibah nglabuh inggih menika bapak
Suprihono minangka juru kunci seganten Sembukan. Sesaji ingkang
91 dipunpasrahaken inggih menika arupi gunungan, sesaji ingkang dipunlabuh
arupi tumpeng wuduk, ingkung, sirah, suku saha buntut sapi saha kutug. “isine yo mung masrahke sesaji sing wis digawa kirab mau menyang
pangarsa adat supaya sesaji sing dilabuh yo dilabuh, sesaji gunungan kuwi dibagekne masyarakat. Sing masrahke kuwi submanggala gek ditampa pak
Suliya sing makili pangarsa adat. Sing dipasrahke kuwi yo kabeh sesaji labuhane kaya gunungan, sesaji sing dilabuh, karo kutug
” CLW 01 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung pratelanipun informan 04 ing
ngandhap menika. “…Pasrah sesaji isine masrahke sesaji gunungan, sirah, suku, buntut sapi,
tumpeng sega gurih, ingkung karo menyan neng pangarsa adat …” CLW
04 Atur pasrah sesaji dening bapak Sriyono saged dipunandharaken ing ngandhap
menika. Assalamualaikum Wr. Wb
Dhumateng kepala pemerintah kabupaten Wonogiri ingkang kawula hurmati, ingkang dalu menika taksih wonten perjalanan, panjenenganipun
para sesepuh
saha pinisepuhingkang
dahat satuhu
kinabekten, panjenenganipun bapa kepala dinas seKecamatan Paranggupito ingkang
kawula hurmati, panjenenganipun para lenggah, para tamu ingkang boten saged kawula sebat setunggal mboko setunggal sarta warga masyarakat ing
Kecamatan Paranggupito ingkang dhahat bagya mulya.
Sakderengipun kawula matur dhumateng ngarsanipun panjenengan sami, mangga kawula dherekaken ngaturaken puja puji syukur dhumateng
ngarsanipun pangeran ingkang Maha Agung awit saha berkah, rahmat saha inayahipun kita sekaliyan saged makempal manunggal wonten ing pantai
sembukan menika kanthi adicara larungan ageng. Saklajengipun hanetepi napa
ingkang dipundhawuhaken
warga masyarakat
Kecamatan Paranggupito ing dalu menika kawula ngaturaken sedaya uborampe, sesaji
ingkang minangka uborampe panyuwunan dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung. Saklajengipun dhumateng bapa Suliya ingkang
kawula hurmati, ing ratri menika malem 1 Muharram 1435H kawula ngaturaken sedaya uborampe sesaji minangka uborampe panyuwunan
dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung. Mugi-mugi kanthi sarana menika menapa ingkang dados panyuwunanipun warga masyarakat
saged kasembadan. Saklajengipun hambokbilih wonten kekiranganipun
92 uborampe kawula nyuwun pangapunten sanget. Saklajengipun, kawula
pasrahaken dhumateng bapa Suliyo. Mbokbilih menkaten ingkang kawula aturaken, menawi wonten klenta
klentunipun kula nyuwun pangapunten. Wabillahitaufik Walhidayah Wasalamualaikum. Wr. Wb
Gambar 24: Pasrah sesaji dening bapak Sriyono doc. Feby
Wosipun pasrah sesaji inggih menika masrahaken sesaji ingkang sampun dipunkirabaken supados dipunlabuh dening paraga ingkang kajibah nglabuh.
Sesaji ingkang dipunpasrahaken menika arupi gunungan, kutug, sirah, suku saha buntut sapi.
2 Panampi Sesaji
Wosipun panampi sesaji inggih menika babagan panampinipun sesaji ingkang sampun dipunpasrahaken dening bapak Sriyono. Bapak Suliyo ugi
ngaturaken panuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun paring pambiyantu saha nyuwun donga supados anggenipun nglabuh sesaji menika
boten wonten alangan menapa-menapa dumugi paripurna. Paraga ingkang kajibah nampi sesaji inggih menika bapak Suliyo, S.Pd jumenengipun bapak