Pakaryan Data Monografi Desa Paranggupito

41 langkung kathah. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04 ing ngandhap menika. “yen pekerjaane paling akeh yo tani, amarga masyarakat kene yo akeh sing duwe alas dhewe- dhewe.” CLW 04 “yen pakaryane paling akeh yo tani, amarga masyarakat kene yo akeh sing duwe alas dhewe- dhewe.” CLW 04 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06 ing ngandhap menika. “Jadi karena penduduk saya itu kebanyakan itu yo petani,...” CLW 06 “Dados amargi penduduk kula menika kathahipun petani,...” CLW 06 Warga Desa Paranggupito ingkang pakaryanipun tani inggih menika 786 priyantun jaler saha 832 priyantun estri. Wondene tiyang ingkang dados buruh tani inggih menika 46 priyantun jaler saha 113 priyantun estri. Desa Paranggupito gadhah tegalan 995,96 Hektar, pemukiman 72,94 Hektar, cacahipun sedaya Desa Paranggupito inggih menika 1.068,90 Hektar.

c. Tataran Pendidikan

Kanthi adhedhasar data monografi Desa Paranggupito taun 2013, klasifikasi penduduk miturut tataran pendidikanipun saged dipunandharaken wonten ing tabel ngandhap menika. Tabel 3: Klasifikasi Penduduk Miturut Tataran Pendidikan No. Tataran Pendidikan Jenis Kelamin Jaler Estri 1. Umur 3-6 taun ingkang dereng mlebet TK 9 10 2. Umur 3-6 taun ingkang nembe TKplay group 31 38 42 Tabel 4: Klasifikasi Penduduk Miturut Tataran Pendidikan Saklajengipun No. Tataran Pendidikan Jenis Kelamin Jaler Estri 3. Umur 7-18 taun ingkang boten nate sekolah - 1 4. Umur 7-18 taun ingkang nembe sekolah 161 133 5. Umur 18-56 taun ingkang boten nate sekolah 28 42 6. Umur 18-56 taun nate SD ananging boten lulus 62 72 7. Tamat SDsederajat 518 502 8. Umur 12 - 56 taun boten lulus SLTP 30 49 9. Umur 18 - 56 taun boten lulus SLTA 38 36 10. Tamat SMPsederajat 222 226 11. Tamat SMAsederajat 172 144 12. Tamat D-1sederajat 21 5 13. Tamat D-2sederajat 10 2 14. Tamat D-3sederajat 6 1 15. Tamat S-1sederajat 11 5 16. Tamat S-2sederajat 1 - 17. Tamat S-3sederajat 1 - 18. Tamat SLB A - - 19. Tamat SLB B - - 20. Tamat SLB C - - Gunggung 1.321 1.266 Sumber : Data Monografi Desa Paranggupito Taun 2013 Data tataran pendidikan kados ingkang sampun dipunandharaken wonten ing nginggil menika saperlu kangge mangertosi kawontenanipun para paraga upacara adhedhasar tataran pendidikanipun. Saking tabel data penduduk Desa Paranggupito ing nginggil saged dipunandharaken bilih Desa Paranggupito menika kagolong sampun sadhar kaliyan pendidikan. Andharan menika katitik wonten ing tabel ing nginggil bilih masyarakat menika sakperangan ageng 43 sampun nindakaken wajib belajar 9 taun. Wonten ugi warga masyarakat ingkang sampun tamat S3. Paraga upacara ingkang ndherek upacara labuhan ageng dipuntingali saking tataran pendidikanipun. Saking tabel komposisi penduduk ing nginggil saged dipunmangertosi menawi paraga upacara labuhan ageng menika tiyang ingkang tataran pendidikanipun tamat S-1sederajat saha tamat S-2sederajat kadhapuk minangka subamanggala, panampi sesaji, pamaos donga, pamaos ikrar saha panglarung. Tiyang ingkang tataran pendidikanipun tamat SMAsederajat menika kadhapuk minagka pengapit. Para paraga ingkang kadhapuk mbeta jodhang sesaji labuh saha jodhang sesaji gunungan menika tiyang ingkang tamat SDsederajat. Tiyang ingkang tataran pendidikanipun tamat SMPsederajat menika kadhapuk mbeta kutug utawi dupa ratus. Paraga upacara ingkang kadhapuk dados pangombyong menika saking maneka warni tataran pendidikan, antawisipun inggih menika tamat SMAsederajat, tamat D-1sederajat, tamat D- 2sederajat, tamat D-3sederajat, saha tamat S-1sederajat. Wondene warga masyarakat saking tataran pendidikan sanesipun menika minangka tiyang ingkang mirsani upacara labuhan ageng.

d. Komposisi Pemeluk Agama

Klasifikasi peduduk Desa Paranggupito miturut komposisi pemeluk agamanipun adhedhasar data monografi taun 2013 saged dipunpirsani wonten ngandhap menika.

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1