129 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung pratelanipun informan 04 ing
ngandhap menika. “...warga bisa guyup rukun, amarga saka persiapan tekan pelaksanaan
labuhan kuwi ditindakne kanthi gotong royong ...” CLW 04
Dados, paedah upacara labuhan ageng ing bidang social inggih menika kanthi dipunwontenaken upacara labuhan ageng menika, saged ndadosaken
warga masyarakat langkung guyup rukun antawisipun warga setunggal kaliyan sanesipun.
3. Paedah Bidang Ekonomi
Adicara labuhan ageng menika ugi wonten paedahipun ing bidang ekonomi. Warga masyarakat Paranggupito menika wonten ingkang dagang ing seganten
Sembukan. Saking dagang menika kanthi wontenipun wisatawan ingkang mirsani saged nambah kathah pendapatanipun warga masyarakat Desa
Paranggupito. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 ing ngandhap menika.
“...terus gegandhengan warga masyarakat Paranggupito iki ana sing dodolan yen akeh wisatawan isa nambah perekonomian masyarakat kuwi...
” CLW 01
Andharan ing nginggil dipunsengkuyung pratelanipun informan 03 ing ngandhap menika.
“Lha yen wisatawan akeh sing mbrene lak perekonomian warga isa luwih maju meneh.” CLW 03
Saged dipunpendhet dudutanipun bilih wonten ing bidang ekonomi upacara labuhan ageng menika gadhah paedah saged nambah kathah pendapatanipun
warga masyarakat Desa Paranggupito.
130
4. Paedah Bidang Pariwisata
Paedah pariwisata menika paedah ingkang wonten gayutipun kaliyan pariwisata. Adicara upacara labuhan ageng menika ugi gadhah paedah wonten
ing bidang pariwisata. Wonten ing bidang pariwisata, kanthi dipunwontenaken upacara labuhan ageng menika saged narik kawigatosanipun wisatawan. Kanthi
kathahipun wisatawan ingkang rawuh menika saged nepangaken potensi wisata ing Desa Paranggupito menika saengga Paranggupito menika langkung saged
dipunkenal dening wisatawan manca menapa dene wisatawan lokal. Menawi kathah wisatawan ingkang rawuh menika saged nambah paedah ingkang gayut
kaliyan tradhisi, sosial, menapa dene ekonomi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 03 ing ngandhap menika.
“...terus secara pariwisata bisa menarik wisatawan amarga ana ritual labuhan ageng mau.
” CLW 03 Andharan ing nginggil dipunsengkuyung pratelanipun informan 04,
informan 05, saha informan 06 ing ngandhap menika. “...manfaate meneh kuwi isa nekakne wisatawan, sukur-sukur wisatawan
londo ngono. ” CLW 04
“menurut saya ya menambah banyak wisatawan yang tertarik untuk berkunjung ke Sembukan
...” CLW 05 “...selain itu dari segi kepariwisataan dengan diadakannya upacara
labuhan ini mungkin bisa menambah jumlah wisatawan yang masuk dan menjadikan sembukan jadi lebih dikenal.
” CLW 06 Saged dipunpendhet dudutanipun, paedahipun upacara labuhan ageng ing
bidang pariwisata inggih menika kanthi dipunwontenaken upacara labuhan ageng menika saged narik kawigatosanipun wisatawan. Kanthi kathahipun
wisatawan ingkang rawuh menika saged nepangaken potensi wisata ing Desa