Uwos Pupur Sesaji Dhalang

126 “teh niku supados teteh anggene ngomong ngaten.” CLW 07 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung pratelanipun informan 05 ing ngandhap menika. “jadi teh itu dimaksudkan supaya orang-orang itu teteh atau lancar ngomonge.” CLW 05 “dados teh menika gadhah maksud supados tiyang-tiyang menika teteh utawi lancar ngendikanipun.” CLW 05

g. Sedhah

Sedhah menika satunggaling sesaji ingkang dipunginakaken wonten ing sesaji dhalang. Sedhah menika dados pralambang raos ingkang tunggal, ateges sinaosa beda beda tiyang ananging raosipun menika sami. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 05 ing ngandhap menika. “nek digigit padha rasane nek didulu beda rasane, jadi melambangkan meskipun berbeda- beda tetapi satu rasa” CLW 05 Andharan ing nginggil dipunsengkuyung pratelan informan 07 ing ngandhap menika. “suruh niku nglambangke tunggal rasane.” CLW 07 Andharan ing nginggil dipunsengkuyung pratelanipun Pringgawidagda 2006: 43 ingkang nedahaken bilih sedhah menika ngemu teges manunggalipun rasa, kados dene godhong sedhah ingkang beda wujudipun antawisipun nginggil kaliyan ngandhapipun ananging setunggal rasanipun.

E. Paedah Upacara Labuhan Ageng

Upacara labuhan ageng wonten ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kabupaten Wonogiri menika upacara ingkang taksih rutin dipuntindakaken dening warga masyarakat Desa Paranggupito saben malem setunggal Sura. 127 Upacara tradhisi ingkang warisanipun nenek moyang menika gadhah paedah ingkang saged dipunraosaken generasi jaman sakmenika mliginipun warga masyarakat Desa Paranggupito minangka masyarakat panyengkuyung. Adicara labuhan ageng menika gadhah paedah tumrap warga masyarakat. Paedah ingkang saged dipunraosaken masyarakat Paranggupito menika saged dipungolongaken dados sekawan, antawisipun paedah wonten ing bidang kabudayan, sosial, ekonomi, saha pariwisata. Saking panaliten ingkang sampun dipunlampahi, pramila paedah-paedah menika saged dipunandharaken wonten ing ngandhap menika.

1. Paedah Bidang Tradhisi

Upacara labuhan ageng menika satunggaling wujud nguri-uri kabudayan ingkang dipunwarisaken leluhur ing jaman rumiyin. Wonten ing bidang tradhisi, upacara labuhan ageng menika gadah satunggaing paedah. Paedahipun inggih menika kanthi wontenipun upacara tradhisi ingkang dipunlampahi saben warsa menika saged damel satunggaling upacara adat ingkang arupi upacara labuhan ageng menika lestantun. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelan informan 03 ing ngandhap menika. “manfaate kuwi isa nguri-uri kebudayaan nenek moyang...” CLW 03 Andharan ing nginggil ugi dipunsengkuyung pratelanipun informan 06 ing ngandhap menika. “menurut saya, lauhan itu kan sebuah tradisi dari jaman leluhur, dari jamane mbah-mbah dulu sudah diadakan yang namanya labuhan itu, dan sampai sekarang masyarakat masih mempercayainya, jadi manfaatnya itu ya bisa nguri-uri atau mempertahankan tradisi itu i stilahnya.” CLW 06

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1