Paedah Bidang Sosial Paedah Bidang Ekonomi

130

4. Paedah Bidang Pariwisata

Paedah pariwisata menika paedah ingkang wonten gayutipun kaliyan pariwisata. Adicara upacara labuhan ageng menika ugi gadhah paedah wonten ing bidang pariwisata. Wonten ing bidang pariwisata, kanthi dipunwontenaken upacara labuhan ageng menika saged narik kawigatosanipun wisatawan. Kanthi kathahipun wisatawan ingkang rawuh menika saged nepangaken potensi wisata ing Desa Paranggupito menika saengga Paranggupito menika langkung saged dipunkenal dening wisatawan manca menapa dene wisatawan lokal. Menawi kathah wisatawan ingkang rawuh menika saged nambah paedah ingkang gayut kaliyan tradhisi, sosial, menapa dene ekonomi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 03 ing ngandhap menika. “...terus secara pariwisata bisa menarik wisatawan amarga ana ritual labuhan ageng mau. ” CLW 03 Andharan ing nginggil dipunsengkuyung pratelanipun informan 04, informan 05, saha informan 06 ing ngandhap menika. “...manfaate meneh kuwi isa nekakne wisatawan, sukur-sukur wisatawan londo ngono. ” CLW 04 “menurut saya ya menambah banyak wisatawan yang tertarik untuk berkunjung ke Sembukan ...” CLW 05 “...selain itu dari segi kepariwisataan dengan diadakannya upacara labuhan ini mungkin bisa menambah jumlah wisatawan yang masuk dan menjadikan sembukan jadi lebih dikenal. ” CLW 06 Saged dipunpendhet dudutanipun, paedahipun upacara labuhan ageng ing bidang pariwisata inggih menika kanthi dipunwontenaken upacara labuhan ageng menika saged narik kawigatosanipun wisatawan. Kanthi kathahipun wisatawan ingkang rawuh menika saged nepangaken potensi wisata ing Desa 131 Paranggupito menika saengga Paranggupito menika langkung saged dipunkenal dening wisatawan manca menapa dene wisatawan lokal. 132

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar asiling panaliten saha pirembaganipun babagan upacara tradhisi labuhan ageng ing seganten Sembukan, Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri, saged dipunpendhet dudutanipun kados ing ngandhap menika. 1. Upacara tradhisi labuhan ageng ing Desa Paranggupito, Kecamatan Paranggupito, Kabupaten Wonogiri menika dipunwontenaken ing seganten Sembukan. 2. Asal-usul upacara labuhan ageng menika dipunwiwiti rikala perang gerilya ing Surakarta ing wulan besar 1848 dumugi wulan Sura 1848. Kompeni kaliyan pihak Kasultanan Yogyakarta saha Kasunanan Surakarta menika ngawontenaken satunggaling paseksen. Paseksen menika dipunraos nguntungaken pihakipun kompeni. Raden Mas Said menika ngraos dipunrugekaken saha nglampahi perang gerilya wonten ing wilayah sekitar Surakarta dumugi wilayah Sawit. Dumugi Dhusun Sawit Raden Mas Said taksih dipunuyak dening kompeni, mila R. M. Said nglajengaken lampahipun dumugi sakpinggiripun seganten Kidul. Wonten ing sakwijining dalu, Raden Mas Said menika semedi wonten ing nginggil redi sakpinggiripun seganten Sembukan. Redi menika dipunsukani nama redi Gendera amargi ing jaman perjuangan

Dokumen yang terkait

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 1 19

PENDAHULUAN Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 0 4

PERENCANAAN DERMAGA DAN PEMECAH GELOMBANG PELABUHAN PERIKANAN PARANGGUPITO WONOGIRI Perencanaan Dermaga Dan Pemecah Gelombang Pelabuhan Perikanan Paranggupito Wonogiri (Design Of Dock And Breakwater At Wonogiri Paranggupito Fishery Port).

0 19 14

ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 15

PENDAHULUAN ASPEK PENDIDIKAN RELIGIUS DALAM TRADISI LABUHAN AGENG DI PANTAI SEMBUKAN DESA PARANGGUPITO KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI.

0 1 5

PERANCANGAN VISUAL BRANDING DAN PROMOSI EVENT BUDAYA LARUNG AGENG SEBAGAI OBJEK WISATA RITUAL DI PANTAI SEMBUKAN PARANGGUPITO WONOGIRI.

1 0 19

BENTUK INTERAKSI SOSIAL ANTARA PENGANUT ALIRAN TRI SILA WEDHA DENGAN MASYARAKAT SEKITAR PANTAI SEMBUKAN, KECAMATAN PARANGGUPITO KABUPATEN WONOGIRI JAWA TENGAH.

1 10 14

UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN.

2 23 303

a92535828956a7d0ee6b37ac85ca0cbb 20161031 kecamatan paranggupito

0 0 2

Situs Resmi Pemerintah Kabupaten Wonogiri Kec. Paranggupito

0 0 1